NILAI NILAI LUHUR YANG TERKANDUNG DALAM

NILAI-NILAI LUHUR YANG TERKANDUNG DALAM SERAT NITIPRANA
KARYA YASADIPURA
Oleh :
Andi Febrianto

(11020114218)

Hamdan Syauqi

(11020114213)

Alfian Rofiqi

(11020114230)

A. PURWAKA
Sastra kalebu karya kang dumadi saka pamikirane pawongan sing sekabehane iku
kajupuk saka kadedayan-kadadeyan sabendinane pangripta lan uga saka critane wong liya. Sastra
yaiku wujud lan asil pakaryan seni kreatif kang obyeke yaiku manungsa lan panguripane lan
nggunakake basa kang dadi mediume (Semi, 1998:8). Mula ana kang ngandharake yen sastra iku
kaca benggalane kedadeyan masyarakat ing jaman iku. Mula saka iku saben karya sastra mesthi

nduweni ciri lan sabanjure bisa diteliti saka ngendi sastra iku, nggambarake kadadeyan ngendi
sastra iku lan sapanunggalane. Ndonya iku sayektine kasusun saka sesambungan-sesambungan
kang bisa nggawe endahing wujud. Sajrone sesambungan iku saben unsur nduweni makna lan
ora lali saben unsur iku ana sesambungane maksud karo unsur liyane, dadi bisa kadudut yen
unsur-unsur iku ora bisa nduweni makna dhewe kang ngadek ananging nduweni sesambungan
karo liyane kang ana sajrone struktur.
Ancasing panliten iki kanggo ngerteni ngenani biografi saka Yasadipura, serat menak
Kustub kang njinglengi ngenani paraga Amir Ambyah kang nduweni kadigdayan kang
linuwih.Panliten iki nggunakake metode historis kang akeh sumbere antuk saka internet.teknik
analisis data iki nggunakake analisis historis lan kritik sastra. Kritik sastrane ana ing isi saka
serat saka Yasadipura mligine serat Menak.

B. ANDHARAN
Ing ngisor bakal kajlentrehake ngenani teori kang digawe ana sajrone panliten iki.
1. Biografi Yasadipura
Raden Ngabei Yasadipura Tus Pajang utawa biasa kasebut Yasadipura I lair taun 1729 lan
seda taun 1802. Yasadipura pujangga saka Kasunananan Surakarta kang ana awit ngadeke
kerajaan iku.Jeneng asli saka Yasadipura yaiku Bagus Banjar, putra Tumenggung Padmanegara
bupati Pekalongan. Kang rama isih kalebu tedhak turune Sultan Hadiwijaya raja Pajang. Cilikane
Yasadipura I nate meguru marang Kyai Honggomoyo salasawijining ulama saka padepokan

Magelang.
Yasadipura I nduweni kalungguhan minangka pujangga nalika jamane Pakubuwana III
lan Pakubuwana IV. pannggonane diarani Yasadipuran, banjur diwarisake marang putrane dan
nduweni gelar Yasadipura II.
Yasadipura I tilar ndonya taun 1802 kang uga minangka taun laire putune kang jenenge
Ranggawarsita.ing mbesuke Ranggawarsita kang marisi kapujanggan Yasadipuran saka mbahe
Yasadipura II. Yasadipura I disarekake ing tlatah Pengging, sawetara 15 Km kulone Surakarta.
Asil reriptane Yasadipura I
Yasadipura dianggep minangka pujangga gedhe ing pulo Jawa nalika abad ke18.Panjenengane ngasilake asil reriptan karya sastra kang nduweni nilai dhuwur.papat karya
kang kawentar yaiku minangka saduran saka karya sastra Basa Jawa Kuna kawentar, yaiku :
1.

Serat Rama minangka sadhuran saka Kakawin Ramayana.

2.

Serat Bratayuda minangka sadhuran saka Kakawin Bharatayuddha

3.


Serat Mintaraga minangka sadhuran saka Kakawin Arjuna Wiwaha.

4.

Serat Arjuna Sasrabahu minangka sadhuran saka Kakawin Arjuna Wijaya

Nanging serat iki bakal nganalisis sanjabane serat papa ting ndhuwur kang ngenani serat
pewanyangan.Mula ing makalah iki bakal ngandharake ngenani serat Nitiprana kang uga
minangka anggitane Yasadipura.Dene kang ditliti yaiku ngenani nilai-nilai luhur kang kinandhut
sajrone serat Nitiprana.
2. Nilai- Nilai Luhur Sajrone Serat Nitiprana
Ing ngisor iki bakal kaandharake ngenani nilai-nilai kang luhur sajrone serat
nitiparana.ana saperangan kang bakal diandharake lan iku jumbuh karo kasunyatane lelaku urip
ing ndonya iki.
2. 1 Njejegake Hukum lan Aturan Politik
Negara iku bisa jejeg upama hokum kang ana bisa dilakokake kanthi adil.Iku kaya kang
diandharake ana ing serat Nitiprana pupuh Dhandhanggula pada 2 kang kacuplik ing ngisor iki.

