Jinising Panaliten Subjek lan Objek Panaliten
pamanggihipun Endraswara 2003: 72, bilih stilistika, inggih menika ilmu ingkang ngrembag gaya bahasa wonten ing karya sastra. Ingkang kedah
dipungatosaken nalikanipun nindhakaken analisis salebetipun kajian stilistika kados mekaten:
1. Ingkang sepisan saged netepaken unit analisis, kadosta ingkang awujud
unen-unen, tembung, frasa, ukara, bait, lan sak piturutipun. 2.
Analisis diksi wigatos sanget amargi saged nyengkuyung makna lan kaendahanipun basa. Tembung wonten salebetipun pandangan simbolis
saged damel makna ingkang maneka warni. Saking tembung, saged narik kawigatosanipun pamaos.
3. Analisis ukara ingkang wigatos saking panganggening ukara saking
kawontenan ingkang beda-beda. 4.
Kajian makna basa ugi angsal kawigatosan piyambak. Kajian makna saenipun dumugi tingkat majas, inggih menika figurative language ingkang
nggadhahi makna ingkang macem-macem. Panaliten menika kalebet ing penelitian stilistika, mliginipun ingkang
gegayutan kalihan pepindhan. Pepindhan kalawau badhe dipunanalisis lajeng dipunpadosi wujud tuwin maknanipun jumbuh kalihan konteks ing andharan.
Lampah salajengipun, inggih menika damel dudutan adhedhasar asiling panaliten. Menggahing cak-cakanipun analisis dhata ingkang kalampahan ing panaliten
kados andharan ing ngandhap menika. 1.
Nemtokaken perangan analisis. Perangan menika saged awujud frasa, klausa utawi kalimat ingkang ngandhut pepindhan, lajeng kaserat ing kartu dhata.
2. Identifikasi, inggih menika panaliti nglampahi identifikasi tumrap dhata
ingkang kalebet ing pepindhan. Dhata ingkang sampun kapanggihaken lan kaserat ing kertu dhata, lajeng dipunwaos malih lan menawi perlu dhata
kasebat dipuntrepaken malih kalihan andharan ing novel. 3.
Dhata ingkang sampun cetha kalebet ing pepindhan lajeng kaanalisis kangge nemtokaken wujud saha maknanipun. Wujud saha makna menika
kaandharaken kanthi cara deskriptif kajumbuhaken kalihan konteksipun. Dhata ingkang sampun dipunanalisis, lajeng dipunklompokaken miturut
kriterianipun lan kaserat ing tabel analisis. 4.
Damel dudutan saking perkawis ingkang dipuntliti, dudutan menika kadamel sasampunipun perkawis bab wujud saha makna pepindhan
kaandharaken lan karembag kanthi gamblang lan leres.
Format Kartu Analisis 1.
Tabel wujud saking pepindhan wonten ing novel Kidung Wengi Ing
Gunung Gamping anggitanipun St. Iesmaniasita
No. Indikator
pepindhan Bab ingkang
katandhing- aken
Tembung panandhing
Bab ingkang dados
panandhing Wujud
tetan- dhingan
katrang an
1 2
3 4
5 6
7
1.
Andah ing
mripatku persis
kaja kembang-
warung
andah ing
mripatku kaja
kembang- warung
Bab wujud
Dhata 1
2
Noleh ngiwa
weruh regemeng kaja punthuk
regemeng kaja
punthuk Bab
wujud Dhata 2