Panaliten Ingkang Jumbuh GEGARAN TEORI

28

BAB III CARANIPUN PANALITEN

A. Jinising Panaliten

Panaliten babagan pepindhan ing novel Kidung Wengi ing Gunung Gamping menika kalebet panaliten deskriptif mawi cara analisis stilistika. Panaliten menika dipunkaji mawi teknik deskriptif amargi dhata ingkang dipunkempalaken awujud frasa, klausa lan ukara-ukara ingkang ngandhut pepindhan. Metode deskriptif analisis saged dipunlampahi kanthi nggabungaken kalih metode ingkang jumbuh. Motode menika dipuntindakaken kanthi cara ngrembag fakta-fakta ingkang salajengipun dipunandharaken kanthi cetha. Ananging, anggenipun ngrembag, boten namung ngandharaken kemawon, ugi saged paring pangertosan ingkang cekap Ratna, 2004: 53. Panaliten menika dipunlampahi kanthi ngempalaken ndhata lajeng dipunanalisis mawi metode deskriptif lan cara analisis stilistika kanthi ancas kangge ngandharake nwujud saha makna pepindhan wonten ing novel Kidung Wengi ing Gunung Gamping. Dhata ing panaliten menika awujud frasa, klausa lan ukara-ukara ingkang ngandhut pepindhan.

B. Subjek lan Objek Panaliten

Subjek ing panaliten menika awujud novel Kidung Wengi ing Gunung Gamping anggitanipun St. Iesmaniasita. Novel menika dumadi saking 150 kaca, ingkang dipuncithak dening penerbit Dinas Penerbitan Balai Pustaka rikala taun 1958. Dene objekipun, inggih menika awujud pepindhan ing novel Kidung Wengi ing Gunung Gamping anggitanipun St. Iesmaniasita. Sistem ejaan ing novel menika dereng ngginakaken Sistem Ejaan yang Disempurnakan. Dene ing panyeratan tumrap dhata ingkang kapanggihaken ing novel ugi kaserat menapa wontenipun, nanging wonten sakedhik ingkang radi beda, inggih menika fonem ә ungelipun ê pepet ing novel, kaserat mawi aksara e; fonem e ungelipun é taling ing novel, kaserat mawi aksara e;fonem ε ungelipun è taling ing novel, kaserat mawi aksara e. Kajawi menika aksara ḍing novel, kaserat dh saha aksara ṭ ing novel, kaserat th. Bab menika kajumbuhaken kalihan Ejaan Bahasa Jawa yang Disempurnakan.

C. Cara Ngempalaken Dhata

Cara anggenipun ngempalaken dhata ing panaliten menika mawi cara maos saha nyathet nyerat. Cara maos, inggih menika maos novel Kidung Wengi ing Gunung Gamping kanthi premati saha tliti. Anggenipun maos boten namung sepisan ananging dipunambali ngantos pikantuk dhata ingkang leres, inggih dhata ingkang ngandhut pepindhan. Nalika nglampahi ngempalalen dhata mawi cara maos, panaliti ugi sampun nglampahi identifikasi tumrap dhata ingang kalebet ing pepindhan. Salajengipun dhata ingkang sampun kapanggihaken dipunserat ing kertu dhata ingkang sampun kasamaktakaken. Ing panaliten menika, dhata awujud pepindhan wonten ing novel Kidung Wengi ing Gunung Gamping. Supados langkung cetha malih kados pundi anggenipun ngempalaken dhata, menika badhe dipunandharaken kados mekaten.