“ Kuwating nagara gegirisi/ kuwating sarak sabab rumeksa/ wajib ngreksa
hukum kabeh/ kukum pan kuwat kukuh/ angukuhi prakareng buri/ yen

mangkono ta padha/ wedia mring kukum/ patrapna yudanagara/yen ketemu
karone dadia becik/ becik slamet raharja// ”

Cuplika kang ana ing ndhuwur ngandharake yen negara iku bisa jejeg yen bisa lan wajib
ngreksa hukum kanthi sekabehane lan ora mbedakbedakake. Lan aja lali nglakokake
“yudanegara (politik)” lan njumbuhake karo hukume. kabeh kudu dilakokake kanthi adil lan
bebarengan, kaya kang katulis “yen ketemu karono dadia becik”.

2. Nganut Ajarane Para Ulama
Masyarakat Jawa ing lelakune urip manggonake ulama minangka guru amarga nduweni
kaluwihan ing babagan ngilmu.Ajaran kang diandharake dening para ulama didadekake
pedoman ing lelakune urip. Iki kaya kang katulis ana ing serat nitiprana ing pada 3 kang kacuplik
ana ing ngisor iki :

“ Lah punika sarjuning kang nulis/ mantheng ing tyas susetya ngulama/
nglapasken panggraitane/ graitane wong punggung/ anggung gawe
agunggung dhiri/ dhirinira keweran/ tan weruh ing kawruh/ warah wuruk pan
tinerak/ nerak sarak nora wande nemu sarik/ rusuh rusak keprangkat// “

Saka cuplikan kang ana ing ndhuwur cetha banget pangripta mantheng ing tyas susetya

ngulama yaiku prasetya marang ngulama lan prasetyane saka ati. Lan sapa kang ora mituhu
marang ulama, nerak apa wae kang didhawuhi bakal rusak sekabehane. Lan wong sing ora ngerti
marang ilmu lan amung sombong iku tandhane wong kang punggung (bodho).

3. Nduweni sipat seneng ngapura marang kaluputane liyan.

Ing serat Nitiprana uga ngandharake ngenai pawongan kang seneng ngapura marang
liyan.Iku katulis ana serat Nitiprana ing pupuh dhandhanggula pada 7 kaya kang kacuplik ing
ngisor iki.

“Jroning Kitab Sipatul Ngulaki/ tandhaning wong kang kurang budinya/ ana
pratandha awake/ solah pangucapipun/ kang kanggonan jatining budi/ yen
katekanan balak/ ing sariranipun/ winales ing kabecikan/ mring kabuka
marang ing sasami-sami/ wong luput ingapura//”

Saka cuplike kang katulis ing ndhuwur ngandharake yen nduweni budi kang apik upama
dilarani pawongan dibales kebecikan lan bisa ngapurani pawongan sing nglarani iku.

4. Sabar dan Iklas
Sabar lan iklas uga diandharake ana ing serat Nitiprana ing pada 16 kaya ing kacuplik ing

ngisor iki:

“Wong kang sampun binuka ing ngelmi/ datan ana ingkang kinareman/ amung
madhep ing nguripe/ ngreksa sakehing lacut/ laku sabar madhep ing Gusti/
tan arsa dhinginana/ Karsaning Hyang Agung/ tan duwe daya upaya/ amung
rila mring Hyang ingkang Mahasukci/ iku tekad kang nyata”

Saka cuplikan kang ana ing ndhuwur nerangake wong sing wis ngerti lan kabuki ana
ngilmu ora ana kang disenengi amung njaga marang lakune urip. Nglakokake laku sabar

lanmituhu marang dhawuhe Gusti. Ora ndhisiki kersane gusti dadi bisa ditegesi yen pasrah
marang kersane Gusti.

5. SregepNgibadah
Sregep ngibadahlan manembah ing ngarsane Gustiuga ana ing serat Nitiprana ing pada 19 kaya
kang kacuplik ing ngisor iki.

“Antepana denira ngabekti/ miwah pasa ing sakira-kira/ lungguh pitekur lan
melek/ kibir sumungah ujub/ iya iku utangen kaki/ adohna kang ngabetah/
drubiksa tetelu/ iku panggodhaning manah/ yeku angel pambuwange iku kaki/

kudu kraket kewala//”

Saka cuplikan ing ndhuwur bisa diandharake yen kudu ngantepi ing ngabekti kayata pasa,
tafakur lan betah melek. betah melek ing kene yaiku seneng dzikir lan nglakoni babagan
kebecikan. lan kudu nyingkirake sombong lan sekabehane patrap kanga la senadyan pancen
angel lan abot.

D. Kesimpulan
Sajrone Serat Nitiprana anggitane Yasadipura ngandhut nilai-nilai luhur kang patut
dituladhani. Saka nilai-nilai kang kinandhut sajrone serat Nitiprana yaiku njejegake ukum lan
paugeran politik, Nganut Ajarane Para Ulama, Nduweni sipat seneng ngapura marang kaluputane
liyan, Sabar lan eklas, sregep ngibadah. Nilai-nilai luhur kang kinandhut sajrone serat Nitiprana
mbuktekake yen serat Nitiprana ngandhut piwulang kang pantes dituladhani lan didadekake
panutan sajrone nglakoni urip bebrayan ing masyarakat.