ngendika, bilih piyambakipun saestu-estu setya dhateng Krisna minangka garwanipun menika.
Sakderengipun tindhak, Ila namung nilar serat ing meja. Nalikanipun Ibukipun Ila maos, ibukipun kaget. Boten kanyana, bilih Ila ngantos nekat kados
mekaten. Inti seratipun ngandharaken babagan raos manahipun Ila dhateng Krisno ingkang tansah setya marang katresnanipun. Nalikanipun Krisno sampun bebas,
lajeng kondur wonten ing dalemipun maratuwanipun Krisno, piyambakipun ugi kaget nampi warta saking ibukipun Karlina. Manahipun Krisno sedhih sanget.
Krisno ngantos madosi Ila mapinten-pinten dinten. Ananging boten saged kapangihaken Ilanipun.
7. Ing Sunaring Rembulan
Cariyos kanthi irah-irahan menika paling ringkes, anannging ugi paling susah anggenipun dipunmangertosi. Ananging, saged dipunandharaken kados
mekaten. Ibu saking paraga Retnadi ingkang ngengken Retnadi miwiti nliti resesnsi-resensi surat kabar. Ananging wangsulan saking Retnadi menika enteng
kemawon. Malah kanthi gumedhe, piyambakipun cariyos bilih lukisanipun sampun dipuntawa Dokter kanthi regi ingkang awis sanget. Pancinipun lukisan
saking Retnadi menika sae sanget. Lajeng ing sawijining dalu, ing tengahipun sunar rembulan, Retnadi ingkag niat badhe nggambar donya ing wanci dalu,
wonten tiyang jaler ingkang ngampiri Retnadi. Tiyang jaler menika asmanipun Surja. Surja, priya ingkang rumiyen nate dados Tentara Pelajar sareng kaliyan
Retnadi nyuwun dipunlukisaken dening Retnadi.
Saking kadadosan menika, Surja kathah cariyos babagan rumiyen nalikanipun taksih dados Tentara Pelajar sareng Retnadi. Surja menika estunipun
sampun remen kaliyan Retnadi. Ananging, Surja boten saged ngandharaken pangraosipun dhateng Retnadi kalawau. Amargi Surj anginten bilih Retnadi
menika nggadhahi sesambetan kaliyan Nanto. Surja ngraos boten sekeca bilih ganggu sesambetanipun Retnadi kaliyan Nanto. Ananging, sawijining dinten,
nalikanipun Surja badhe maringi sekar mawar dhateng Surja, malah astanipun Djuwito ingkang dipungemgem.
Salajengipun, dumadakan ibukipun Retnadi rawuh wonten mriku. Kaliyan taken dhateng Retnadi, Kok ora tangi? Retnadi kanthi nggeget lambenipun,
enggal-enggal menyat saking dipan. Jebulanipun, sedaya kalawau namung impen ing sarenipun Retnadi wau dalu.
8. Ing Sawidjining Wengi
Cariyos menika ingkang pungkasan. Ingkang nyariosaken paraga Iesmaniasita. Nalikanipun ing wanci sonten, parag Iesmaniasita dipuncegat
kaliyan mas Nu. Salah satunggaling priya ingkang rumiyen nate natoni manahipun Iesmaniasita. Amargi malah milih wanita sanesipun. Ananging,
wonten ing mriku, Wisnikuntjara badhe nyuwun pangapunten bilih timindakipun rumiyen klentu. Ananging, Iesmaniasita menika sampun boten saged paring
pangapunten dhateng Wisnu. Senadyan manahipun Iesmaniasita piyambak estunipun taksih remen kaliyan Wisnukuntjara. Iesmaniasita milih nilar Wisnu
wonten mriku.