Gegambaranipun solah migunakaken solah sanesipun

Pethikan wonten ing nginggil “Andah ing mripatku persis kaja kembang- warung ” menika kapanggihaken tembung panandhing ingkang dening panganggit dipunserat mawi cara ingkang ekplisit. Tembung panandhingipun inggih menika tembung “kaja”. Dene bab ingkang katandhingaken inggih menika frasa “Andah ing mripatku ”. Lajeng ingkang dados panandhingipun inggih menika frasa “kembang warung”. Ukara ingkang kacithak kandhel menika nedahaken indikator pepindhan saking pethikan kasebat. Frasa “Andah ing mripatku” menika nedahaken pangandikan saking Danu, ingkang tresna dhateng ju Andah. Nanging ju Andah menika boten remen dhateng mas Danu. Lajeng nalikapun tigang paraga menika ingkang asma mas Danu, ju Andah, kaliyan mas Tok pepanggihan sedaya, mas Danu boten saged nrima kawontenan. Tigang paraga wau kagubet ing tresna segitiga. Lajeng mas Danu kaliyan mas Tok gelut. Mas Tok minangka Perwira Militer mbeta pistul, ananging saged dipunrebut dening Danu. Danu kanthi ngendika bilih “Andah ing mripatku persis kaja kembang warung ”. Pepindhan kasebat saged kalebetaken ing makna gegambaranipun solah saha pangraosing manah amargi frasa “Andah ing mripatku ” menika nedahaken anggenipun mas Danu ningali paraga ju Andah. Lajeng ingkang dados panadhingipun inggih menika “kembang warung”. Frasa “kembang warung” menika nedahaken saking pangaraosipun mas Danu dhateng ju Andah. Mas Danu nganggep bilih ju Andah menika kados kembang warung ingkang ngadhahi teges kembanging manah saking mas Danu. Mila, saking andharan kasebat saged dipunlebetaken ing gegambaranipun solah saha pangraosing manah. Tuladha sanesipun wonten ngandhap menika. 46 Dheweke tansah manglung lan njawang mendjaba. Ngetut lakuning pikire, kaja ngegla ing gegodhongan kang meneng. Gegodhongan kang anteng ing pedhuting wengi. Iesmaniasita, 1958: 115. Pethikan wonten ing nginggil “Ngetut lakuning pikire, kaja ngegla ing gegodhongan kang meneng ” menika kapanggihaken tembung panandhing ingkang dening panganggit dipunserat mawi cara ingkang ekplisit. Tembung panandhingipun inggih menika tembung “kaja”. Dene bab ingkang katandhingaken inggih menika klausa “ngetut lakune pikire”. Lajeng ingkang dados panandhingipun inggih menika klausa “ngegla ing gegodhongan kang meneng ”. Ukara ingkang kacithak kandhel menika nedahaken indikator pepindhan saking pethikan kasebat. Pethikan kasebat dados pambukanipun carios. Nalikanipun wonten priya ingkang asmanipun Krisna. Krisna menika namung mangling lan njawang ing njaba. Ngenget-enget kala semanten nalikanipun njalin sih katresnan kaliyan Kumalaningsih ingkang sakniki sampun bibaran. Pepindhan kasebat saget kalebetaken wonten gegambaranipun solah saha pangraosing manah menika amargi klausa “ngetut lakuning pikire” menika nedahaken solah saking paraga Krisna ingkang saweg ngalamun wonten ing jendhela. Lajeng klausa “ngegla ing gegodhonan kang meneng ” menika nedahaken raos saking manahipun Krisna ingkang saestu-estu taksih remen kaliyan Kumalaningsih. Mila saking pethikan kasebat saged kalebetaken ing pepindhan ingkang ngewrat gegambaranipun swanten. Tulasdha sanesipun wonten ngandhap menika. 52 Wengi sepi saja banget. Ing langit mendhung panggah gumolong. Ora ana lintang sidji-sidjia kang kumelip. Kabeh kasaput ing mendhung. Lan swarane asu baung ing kadohan keprungu kaja nuduhake njenjeting wengi. Iesmaniasita, 1958: 126. Pepindhan saking dhata 52 ing nginggil “Lan swarane asu baung ing kadohan, keprungu kaja nuduhake njenjeting wengi ” nandhingaken antawisipun klausa “swarane asu baung ing kadohan keprungu” saha klausa “nuduhake njenjeting wengi ”, mawi tembung paandhingipun inggih menika “kaja”. Bilih dipuntingali saking bab ingkang katandhingaken kaliyan bab ingkang dados panandhingipun, pepindhan menika saged kalebetaken pepindhan ingkang gadhah pirembagan ing bab swantenipun. Menggah ingkang dados dhasaripun badhe kaandharaken kados menika. Saking andharan bab ingkang katandhing swarane asu baung ing kadohan saged dipunmangertosi bilih swantenipun segawon menika kamirengaken cetha sanget. Kajawi swanten segawon menika saking tebih, namung tetep saged kamirengaken kanthi cetha. Lajeng menawi dipuntingali saking bab ingkang dados panandhingipun inggih menika “nuduhake njenjeting wengi‟. Maringi tambahan bilih dalu menika saestu-estu sepen sanget. Ngantos swanten segawon ingkang ngaung sakng katebihan saged kamirengaken kanthi cetha. Saking andharan kasebat, mila pepindhan menika ngewrat gegambaranipun swanten. Inggih menika swanten segawon saking katebihan ingkang saged kamirengaken kanthi cetha, ingkang nedahaken bilih dalu menika dalu ingkang sepen sanget. Mekaten kala wau sedaya pirembagan babagan makna pepindhan saking novel Kidung Wengi Ing Gunung Gamping anggitanipun St. Iesmaniasita. Sedaya indikator sampun kandharaken kaliyan kapanta-panta miturut maknanipun piyambak-piyambak ingkang gadhah makdus saha makna beda..