Gegambaranipun paraga migunakaken paraga sanesipun

Frasa “guju iki” menika kawiwitan saking pangandikan antawisipun Ibukipun Karlina kaliyan Karlina. Nalika Karlina ngendika badhe mundhut rujak ing pak Tukimin amargi kirang vitamin R. Namung, ibukipun Karlina namung guyu kemawon. Ananging, Karlina rumaos beda ningali guyu saking ibukipun menika. Lajeng dipunsamekaken kaliyan nalika “penggalihe padhang kae”. Amargi bilih penggalih saking ibukipun taksih padhang menika nggadhahi guyu ingkang bening. Mila, pepindhan kasebat nggadhahi makna ingkang wonten gayut rapetipun babagan gegambaranipun solah migunakaken solah sanesipun. Inggih menika solahipun saking ibukipun Karlina nalikanipun taksih ngguyu. Tuladha sanesipun wonten ngandhap menika. 47 Wah, tenan-tenan aku wis narik kawigatene nganggo lukisanku. Tjelathune karo mesem bungah. Hem, olehmu anggak. Kok kaja pelukis besar bae. Ismaniasita, 1958: 128. Pethikan wonten ing nginggil “Hem, olehmu anggak. Kok kaja pelukis besar bae ” menika kapanggihaken tembung panandhing ingkang dening panganggit dipunserat mawi cara ingkang ekplisit. Tembung panandhingipun inggih menika tembung “kaja”. Dene bab ingkang katandhingaken inggih menika frasa “olehmu anggak”. Lajeng ingkang dados panandhingipun inggih menika frasa “pelukis besar”. Ukara ingkang kacithak kandhel menika nedahaken indikator pepindhan saking pethikan kasebat. Frasa “olehmu anggak” menika kawiwitan saking pangandikan antawisipun Retnadi kaliyan ibukipun. Nalika ibukipun ndawuhi Retnadi supados nliti resensi ing kalawarti. Ananging, Retnadi malah maringi wangsulan babagan lukisanipun ingkang dipuntawa dokter ingkang badhe mundhut. Retnadi ngendika bilih saestu- estu sampan narik kawigatosipun dokter kalawau ngangge lukisanipun. Kados mekaten pangandikanipun Retnadi kaliyan mesem bungah. Wangsulan saking Retnadi ingkang kalawau dening ibukipun dipunanggep anggak ingkang nggadhai teges gumedhe kaliyan umuk Baoesastra: 14. Dipungambaraken kaliyan frasa “pelukis besar”. Temtu kemawon bilih pelukis ingkang sampun misuwur menika nggadhahi lukisan sae sanget. Mila, pepindhan kasebat nggadhahi makna ingkang wonten gayut rapetipun babagan gegambaranipun solah migunakaken solah sanesipun. Inggih menika solahipun saking Retnadi ingkang gumedhe babagan lukisanipun. Ingkang sampun kaandharaken inggih menika gegambaranipun solah migunakaken solah sanesipun. Salajengipun badhe dipunrembag babagan makna sanesipun.

g. Gegambaranipun solah saha pangraosing manah

Menggah saking bab gegambaranipun makna pepindhan saking novel Kidung Wengi Ing Gunung Gamping anggitanipun St. Iesmaniasita, wonten ing mriki badhe dipunrembag ingkang pungkasan bab makna pepindhan saking novel Kidung Wengi Ing Gunung Gamping anggitanipun St. Iesmaniasita. Inggih menika babagan makna gegambaranipun solah saha pangraosing manah. Saking novel menika kapanggihaken tigang indikator ingkang saged kalebetaken wonten gegambaranipun solah saha pangraosing manah. 9 Kowe weruh? Gelemku teka lan kandhaku mau ming nglegani atimu. Ing mripatku kowe weruh? Andah ing mripatku persis kaja kembang- warung. Iesmaniasita, 1958: 33. Pethikan wonten ing nginggil “Andah ing mripatku persis kaja kembang- warung ” menika kapanggihaken tembung panandhing ingkang dening panganggit dipunserat mawi cara ingkang ekplisit. Tembung panandhingipun inggih menika tembung “kaja”. Dene bab ingkang katandhingaken inggih menika frasa “Andah ing mripatku ”. Lajeng ingkang dados panandhingipun inggih menika frasa “kembang warung”. Ukara ingkang kacithak kandhel menika nedahaken indikator pepindhan saking pethikan kasebat. Frasa “Andah ing mripatku” menika nedahaken pangandikan saking Danu, ingkang tresna dhateng ju Andah. Nanging ju Andah menika boten remen dhateng mas Danu. Lajeng nalikapun tigang paraga menika ingkang asma mas Danu, ju Andah, kaliyan mas Tok pepanggihan sedaya, mas Danu boten saged nrima kawontenan. Tigang paraga wau kagubet ing tresna segitiga. Lajeng mas Danu kaliyan mas Tok gelut. Mas Tok minangka Perwira Militer mbeta pistul, ananging saged dipunrebut dening Danu. Danu kanthi ngendika bilih “Andah ing mripatku persis kaja kembang warung ”. Pepindhan kasebat saged kalebetaken ing makna gegambaranipun solah saha pangraosing manah amargi frasa “Andah ing mripatku ” menika nedahaken anggenipun mas Danu ningali paraga ju Andah. Lajeng ingkang dados panadhingipun inggih menika “kembang warung”. Frasa “kembang warung” menika nedahaken saking pangaraosipun mas Danu dhateng ju Andah. Mas Danu nganggep bilih ju Andah menika kados kembang warung ingkang ngadhahi teges kembanging manah saking mas Danu. Mila, saking