Kembang Melathi Sagagang dakkira rawuhe ibune mau kaja

mandheg. Saking pirembagan sonten menika, Karlina salajengipun nglajengaken sekolah Kedokteran dhateng Jakarta, lajeng Adrijanto tetep layar ing tengah seganten. Sampun dangu boten pepanggihan, Karlina ingkang sampun gadhah garwa ingkang asma Hardiman. Lajeng Karlina dipuntugasaken ing padhesan. Sawijining dinten, Karlina gadhah pasien ingkag boten kanyana-nyana. Inggih menika Adrijanto, ingkang rumiyen nate dados gandaning manahipun Karlina. Adrijanto ingkang sampun gerah sanget, lajeng nyuwun pirsa dhateng Karlina. Kenging menapa rumiyen Karlina nilar piyambakipun. Lajeng dipunandharaken dening Karlina, menapa sebabipun piyambakipun boten kersa nglajengaken sesambetan katresnan rumiyen. Amargi Karlina rumiyen nate nggadhahi penggalih ingkang boten sae dhateng Adrijanto. Senadyan Adrijanto menika tiyangipun sae sanget ugi pinter. Nanging, amargi Adrijanto menika saking keluarga ingkang boten cetha bapakipun sinten, dados Karlina radi boten sreg.

6. Djugrug

Dalu ingkang sepen banget. Wonten paraga ingkang panimbalanipun Ila. Asma jangkepipun Kumalila. Wanita ingkang tansah ngentosi garwanipun ingkang asma Krisno. Namung ngalamun ing jendhela ingkang saged Ila lampahi saben dalu. Ibukipun Ila namung saged nguataken manahipun Ila ingkang dipuntilar garwanipun amargi garwanipun dipunkunjara dening Pemerintah Walanda. Wonten sawijining dinten, Ila niliki garwanipun wonten kunjara. Wonten ing mriki Ila ngendika dhateng garwanipun bilih badhe tindhak ingkang tebih. Nanging boten ngetos badhe wonten pundi tindhakipun. Ila namung ngendika, bilih piyambakipun saestu-estu setya dhateng Krisna minangka garwanipun menika. Sakderengipun tindhak, Ila namung nilar serat ing meja. Nalikanipun Ibukipun Ila maos, ibukipun kaget. Boten kanyana, bilih Ila ngantos nekat kados mekaten. Inti seratipun ngandharaken babagan raos manahipun Ila dhateng Krisno ingkang tansah setya marang katresnanipun. Nalikanipun Krisno sampun bebas, lajeng kondur wonten ing dalemipun maratuwanipun Krisno, piyambakipun ugi kaget nampi warta saking ibukipun Karlina. Manahipun Krisno sedhih sanget. Krisno ngantos madosi Ila mapinten-pinten dinten. Ananging boten saged kapangihaken Ilanipun.

7. Ing Sunaring Rembulan

Cariyos kanthi irah-irahan menika paling ringkes, anannging ugi paling susah anggenipun dipunmangertosi. Ananging, saged dipunandharaken kados mekaten. Ibu saking paraga Retnadi ingkang ngengken Retnadi miwiti nliti resesnsi-resensi surat kabar. Ananging wangsulan saking Retnadi menika enteng kemawon. Malah kanthi gumedhe, piyambakipun cariyos bilih lukisanipun sampun dipuntawa Dokter kanthi regi ingkang awis sanget. Pancinipun lukisan saking Retnadi menika sae sanget. Lajeng ing sawijining dalu, ing tengahipun sunar rembulan, Retnadi ingkag niat badhe nggambar donya ing wanci dalu, wonten tiyang jaler ingkang ngampiri Retnadi. Tiyang jaler menika asmanipun Surja. Surja, priya ingkang rumiyen nate dados Tentara Pelajar sareng kaliyan Retnadi nyuwun dipunlukisaken dening Retnadi.