9
BAB II GEGARAN TEORI
A. Sosiologi Sastra
Sosiologi sastra
menika kadhapuk saking kalih tembung, inggih menika
sosiologi
kaliyan sastra. Miturut Ratna 2003:1
sosiologi
asalipun saking basa Yunani, inggih menika saking tembung
socius
ingkang tegesipun menika masarakat, dene
logos
menika tegesipun ngelmu. Dados
, sosiologi
inggih menika ngelmu ngengingi
asal
–
usul
saha ngrembakanipun masarakat, ngelmu ingkang nyinaoni sedaya
jaringan
gegayutan antawisipun tiyang wonten ing masarakat, sipatipun umum,
rasional
, saha
empiris.
Damono wonten ing Endraswara 2011:2 ngandharaken bilih
sosiologi
inggih menika
studi objektif
saha
ilmiah
babagan tiyang wonten ing masarakat,
telaah
ngengingi
lembaga
saha
proses sosial.
Ratna 2003:1 kagungan pamanggih bilih sastra menika asalipun saking basa sansekerta, inggih menika saking tembung
sas
ingkang tegesipun ngarahaken, mucal, paring pitedah saha
instruksi.
Dene
tra
tegesipun inggih menika piranti, sarana. Dados, sastra mengku teges seperangkat piranti kangge
mucal, buku pitedah utawi buku pamucalan ingkang sae. Makna saking tembung sastra langkung
spesifik
saksampunipun maujud dados tembung
jadian,
inggih menika kasusastran, kasusastran tegesipun menika kempalan saking asiling
anggitan ingkang sae.
10 Miturut Endraswara 2011:3 sastra menika wonten gayutipun kaliyan
tiyang wonten ing masarakat saha budidaya tiyang kangge
adaptasi
lan budidayanipun kangge ngubah masarakat. Sosiologi saha sastra gadhah objek
kajian ingkang sami, inggih menika tiyang wonten ing masarakat, mangertosi gegayutan
– gegayutan antawisipun tiyang saha
proses
ingkang medal saking gegayutan menika wonten ing masarakat.
Damono 1978:1 ugi kagungan pamanggih bilih sastra inggih menika
lembaga sosial
ingkang migunakaken basa minangka sarananipun, basa menika ugi karya
sosial.
Karya sastra dipundamel dening sastrawan supados tiyang –
tiyang masarakat saged migunakaken karya menika. Sastrawan ugi kalebet
anggota
masarakat, piyambakipun ugi kaiket dening
status sosial
tartamtu. Saking pamanggih ing nginggil saged dipunmangertosi bilih sosiologi
menika ngelmi ingkang nyinaoni tiyang wonten ing masarakat. Dene sastra inggih menika karya saking sastrawan ingkang saged paring piwucalan dhumateng
masarakat kanthi sarana basa sinerat utawi basa ingkang boten sinerat. Dados, antawisipun sosiologi saha sastra menika gadhah objek kajian ingkang sami,
inggih menika tiyang ing masarakat. Dados,
sosiologi sastra
menika ngelmi ingkang
memanfaatkan factor social
minangka
pembangun sastra
Endraswara, 2011:5,
.
Karya sastra dipunanggit ningali saking kawontenan kasunyatan wonten ing masarakat sosial. Dados, karya
sastra boten saged uwal saking kasunyatan
sosial
ingkang dumados wonten ing masarakat,
faktor
menika dados nyawaning karya ingkang dipunserat dening panganggit.