Struktur Teks Drama Tradisional Ciri bahasa teks drama tradisional Pesan moral teks drama tradisional

Damarwulan lan Minak Jingga prang tandhing. Pungkasane Minak Jingga gugur ketaman Gada Wesi Kuninge dhewe. Epilog Wekasaning crita Damarwulan kasil ngalahake Adipati Minak Jingga saka Blambangan. Damarwulan uga kasil ngatasi prakara Layang Seta lan layang Kumitir kang nedya ngrampas bebana kang wus dijanjekake Ratu Ayu Kencana Wungu. Wiwit saka kuwi wis ora ana gegeran maneh ing antarane Majapait lan Blambangan. Minangka bebanane, Damarwulan dhaup karo Ratu Ayu Kencana Wungu lan sinengkakake ing ngaluhur dadi nata ing kraton Majapait kanthi gelar Prabu Brawijaya. Prabu Brawijaya lan Ratu Ayu Kencana urip mukti wibawa atut runtut lan ngembani kraton Majapait kanthi adil wicaksana. Kraton Majapait dadi kraton kang gemah ripah loh jinawi tata tentrem kerta raharja. Sumber: http:fozankbm.blogspot.com

2. Struktur Teks Drama Tradisional

Bageyan-bageyan teks drama tradisional yaiku: 1. Orientasi : para paraga dikenalake watake, uga pandhapuke ing drama 2. Komplikasi: para paraga diadhepake ing prakara konflik dhewe-dhewe nganti klimaks. 3. Resolusi: para paraga wis nemokake cara kanggo ngrampungake prakarane peleraian. 4. Koda: pesen utawa nilai-nilai moral kang disampekake marang para pamiarsa. Struktur teks drama tradisional, yen kapilah ing bagan, kaya ing ngisor iki.

3. Ciri bahasa teks drama tradisional

Ciri-ciri basa drama tradisional ing lakon Damarwulan kayata: 1. Drama tradisional Damarwulan settinge ing kraton, mula basa sing digunakake kalebu basa kedhatonan utawa basa ing tlatah kraton. Tuladha:  Sendika dhawuh, Kanjeng Ratu. Drama Komplikasi Orientasi Resolusi Koda Ukara kasebut basa sing digunakake patih marang ratune bisa uga abdi marang bendarane.  Nyuwun pangapunten Gusti, kula boten sagah ndherek, kula boten kiyat nandingi kadigdayanipun Minak Jingga. Ukara ing dhuwur ana tembung Gusti, senajan gusti ing kene dudu ateges ratu, ananging nuduhake manawa wong sing diarani gusti duwe kalungguhan luwih dhuwur. 2. Drama tradisional Damarwulan minangka drama tradisional saka tlatah Jawa Timur mula ana basa sing nuduhake dialek Jawa Timur. Tuladha:  Awakmu iki sapa, wani-wanine mlebu ing keputren Blambangan ora pamit? Ing sajroning ukara ing dhuwur ana tembung awakmu, temibung awakmu kalebu dialek Jawa Timur amarga basa Jawa bakune yaiku tembung kowe.

4. Pesan moral teks drama tradisional

Peserta didik diminta untuk menemukan pesan moral yang terkandung dalam teks drama tradisional Damarwulan. Golekana lan andharna pesen moral kang kinadhut ing sajroning teks drama tradisional kanthi irah-irahan “Damarwulan” ing dhuwur 5. Teknik menulis skenario teks drama tradisional Bab-bab sing kudu digatekake nalika nulis teks drama tradisional 1. Temtokna sawijining tema. 2. Temtokna crita apa kang bakal kokdadekake drama. 3. Milih paraga lan watak kang selaras karo paraga lan watak ing crita 4. Nemtokake alur, papan carita. 5. Gawe adegan lan dialog saka paraga. 6. Sawise teks drama wis dadi banjur talitinen maneh, lan manawa ana sing kurang trep bisa diowahi sadurunge ditampilake. 6. Teknik bermain peran drama tradisional Bab-bab kang kudu digatekake sadurunge maragake sawijining paraga ing drama yaiku: 1. Nggatekake blocking nalika ing panggung. 2. Nggatekake swara vokal: a. swara kudu bisa dirungokake pamiarsa b. tembung-tembunge kudu cetha c. ora monoton 3. Nggatekake artikulasi, tembung-tembung kang diunekake kudu cetha, saengga pamiarsa bisa ngerti maksude. 4. Nggatekake intonasi yaiku tekanan-tekanan kang diwenehake ing tembung utawa dialog. 5. Nggatekake mimik utawa ekspresi supaya luwih menghayati paraga kang diperagakake.

E. Pendekatan, Model, dan Metode Pembelajaran