96
a. meditasi.
Bima ingkang gadhah kaprigelan ingkang inggil nglampahi semadi kangge nyingkiraken babagan gaib ingkang boten sae. Kangge njagi saking roh alus
supados boten ganggu, tiyang biasanipun nglampahi ritual. Salah satunggalipun inggih menika semadi ingkang kalebet ritual-spiritual. Semadi menika
dipunlampahi kanthi teguhing manah. Saking sarana semadi, tiyang saged mlebet ing kosmos saha ngangsalaken
kekuasaan
saha
ilham
saking kekiatan – kakiatan ingkang langkung inggil, tiyang
menika ugi saged gegayutan kaliyan babagan ingkang
adiduniawi
ingkang langkung andhap, kados arwah para luhur, paraga
– paraga wayang, memedi,
malaikat
, dewa, saha roh – roh Mulder, 1983:26. Saksampunipun Bima semadi,
swanten – swanten nggegirisi lajeng ical. Menika saged ketingal saking cuplikan
data ing ngandhap menika :
Bima mapan semadi ngudal prabawaning kemayan kanggo nyingkirake kang asipat duraka. Sauntara iku swara mbenginging keprungu maneh.
Nanging saya suwe saya lirih, terus ilang babarpisan.
Saking andharan ing nginggil, saged dipunmangertosi bilih swanten –
swanten ingkang dipunpireng dening Bima menika swantenipun roh alus. Roh alus kangge masarakat Jawi menika kalebet tiyang
– tiyang ingkang sampun seda nanging boten sampurna. Kangge nyingkiraken ingkang sipatipun boten sae, Bima
lajeng mapan semadi. Budidaya ingkang dipunlampahi Bima kasil, awit swanten –
swanten menika saged ical sedaya.
97 Sanesipun kangge nyingkiraken swanten gaib, Bima migunakaken mistik
magis kangge njampeni bu Narpati ingkang kumat gerahipun. Gerahipun bu Narpati sanes gerah ingkang wajar, amargi piyambakipun dipunlebeti dening roh
alus. Kangge njampeni bu Narpati ingkang kados mekaten, Bima nglampahi semadi. Bima mapan semadi kangge ngawontenaken kontak batin kaliyan bu
Narpati. Kontak batin menika gadhah ancas supados bu Narpati saged eling. Sajatosipun tiyang ingkang nglampahi semadi menika kedahipun saged
musataken pikiranipun saha teguhing penggalih. Swasananipun ugi kedah tintrim, sepi, satemah tiyang menika saged kasil anggenipun nglampahi menapa ingkang
dipunkajengaken. Nanging, Bima boten saged
fokus
amargi pikiranipun cawang dhateng Lestari, satemah sedaya ingkang dipunlampahi Bima boten kasil.
Dina iki bu Narpati penyakite kumat. Pak Untara keplayu saka kamare ibune. Awit meruhi wong tuwa iku mendelik kaku karo untune kerot
– kerot. Cahyane biru mateng lan swarane kaya wong kesurupan dhemit sawah.
Bima nekad. Dheweke ora njagakake pitulungane Niken Retnani. Jalaran siluman iku wis nyuwak sesambungane karo Bima. Mung pituduhe Niken
dhek semana ditanjakake temenan. Polahe bu Narpati sing mbekos – mbekos
kaya kebo edan, mbeker – mbeker kaya kethek lanyakan ora dipaelu.
Dheweke sila ngedhepes ana ing pojok kamar. Dheweke nyoba nganakake kontak batin marang jiwa sarine bu Narpati. Dheweke
nggambarake ing angen
– angen marang sawijining prawan sunthi kang durung kalepatan dosa mawa citrane bu Narpati. Pancen
pegaweyan sing ora baen
– baen. Pegaweyan sing mbutuhake pamusataning pikir lan keteguhan jiwane. Eman dhek semana Bima
pikirane ora bisa tentrem. Batine tansah goreh. Awit dheweke urung nduweni kapercayan diri kang sampurna. Luwih
– luwih bareng dheweke rumangsa diinggati dening roh kang diendel
– endelake. Rohe Niken Retnani.
Kejaba saka iku, Lestari dhewe malah selot agawe ketir – ketiring atine
pemudha sing napak semadi iku.