Paedahing Panaliten Pangertosan PURWAKA
bilih dipuntingali saking struktur lairipun nggandhahi tandha-tandha bilih objek menika kalebet wonten perangan stilistika.
Pamanggih sanes ngengingi pangertosan stilistika kaandharaken dening Panuti Sudjiman 1993: 3, ingkang ngandharaken stilistika menika nliti caranipun
panganggit ngginakaken unsur utawi paugeran ingkang wonten ing basa lan efek ingkang dipunasilaken. Stilistika menika ugi nliti ciri khas basa ing karya sastra.
Satemah ingkang dados wosing pamanggihipun Sudjiman, inggih menika bilih stilistika minangka ilmu ingkang nliti basa-basa ingkang sipatipun puitik. Dene
basa-basa ingkang gadhah sipat puitik kalawau asring dipunpanggihaken ing salebeting karya sastra.
Kados ingkang sampun dipunandharaken dening para ahli ing nginggil, bilih stilistika menika minangka ilmu ingkang ngrembag bab style utawi gaya bahasa.
Dene umumipun bab-bab ingkang dipunrembang ing panaliten stilistika, inggih menika diksi, struktur kalimat, majas dan citraan, pola rima, matra yang
digunakan seorang sastrawan atau yang terdapat dalam sebuah karya sastra Sudjiman, 1993: 13. Saking pamanggih ahli wonten ing panaliten menika
langkung ngerucut malih bilih dipuntandhingaken kaliyan pamanggih-pamanggih para ahli ingkang sakderengipun. Menawi ingkang sakderengepin namung
ngrembang stilistika minangka ilmunipun, lajeng objekipun menika kados tandha- tandha saking struktur lairipun ingkang biasa dipunsebat gaya bahasa. Nanging
miturut Sudjiman, 1993: 13 menika langkung dipuntedahaken malih bilih tandha-tandha saking struktur lairipun kasusastran menika kados diksi, struktur
kalimat, majas dan citraan, pola rima, matra.
Pamanggih ingkang wosipun sami ugi dipunandharaken dening Nurgiyantoro 1995 : 280, bilih tandha-tandha stilistika saged awujud
panganggening bahasa figuratif, kadosta pemajasan, permainan struktur, pencitraan.
Pamanggih-pamanggih ing
nginggil ugi
jumbuh kalihan
pamanggihipun Endraswara 2011: 71, ing panaliten stilistik, gaya bahasa dados bab ingkang wigatos. Kajawi menika, stilistika ugi ngrembag bab-bab ingkang
magepokan kalihan linguistik. Stilistika ingkang ngembag bab linguistik menika dipunwastani stilistika bahasa utawi stilistika tradisional.
Adhedhasar wosing perkawis, ingkang badhe dipunrembang ing panaliten menika ngengingi pepindhan, mila trep bilih analisis ingkang dipunginakaken
dening panaliti kangge nglampahi analisis tumrap pepindhan ing salebeting karya sastra mawi analisis stilistika. Endraswara 2004: 75 ngandharaken bilih cak-
cakan ingkang kedah dipungatosaken nalika nglampahi analisis mawi stilistika inggih menika:
1. Saged netepaken unit analisis, kadosta ingkang awujud unen-unen,
tembung, frasa, ukara, pada, lan sak piturutipun. 2.
Saklebetipun puisi, analisis saged wonten gegayudanipun kaliyan panganggening aliterasi, asonansi, rima, saha variasi bunyi ingkang
dipunginakaken supados saged nggayuh efek estetis. 3.
Analisis diksi wigatos sanget amargi kalebet wonten ing pirembagan kasusastran ingkang nyengkuyung sanget makna kaliyan kaendahaning
basa. Tembung saklebeting paningalan simbolis temtu ngandhut mapinten-
pinten makna. Tembung ingkang saged paring efek tartamtu kaliyan narik kawigatosan pamaos.
4. Analisis ukara dipuntandhesaken ing cara anggenipun ngandharaken makna
ukara wonten saben kawontenan. 5.
Kajian makna gaya bahasa ugi mbetahaken kawigatosan piyambak. Kajian makna langkung sae bilih ngantos tingkat majas, inggih menika salah
satunggaling “figurative” ingkang nggadhahi makna ingkang mapinten-
pinten. Saking pamanggih-pamanggih ing nginggil saged dipunpendhet dudutan
bilih stilistika, inggih menika ilmu ingkang ngrembag wacana sastra mawi cara orientasi linguistik, dene ingkang dipunrembag, inggih menika gaya ing
kasusastran mliginipun gaya bahasa ingkang gadhah fungsi estetis kadosta diksi, struktur kalimat, majas dan citraan, pola rima, matra. Cekak aosipun bilih
stilistika menika minangka ilmu ingkang ngrembag gaya bahasa salebeting karya sastra. Satemah, gaya bahasa minangka bab ingkang wigatos tumrap panaliten
stilistika.