Gegambaranipun kawontenan nasib saking paraga

Ukara ingkang kacithak kandhel menika nedahaken indikator pepindhan saking pethikan kasebat. Frasa “menjang Rukmono” menika pitakenan ingkang dipunandharaken dening paraga Sita ingkang nakeni paraga Uki babagan Rukmono. Rukmono menika salah satunggaling paraga ingkang nate gadhah sesambetan katresnan dhateng paraga Uki. Lajeng pitakenanipun Sita menika kalajengaken mawi frasa “sawenehing pelarian”. Pitakenan menika amargi Sita menika nganggep bilih paraga Uki menika namung damel Rukmono namung sawenehing pelarian kemawon anggenipun njalin sih katresnan. Amargi Uki nate gagal anggenipun njalin sih katresnan kaliyan priya sanesipun, inggih menika mas Anwar. Satemah saking andharan ingkang mekaten, pepindhan menika saged kalebetaken wonten gegambaranipun pangraosing badan saha manah saking paraga. Menapa ingkang sampun kaandharaken kados wonten nginggil menika ngengengi bab manahipun saking paraga. Tuladha sanesipun ingkang magepokan kalihan gegambaranipun pangraosipun badan saha manah menika badhe kaandharaken wonten ngandhap. 4 Rukmono sing dak kira bisa dadi liruning mas Anwar, djebulane, o kaja tjumlereting thathit sing aweh padhang sagebjaran, sabandjure djumledher swarane bledheg ngampar-ampar. Iesmaniasita, 1958: 13. Dereng menggah saking pachelathonipun antawis paraga Uki kaliyan Sita, pethikan wonten ing nginggil “dak kira bisa dadi liruning mas Anwar, djebulane, o kaja tjumlereting thathit ” menika kapanggihaken tembung panandhing ingkang dening panganggit dipunserat mawi cara ingkang ekplisit. Tembung panandhingipun inggih menika tembung “kaja”. Dene bab ingkang katandhingaken inggih menika frasa “liruning mas Anwar”, lajeng ingkang dados panandhingipun inggih menika frasa “tjumlereting thathit”. Bilih dipuntingali saking bab ingkang katandhingaken saha bab ingkang dados panandhingipun, pethikan menika saged kalebet wonten gegambaranipun pangraosing badan saha manah. Ukara ingkang kacithak kandhel menika nedahaken indikator pepindhan saking pethikan ingkang sampun kasebat wonten ing nginggil. Frasa “liruning mas Anwar ” menika pangandikan saking paraga Uki ingkang nate gadhah sesambetan katresnan kaliyan mas Anwar kala rumiyin. Ananging, saking raos sih katresnan antawisipun Uki kaliyan mas Anwar menika kapungkasan, Uki damel paraga Rukmono menika dados gantosipun. Ananging pangajeng-ajeng ingkang kadhang boten sami kaliyan kasunyatan, paraga Rukmono menika malah namung damel sedhih manahipun saking paraga Uki. Ingkang dipunandharaken mawi frasa “tjumlereting thathit”. Frasa “tjumlereting thathit” piyambak nggadhahi teges sumorotipun kilat kanthi banter Baoesastra: 530,642,649. Satemah kawontenan ingkang mekaten namung damel sedhih manahipun Uki kemawon. Satemah saking andharan ingkang mekaten, pepindhan menika saged kalebetaken wonten gegambaranipun pangraosing badan saha manah saking paraga. Menapa ingkang sampun kaandharaken kados wonten nginggil menika ngengengi bab manahipun saking paraga. Tuladha sanesipun ingkang magepokan kalihan gegambaranipun pangraosipun badan saha manah menika badhe kaandharaken wonten ngandhap. 5 Embuh, embuh rasa apa kang ana dhadhaku kala semana Diah. Mung isih terang rasane kekuwatanku kaja dilolosi . Aku tanpa daja, sirah dak sendhekake ing pundhake major sing njetiri jeep Iesmaniasita, 1958: 24. Sampun beda malih cariyosipun kaliyan pethikan sakderengipun. Pethikan wonten ing nginggil “Mung isih terang rasane kekuwatanku kaja dilolosi” menika kapanggihaken tembung panandhing ingkang dening panganggit dipunserat mawi cara ingkang ekplisit. Tembung panandhing ipun inggih menika tembung “kaja”. Dene bab ingkang katandhingaken inggih menika tembung “kekuatanku”, lajeng ingkang dados panandhingipun inggih menika tembung “dilolosi”. Bilih dipuntingali saking bab ingkang katandhingaken saha bab ingkang dados panandhingipun, pethikan menika saged kalebet wonten gegambaranipun pangraosing badan saha manah. Analisis saking pethikan kasebat badhe kaandharaken wonten ngandhap menika. Ukara ingkang kacithak kandhel menika nedahaken indikator pepindhan saking pethikan ingkang sampun kasebat wonten ing nginggil. Tembung “kekuatanku” menika nedahaken kawontenan saking paraga ju Andah. Ingkang kala rumiyin mlayu saking dalemipun piyambak. Boten mirengaken menapa ingkang dados pangandikanipun bapak saha ibukipun ju Andah. Ju Andah menika mlayu kaliyan tiyang jaler mlebet wonten mobil Jeep. Ju Andha rumaos tanpa daja nalikanipun wonten ing lebet mobil sesarengan kaliyan priya ingkang gadhah pangkat Perwira Mayor ing Kesatuan Militer. Satemah raos ingkang tanpa daya menika dening panganggit lumantar paraga ju Andah dipungambaraken kados dipunlolosi. Tembung “dilolosi” menika kalebet tembung kaanan. Ingkang saged dipunlolosi biasanipun awujud barang, nanging wonten mriki ingkang dipunlolosi menika kekuatan. Satemah saking andharan ingkang mekaten, pepindhan menika saged kalebetaken wonten gegambaranipun pangraosing badan saha manah saking paraga. Menapa ingkang sampun kaandharaken kados wonten nginggil menika ngengengi bab manahipun saking paraga. Tuladha sanesipun ingkang magepokan kalihan gegambaranipun pangraosipun badan saha manah menika badhe kaandharaken wonten ngandhap. 6 Lan nalika Jeep diendhegake ing tengah sawah, aku lan dheweke wis ora bisa maneh ngempet tangis. Aku sakloron nangis kaja botjah tjilik Iesmaniasita, 1958: 25. Pethikan wonten ing nginggil “Aku sakloron nangis kaja botjah tjilik” menika kapanggihaken tembung panandhing ingkang dening panganggit dipunserat mawi cara ingkang ekplisit. Tembung panandhingipun inggih menika tembung “kaja”. Dene bab ingkang katandhingaken inggih menika ukara “aku sakloron nangis ”, lajeng ingkang dados panandhingipun inggih menika frasa “botjah tjilik”. Bilih dipuntingali saking bab ingkang katandhingaken saha bab ingkang dados panandhingipun, pethikan menika saged kalebet wonten gegambaranipun pangraosing badan saha manah. Andharan saking pethikan kasebat badhe kaandharaken wonten ngandhap menika. Ukara ingkang kacithak kandhel menika nedahaken indikator pepindhan saking pethikan kasebat. Ukara “aku sakloron nangis” ingkang dipunserat dening panganggit menika nedahaken kawontenanipun saking paraga ju Andah kaliyan