30 kaliyan  gambaran  unsur  mistik.  Sumbering  data  panalitenipun  menika  novel
ingkang gadhah irah - irahan
Dhayoh Bengi Sangu Maesan
anggitanipun Esmiet, ingkang  dipunanggit  wonten  ing  taun  1975.  Novel  ingkang  kadhapuk  saking
kalihwelas  bab,  saha  wolungdasa  kaca.  Bab –  babipun  inggih  menika  Jerit
Magrib,  Swara  Baung,  Lintang  Wengi,  Swara  Kubur,  Siluman  Pulo  Kambang, Butuh Nyawa, Kenya Rukmi, Angin Puputan, Nglari Ilange Sesotya, Akik Widuri
Lumut, Dhayoh Bengi, saha Sangu Maesan.
C. Caranipin Ngempalaken Data
Caranipun  ngempalaken  data  wonten  ing  panaliten  inggih  menika  kanthi teknik maos saha nyerat. Saderengipun saged nyerat indikator
– indikator ingkang nedahaken  unsur  mistik,  dipunlampahi  teknik  maos  rumiyin  supados  mangertos
wosing  novel  menika.  Teknik  maos  katindakaken  kanthi  makaping –  kaping
wonten  ing
Novel  Dhayoh  Bengi  Sangu  Maesan
anggitanipun  Esmiet. Anggenipun  maos  novel,  dipunsarengi  kaliyan  maringi  tandha  wonten  ing
indikator – indikator ingkang nedahaken wontenipun unsur mistik magisipun.
Dene  teknik  nyerat  menika  dipuntindakaken  kanthi  nyerat  sedaya  ingkang dados  indikator
–  indikator ingkang nedahaken  wontenipun unsur mistik magis, ingkang  sampun  dipuntandhani  wekdal  maos  novel  menika.  Sasampunipun
nyerat,  data  ingkang  sampun  dipunkempalaken  lajeng  dipunpantha –  pantha
jumbuh  kaliyan  unsur  mistikipun,  ingkang  salajengipun  dipunparingi  kode piyambak
– piyambak ingkang urutan ing kertu data.
31
D. Pirantining Panaliten
Pirantining panaliten ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten menika panaliti  piyambak  ingkang  dipunbiyantu  kaliyan  kertu  data  ingkang  wujudipun
tabel.  Panaliti  menika  minangka  tiyang  ingkang  maos  data,  madosi  data, ngidentifikasi data, saha nganalisis data, ingkang boten saged dipungantos dening
tiyang sanes. Saben data ingkang jinisipin sami dipunserat wonten ing kertu data sejenis ugi.
Kegiatan
menika dipunlampahi supados langkung gampil anggenipun ngklasifikasi  data,  saha  nganalisisipun.  Wujudipun  kertu  data  kados  ingkang
kaserat  ing ngandhap mawi tabel :
Tabel 1. Unsur – unsur Mistik Magis
No. data
Kaca Irah
– irahan Bab
Indikator Wujud Unsur
Mistik 1.
66 Akik
Widuri Lumut
-
Akik  iki  wenehna  marang Kenya  sing  kok  tresnani
iku. Sedhela engkas Kenya iku mesthi bakal nibakake
pilihan
marang kowe.
Awit  watu  mustika  iki ngandhut
dayaning katresnan.-
ngono kandhane  wong  tuwa  sing
dijaluki
sraya supaya
njiret atine Rukmi kanggo dheweke.
Akik widuri
lumut ingkang
ngandhut dayaning
katresnan
E. Caranipun Nganalisis Data
Caranipu  nganalisis  data  wonten  ing  panaliten  menika  migunakaken  cara analisis  deskriptif.  Analisis  deskriptif  dipunginakaken  kangge  ngandharaken
kados  pundi  unsur mistik  magis  ingkang wonten ing novel
Dhayoh  Bengi  Sangu