Caranipin Ngempalaken Data Pirantining Panaliten Caranipun Nganalisis Data

32 Maesan anggitanipun Esmiet. Cara anggenipun nganalisis data inggih menika kanthi cara pengidentifikasian, nyerat, pengkategorian, saha analisis . Pengidentifikasian menika dipunginakaken kangge ngidentifikasi data ingkang wonten ing novel, ingkang wonten gegayutanipun kaliyan unsur mistik magis. Sasampunipun dipunidentifikasi, data ingkang sampun kapanggihaken lajeng dipunserat sedaya. Data ingkang sampun kaserat lajeng dipunpantha – pantha miturut kategorinipun piyambak – piyambak. Data ingkang gadhah unsur ingkang sami, dipunlebetaken dados setunggal kategori wonten ing kertu data sejenis ugi. Salajengipun inggih menika nganalisis data ingkang wonten ing kertu data, kanthi ngandharaken data menika.

F. Caranipun Ngesahaken Data

Anggenipun ngesahaken data panaliten inggih menika kanthi migunakaken cara validitas saha reliabilitas. Validitas ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten inggih menika validitas semantik. Validitas semantik katindakaken kanthi cara njumbuhaken data – data adhedhasar konteks ukara. Data – data menika saged dipunmangertosi saking indikator – indikatoripun, ingkang nedahaken wontenipun unsur mistik magis. Reliabilitas ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten inggih menika reliabilitas intraratter saha reliabilitas interrater. Reliabilitas intrarater menika panaliten dipunlampahi kanthi cara maos saha nliti subjek panaliten kanthi makaping – kaping ngantos dumugi ngasilaken data ingkang konsisten. Dene, reliabilitas interrater menika reliabilitas ingkang dipunlampahi dening antar 33 pengamat, ingkang dipunlampahi dening dosen sastra sekaligus dosen pembimbing. 34 BAB IV ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGAN

A. Asiling Panaliten

1. Ringkesaning cariyos

Novel kanthi irah – irahan Dhayoh Bengi Sangu Maesan menika salah satunggaling novel anggitanipun Esmiet. Novel menika mendhet setting wonten ing dhusun Sedayu saha kutha kecamatan Bangorejo, Jawa Timur. Novel ingkang kadhapuk saking 12 bab menika nyariosaken eksistensi wontenipun praktek mistik magis ingkang kenthel sanget. Praktek menika dipunlampahi dening Bima, mahasiswa ingkang gadhah kaprigelan ingkang inggil, saha minangka paraga tamanipun. Ringkesaning cariyos badhe dipunandharaken wonten ing ngandhap menika. Sakubengipun kebon sampun dipunjlajah dening Bima. Swanten cekikikan tiyang gumujeng ing brambongan kepireng dening Bima, nanging boten wonten tiyangipun. Nanging dereng ngantos tumindak, Bima dipunpurugi dening kenya manis pakulitan kuning. Piyambakipun dipunutus pak Untara supados madosi Bima kangge njampeni bu Narpati ingkang kumat gerahipun. Bu Narpati ingkang dipunadhepi sanes bu Narpati ingkang dipunpanggihi wekdal siang. Nalika Bima saweg njampeni bu Narpati, swanten jeriting tiyang kepireng saking njawi. Salajengipun Bima medal saking kamaripun bu Narpati, mangka piyambakipun boten angsal medal kamar saderengipun dipundhawuhi pak Untara. Pak Untara duka dhateng Bima.