Jinising Panaliten Setting Panaliten

20 BAB III CARA PANALITEN

A. Jinising Panaliten

Wonten ing panaliten menika ngginaaken panaliten deskriptif kualitatif. Panaliten menika dipunlampahi kanthi cara ngandharaken babagan mula bukanipun, prosesi upacara Merti Bumi, makna simbolik sesaji saha paedah kangge masyarakat wonten ing Tunggul Arum. Metode panaliten kualitatif menika ngempalaken bahan katrangan utawi data ingkang dipuntindakaken kanthi cara sistematik. Moleong ngutip pamanggihipun Bodgan saha Taylor 2009: 4, panaliten kualitatif dipunartosaken prosedur panaliten ingkang ngasilaken data deskriptif ingkang arupi tetembungan ingkang tinulis utawi lesan saking tiyang tiyang ingkang dipunteliti. Saengga wonten ing panaliten menika dipuntindakaken kanthi langsung wonten ing papan ingkang badhe dipunteliti kangge ngasilaken data deskriptif. Panaliten kualitatif langkung nengenaken dhateng kawetahan entity fenomena budaya, unsur pengamatan ugi nemtokaken sanget kasuksesan panaliten. Partisipasi ugi wigati sanget kangge nglampahi panaliten budaya. Konteks fenomena budaya boten saged dipunkiwaaken kangge njangkepi prinsip kawetahan. Babagan persoalan konteks dados andalan kangge panaliten-panaliten kualitatif. Wonten bab menika, dipunlampahi pengumpulan data kanthi langsung wonten ing lapangan kangge ngandharaken deskripsi. Saking fenomena budaya cara jangkepipun panaliti ndherek sesrawungan wonten panaliten kanhti langsung supados saged mangertosi caranipun tiyang-tiyang sesrawungan lan gotong royong saking fenomena ingkang dipunteliti wonten ing padintenan.

B. Setting Panaliten

Setting panaliten upacara Merti Bumi menika ing pendhapa Tunggul Wulung, desa Wonokerto, kecamatan Turi, kabupaten Sleman. Upacar menika dipuntindakaken saben wulan Sapar. Wonten ing wulan sapar menika dipunpitados bilih sedanipun Kyai Wulung Arum menika wonten ing wulan menika lajeng dipunwonteni merti bumi saha khoul. Dinten dipuntindakaken upacarmerti bumi menika biasanipun tanggal 15 sapar. Wonten taun 2013 menika dipunlampahi nalika dinten Rebo 25 Desember 2013. Upacara menika katindakaken wonten ing pendhapa Tunggul Wulung. Kalampahan wiwit ing dinten Senen 23 Desember 2013 dumugi dinten Rebo 25 Desember 2013 wanci tabuh 07.00 WIB dumugi tabuh 21.00 WIB. Prosesi damel ubarampenipun dipuntidakaken wonten ing dalemipun Bapak Kristanto ingkang dedunung ing Dhusun Tunggul arum, Wonokerto, Turi, Sleman wiwit dinten Selasa 24 Desember 2013 pukul 06.00 WIB. Wondene lampahing upacara menika kalampahan ing Dhusun Tunggul arum kecamatan Turi, kanthi ngubengi dhusun Tunggul Arum, wiwit saking sangajengipun pendhapa dhusun dumugi wonten ing alas Tunggul Wulung. Para paraga upacara inggih menika warga Dhusun Tunggul arum saha sakiwa tengenipun.

C. Data lan Sumbering Data