28 supados  masarakat  pamaos  saged  langkung  sae  anggenipun  tumindak  ing
pagesangan masarakat. Novel
Dhayoh  Bengi  Sangu  Maesan
inggih  menika  novel  anggitanipun Esmiet  ingkang  nyariyosaken  babagan  mistik  ingkang  kenthel  sanget  saking
wiwitan  dumugi  pungkasan.  Novel  menika  kadhapuk  saking  kalihwelas  bab, wolungdasa kaca. Meh saben irah
– irahan wonten ing bab-ipun ngemot babagan mistik. Bab
– babipun inggih menika Jerit Magrib, Swara Baung, Lintang Wengi, Swara  Kubur,  Siluman  Pulo  Kambang,  Butuh  Nyawa,  Kenya  Rukmi,  Angin
Puputan, Nglari Ilange Sesotya, Akik Widuri  Lumut, Dhayoh Bengi, saha Sangu Maesan.
F. Panaliten ingkang Gayut
Panaliten  menika  gayut  kaliyan  panaliten  ingkang  dipunlampahi  dening Ratnaningsih    2007  inggih  menika  babagan  Ajaran  Mistik  Islam
–  Kejawen wonten ing Naskah  Karepe Carakan Mujur  Lan  Dibalik. Panaliten menika  gayut
amargi  sami –  sami  nliti  babagan  mistik.  Bedanipun  inggih  menika  menawi
Ratnaningsih  nliti  ajaran  mistik  Islam –  kejawen  ingkang  wonten  ing  naskah,
ananging panaliten menika nliti  babagan unsur mistik magis ingkang wonten ing novel
Dhayoh Bengi Sangu Maesan
anggitanipun Esmiet.
29
BAB III CARA PANALITEN
A. Jinising Panaliten
Jinising  panaliten  ingkang  gadhah  irah –  irahan
Unsur  Mistik  Magis  ing Novel  Dhayoh  Bengi  Sangu  Maesan  Anggitanipun  Esmiet
inggih  menika panaliten  deskriptif.
Miturut  pamanggihipun  Semi  1993:24  panaliten  ingkang deskriptif  tegesipun  data
– data kaandharaken mawi wujud tembung  –  tembung utawi  gambar
–  gambar,  sanes  wujud  angka  -  angka.  Data  umumipun  awujud seratan, foto
– foto,
rekaman, dokumen, memoranda
, utawi seratan – seratan resmi
sanesipun.  Panaliten  menika  ngupaya  ngandharaken  kahanan  utawi  prastawa ingkang  wonten  ing  novel.  Panaliten  ingkang  dipunlampahi  dening  panaliti
migunakaken
pendekatan
sosiologi  sastra.
Pendekatan
menika  dipunginakaken kangge  mangertosi  karya  sastra  ingkang  wonten  gegayutanipun  kaliyan  tiyang
saha masarakat utawi sosial. Panaliten  menika  gadhah  ancas  kangge  ngandharaken  unsur
– unsur mistik ingkang  wonten  ing  novel
Dhayoh  Bengi  Sangu  Maesan
anggitanipun  Esmiet. Panaliten  menika  dipunlampahi  kanthi  ngempalaken  data,  lajeng  dipunanalisis
kanthi  ancas  kangge  manggihaken  saha  ngandharaken  unsur –  unsur  mistik
ingkang wonten ing novel
Dhayoh Bengi Sangu Maesan
anggitanipun Esmiet.
B. Data lan Sumbering Data
Data  ingkang  dipunkaji  wonten  ing  panaliten  menika  arupi  narasi, pacelathon  saking  paraga  wonten  ing  novel,  ingkang  wonten  gegayutanipun
30 kaliyan  gambaran  unsur  mistik.  Sumbering  data  panalitenipun  menika  novel
ingkang gadhah irah - irahan
Dhayoh Bengi Sangu Maesan
anggitanipun Esmiet, ingkang  dipunanggit  wonten  ing  taun  1975.  Novel  ingkang  kadhapuk  saking
kalihwelas  bab,  saha  wolungdasa  kaca.  Bab –  babipun  inggih  menika  Jerit
Magrib,  Swara  Baung,  Lintang  Wengi,  Swara  Kubur,  Siluman  Pulo  Kambang, Butuh Nyawa, Kenya Rukmi, Angin Puputan, Nglari Ilange Sesotya, Akik Widuri
Lumut, Dhayoh Bengi, saha Sangu Maesan.
C. Caranipin Ngempalaken Data
Caranipun  ngempalaken  data  wonten  ing  panaliten  inggih  menika  kanthi teknik maos saha nyerat. Saderengipun saged nyerat indikator
– indikator ingkang nedahaken  unsur  mistik,  dipunlampahi  teknik  maos  rumiyin  supados  mangertos
wosing  novel  menika.  Teknik  maos  katindakaken  kanthi  makaping –  kaping
wonten  ing
Novel  Dhayoh  Bengi  Sangu  Maesan
anggitanipun  Esmiet. Anggenipun  maos  novel,  dipunsarengi  kaliyan  maringi  tandha  wonten  ing
indikator – indikator ingkang nedahaken wontenipun unsur mistik magisipun.
Dene  teknik  nyerat  menika  dipuntindakaken  kanthi  nyerat  sedaya  ingkang dados  indikator
–  indikator ingkang nedahaken  wontenipun unsur mistik magis, ingkang  sampun  dipuntandhani  wekdal  maos  novel  menika.  Sasampunipun
nyerat,  data  ingkang  sampun  dipunkempalaken  lajeng  dipunpantha –  pantha
jumbuh  kaliyan  unsur  mistikipun,  ingkang  salajengipun  dipunparingi  kode piyambak
– piyambak ingkang urutan ing kertu data.