Tumpengan slametan Gunungan palawija

58

4. Barisan Gunungan sesaji

Barisan Gunungan sesaji menika urutanipun wonten ing sakwingkingipun bregada Tunggul Arum. Gunungan sesaji ingkang dipuncawisaken ing antawisipun inggih menika:

a. Tumpengan slametan

Tumpengan slametan menika wujudipun tumpeng sekul gurih ingkang dipuncawisaken kaliyan lawuhipun kadosta ingkung ayam, sayur kenthang, urapan, tigan ayam godhog, saha tahu tempe bacem. Gambar 22: Tumpengan slametan komplit, doc. Ana b. Gunungan Sayuran Gunungan syuran menika kadamel saking maneka warna sayuran kadosta, terong, sawi, lombok, jengkol lan sayuran sanesipun. Sayuran menika minangka asil saking tetanemipun warga masyarakat wonten ing dhusun Tunggul Arum. 59 Gambar 6: Gunungan sayuran, doc. Ana c. Gunungan jajanaan tumbasan peken Jajanan lare ingkang dipundamel Gunungan menika dipunwastani jajanan tumbasan peken. Maneka warni jajanan lare alit dipunsusun supados dados Gunungan ingkang samangkih dipunkirabaken. Gambar 9: Gunungan jajanaan tumbasan peken doc. Ana 60

d. Gunungan palawija

Gunungan palawija menika kaperang saking jagung, pantun, saha winih kambil. Palawija menika minangka hasil bumi pokok kangge warga masyarakat Tunggul Arum menika. Pramila simul-simbul tetuwuhan menika ingkang minangka sumber pagesangan kangge masyarakat menika dipunkirabaken. Gambar 23: Gunungan palawija, doc. Ana e. Gunungan sekul penakan Gunungan ingkang dipundamel saking sekul ingkang dipunwungkus ron pisang, ingkang dipunwastani Gunungan penakan. Wungkusan penakan menika isinipun sekul, sayur kenthang kaliyan tigan. 61 Gambar 24: Gunungan sekul penakan doc. Ana f. Gunungan pala kependhem Gunungan pala kependhem menika kaperang saking maneka warni tetuwuhan ingkang kependhem kadosta brambang bawang, kenthang, besusu, tales, tela pendhem saha uwi. Gambar 25: Gunungan pala kependhem, doc. Ana g. Gunungan pala gumandhul Gunungan ingkang kaperang saking pisang, apel, jambu, jeruk, manggis, tomat lan sapanunggalanipun menika dipunwastani Gunungan pala gumandhul amargi wohipun nggantung wonten ing wit. Woh ingkang dipunginakaken 62 boten sami saben taunipun, amargi saben taun woh-wohanipun boten sami anggenipun tuwuh. Gambar 26: Gunungan pala gumandhul doc. Ana 5. Barisan warga masyarakat. Barisan ingkang pungkasan wonten ing kirab merti bumi Tunggul arum inggih menika, warga masyarakat dhusun Tunggul Arum lan sakiwa tengenipun. Para warga kecamatan Turi, mliginipun warga dhusun Tunggul Arum menika ndherekaken iring-iringan kirab dumugi pedhapa wonten ing sakilenipun dhusun Tunggul Arum menika. Warga ingkang ndherek kirab boten namung warga biasa kemawon, wonten ulama, Kyai, perangkat Desa, tokoh masyarakat saha para seniman wonten ing sakiwa tenegenipun dhusun Tunggul arum menika. Para seniman menika samangkih ingkang badhe nyawisaken pentas seni wonten ing pendhapa Tunggul Wulung. 63 Sanajan menika namung mlampah, ananging para warga ketingal semangat anggenipun ndherek iring-iringan menika minangka wujud syukur dhumateng Gusti Allah. Gambar 27: Iring-iringan warga ndherek kirab Merti Bumi doc. Ana

D. Makna Simbolik Sesaji Saha Pusaka