Pangertosan UNSUR MISTIK MAGIS ING NOVEL DHAYOH BENGI SANGU MAESAN ANGGITANIPUN ESMIET.

10 Miturut Endraswara 2011:3 sastra menika wonten gayutipun kaliyan tiyang wonten ing masarakat saha budidaya tiyang kangge adaptasi lan budidayanipun kangge ngubah masarakat. Sosiologi saha sastra gadhah objek kajian ingkang sami, inggih menika tiyang wonten ing masarakat, mangertosi gegayutan – gegayutan antawisipun tiyang saha proses ingkang medal saking gegayutan menika wonten ing masarakat. Damono 1978:1 ugi kagungan pamanggih bilih sastra inggih menika lembaga sosial ingkang migunakaken basa minangka sarananipun, basa menika ugi karya sosial. Karya sastra dipundamel dening sastrawan supados tiyang – tiyang masarakat saged migunakaken karya menika. Sastrawan ugi kalebet anggota masarakat, piyambakipun ugi kaiket dening status sosial tartamtu. Saking pamanggih ing nginggil saged dipunmangertosi bilih sosiologi menika ngelmi ingkang nyinaoni tiyang wonten ing masarakat. Dene sastra inggih menika karya saking sastrawan ingkang saged paring piwucalan dhumateng masarakat kanthi sarana basa sinerat utawi basa ingkang boten sinerat. Dados, antawisipun sosiologi saha sastra menika gadhah objek kajian ingkang sami, inggih menika tiyang ing masarakat. Dados, sosiologi sastra menika ngelmi ingkang memanfaatkan factor social minangka pembangun sastra Endraswara, 2011:5, . Karya sastra dipunanggit ningali saking kawontenan kasunyatan wonten ing masarakat sosial. Dados, karya sastra boten saged uwal saking kasunyatan sosial ingkang dumados wonten ing masarakat, faktor menika dados nyawaning karya ingkang dipunserat dening panganggit. 11 Saking pamanggih dening ahli wonten ing nginggil, saged dipunpendhet dudutan bilih sosiologi sastra menika ngelmi ingkang nyinaoni masarakat wonten ing saklebeting karya sastra. Faktor sosial wonten ing karya sastra dados nyawanipun karya menika. Anggenipun ngkaji salah satunggaling karya sastra, sosiologi sastra mbetahaken ngelmu sanes kangge mbiyantu ngkaji karya menika. Miturut Damono wonten ing Wiyatmi 2013:1, sosiologi sastra asring dipunwastani minangka salah satunggaling pendekatan wonten ing kajian sastra ingkang mangertosi saha paring nile karya sastra kanthi tetimbangan segi – segi kemasarakatan social . Sosiologi sastra menika mangertosi karya sastra kanthi perpaduan ngelmu sastra saha ngelmu sosiologi. Miturut Damono 1978:2 wonten kalih kecenderungan utama wonten ing telaah sosiologis dhumateng sastra, inggih menika : a. pendekatan ingkang adhedhasar wonten ing pamanggih bilih sastra menika kaca proses sosial – ekonomis kemawon. Pendekatan menika jumangkah saking faktor – faktor ing njawi sastra kangge ngrembag sastra, sastra wonten regine namung wonten ing gegayutanipun kaliyan faktor – faktor ing saknjawining sastra menika. Awit saking menika, sampun cetha bilih wonten ing pendekatan menika teks sastra boten dipunanggep utama, teks menika namung epiphenomenon gejala ingkang kaping kalih . b. pendekatan ingkang nengenaken teks sastra minangka piranti kajian. Metode ingkang dipunginakaken wonten ing sosiologi sastra inggih menika analisis teks kangge mangertosi strukturipun, ingkang salajengipun dipunginakaken