Jinising Panaliten Data lan Sumbering Data

31

D. Pirantining Panaliten

Pirantining panaliten ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten menika panaliti piyambak ingkang dipunbiyantu kaliyan kertu data ingkang wujudipun tabel. Panaliti menika minangka tiyang ingkang maos data, madosi data, ngidentifikasi data, saha nganalisis data, ingkang boten saged dipungantos dening tiyang sanes. Saben data ingkang jinisipin sami dipunserat wonten ing kertu data sejenis ugi. Kegiatan menika dipunlampahi supados langkung gampil anggenipun ngklasifikasi data, saha nganalisisipun. Wujudipun kertu data kados ingkang kaserat ing ngandhap mawi tabel : Tabel 1. Unsur – unsur Mistik Magis No. data Kaca Irah – irahan Bab Indikator Wujud Unsur Mistik 1. 66 Akik Widuri Lumut - Akik iki wenehna marang Kenya sing kok tresnani iku. Sedhela engkas Kenya iku mesthi bakal nibakake pilihan marang kowe. Awit watu mustika iki ngandhut dayaning katresnan.- ngono kandhane wong tuwa sing dijaluki sraya supaya njiret atine Rukmi kanggo dheweke. Akik widuri lumut ingkang ngandhut dayaning katresnan

E. Caranipun Nganalisis Data

Caranipu nganalisis data wonten ing panaliten menika migunakaken cara analisis deskriptif. Analisis deskriptif dipunginakaken kangge ngandharaken kados pundi unsur mistik magis ingkang wonten ing novel Dhayoh Bengi Sangu 32 Maesan anggitanipun Esmiet. Cara anggenipun nganalisis data inggih menika kanthi cara pengidentifikasian, nyerat, pengkategorian, saha analisis . Pengidentifikasian menika dipunginakaken kangge ngidentifikasi data ingkang wonten ing novel, ingkang wonten gegayutanipun kaliyan unsur mistik magis. Sasampunipun dipunidentifikasi, data ingkang sampun kapanggihaken lajeng dipunserat sedaya. Data ingkang sampun kaserat lajeng dipunpantha – pantha miturut kategorinipun piyambak – piyambak. Data ingkang gadhah unsur ingkang sami, dipunlebetaken dados setunggal kategori wonten ing kertu data sejenis ugi. Salajengipun inggih menika nganalisis data ingkang wonten ing kertu data, kanthi ngandharaken data menika.

F. Caranipun Ngesahaken Data

Anggenipun ngesahaken data panaliten inggih menika kanthi migunakaken cara validitas saha reliabilitas. Validitas ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten inggih menika validitas semantik. Validitas semantik katindakaken kanthi cara njumbuhaken data – data adhedhasar konteks ukara. Data – data menika saged dipunmangertosi saking indikator – indikatoripun, ingkang nedahaken wontenipun unsur mistik magis. Reliabilitas ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten inggih menika reliabilitas intraratter saha reliabilitas interrater. Reliabilitas intrarater menika panaliten dipunlampahi kanthi cara maos saha nliti subjek panaliten kanthi makaping – kaping ngantos dumugi ngasilaken data ingkang konsisten. Dene, reliabilitas interrater menika reliabilitas ingkang dipunlampahi dening antar