sesarengan, kanthi ngawontenaken sesambetan antawis manungsa sanes saha kekiatan ghaib lumantar upacara. Upacara ingkang dipunlampahi
inggih menika Merti Bumi Tunggul Arum.
D. Merti Bumi
Merti menika
asalipun saking
tembung “mreti”
ingkang dipunpundhut saking tembung lingga “pitre”. Pitre wonten ing karya sastra
jawa kuna tegesipun nggadahi hajat nyaosi dhateng arwah leluhur. Miturut Darusuprapta 1988, mreti desa inggih menika kagiyatan ingkang wonten
sesambetanipun kaliyan tata cara nyaosaken korban kangge para roh leluhur ingkang dados cikal bakal desanipun.
Wonten ing kamus baoesatra Djawa anggitanipun Dr. Purwadi, M. Hum dan Eko Priyo Purnomo, SIP, merti tegesipun merawat; merti desa
tegesipun kenduri kangge selametan desa. Miturut Suseno 1998 Merti Bumi itu asalipun saking bahasa Jawa yaitu “Petri” ingkang tegesipun
memetri memelihara kaliyan “Bumi” tanah saengga nggadhahi teges memetri utawi memelihara bumi, njagi saha nglestantunaken kanthi sasae-
saenipun. Tradisi merti bumi menika dipunwontenaken dening masyarakat
sasampunipun musim panen ingkang melimpah saha boten wonten bebendu utawi bencana alam wonten ing desanipun. Saged dipunwastani
bilih tradhisi merti bumi menika nggadhahi ancas nyuwun dhumateng Gusti ingkang Maha Kuwaos supados dipuntebihaken saking bebendu,
nyuwun keslametan saha ngucap sokur dhateng Gusti awit saking nikmat
rezeki, katentreman saha kasarasan. Merti bumi menika minangka tradhisi ingkang saged dipunpanggihi wonten ing masyarakat ingkang agraris
Isyanti, 2007
.
Kagiyatan merti bumi menika kathah dipuntindaaken dening masyarakat ing dhusun mliginipun ing pulo Jawa sanajan namanipun
menika beda-beda. Wonten ingkang dipunwastani sedhekah desa amargi acaranipun sedekah masal. Wonten ingkang ngarani rasulan, selametan
rasulan sekul gurih kaliyan ingkung ayam. Wonten ugi ingkang mastani memetri
desa amargi
kagiyatanipun menika
pembenahan kaliyan
pemeliharaan desa Suwardi, 2006. Tata cara merti bumi wonten ing dhusun Tunggul Arum desa
Wonokerto kecamatan Turi kabupaten Sleman menika meh sami kaliyan merti bumi wonten ing papan sanesipun. Upacara menika dipunwiwiti
kanthi kendhuri langkung rumiyin. Kendhuri menika ancasipun nyuwun donga supados dipunparingi lancar anggenipun ngadani prosesi merti bumi
ing dinten candhakipun. Dhusun Tunggul Arum menika dedunung wonten ing lereng
merapi, 30 km saking kitha Ngayogyakarta saha 700-800 m saking permukaan laut. Dhusun Tunggul arum menika dumunung wonten ing
desa Wonokerto kecamatan Turi kabupaten Sleman. Wonten ing dhusun Tunggul Arum menika boten namung saged
mirsani gunung Merapi kemawon ananging ugi wonten papan-papan
ingkang nggadhahi legenda masyarakat, kadosta Goa Semar, Kedhung Cuwa, Sendhang Pancuran, Pring wali saha watu tunggang.
Wisata budaya ing dhusun Tunggul Arum inggih menika Merti bumi Tunggul arum, ingkang dipunwontenaken ing wulan Sapar. Kejawi
menika wonten
simbol-simbol saking
sesaji ingkang
kedah dipungatosaken amargi gadhah makna ingkang sae.
E. Makna Simbolik