Underaning Prekawis Watesaning Panaliten Wosing Prekawis

tatacara, makna simbolik saha paedah tradhisi Merti Bumi wonten ing dhusun Tunggul arum, kecamatan Turi, kabupaten Sleman.

B. Underaning Prekawis

Adhedhasar dhasaring panaliten ing nginggil, pramila saged kapanggihaken underaning perkawis ing antawisipun : 1. Mula bukanipun Upacara tradhisi merti Bumi wonten ing dhusun Tunngul Arum. 2. Upacara tradisi merti bumi wonten ing Dhusun Tunggul Arum, kecamatan Turi, kabupaten Sleman. 3. Ubarampe ingkang dipunginakaken wonten ing upacara tradisi merti bumi ing Dhusun Tunggul Arum, kecamatan Turi, kabupaten Sleman. 4. Cara damel ubarampe wonten ing upacara tradisi merti bumi ing dhusun Tunggul Arum, kecamatan Turi, kabupaten Sleman. 5. Makna simbolik sesaji saha pusaka tombak tunggul wulung ing upacara tradisi merti bumi ing Dhusun Tunggul Arum, kecamatan Turi, kabupaten Sleman. 6. Ancasipun dipunwontenaken upacara tradisi merti bumi wonten ing Dhusun Tunggul Arum, kecamatan Turi, kabupaten Sleman. 7. Paedah kangge masyarakat dipunwontenaken upacara tradisi merti bumi wonten ing Dhusun Tunggul Arum, kecamatan Turi, kabupaten Sleman.

C. Watesaning Panaliten

Adhedhasar underaning prekawis wonten ing nginggil menika, Prekawis wonten ing panaliten dipunwatesi wonten ing ngandhap menika: 1. Mula bukanipun Upacara tradhisi merti bumi ing Dhusun Tunggul Arum, kecamatan Turi, kabupaten Sleman. 2. Prosesi upacara tradhisi merti bumi ing Dhusun Tunggul Arum, kecamatan Turi, kabupaten Sleman. 3. Makna simbolik sesaji saha pusaka tombak tunggul wulung ing tradisi wonten ing dhusun Tunggul arum, kecamatan Turi, kabupaten Sleman. 4. Paedah kangge masyarakat anggenipun dipunwontenaken upacara tradisi merti bumi wonten ing Dhusun Tunggul Arum, kecamatan Turi, kabupaten Sleman.

D. Wosing Prekawis

Adhedhasar dhasaring panaliten kaliyan watesaning panaliten ing nginggil, saged dipunpendhet wosing prekawisipun wonten ing ngandhap menika. 1. Kados pundi mula bukanipun Upacara tradhisi merti bumi ing Dhusun Tunggul Arum, kecamatan Turi, kabupaten Sleman? 2. Kadospundi tatacara tradhisi merti bumi ing Dhusun Tunggul Arum, kecamatan Turi, kabupaten Sleman? 3. Kadospundi makna simbolik sesaji saha pusaka tombak tunggul wulung wonten ing upacara tradisi merti bumi ing dhusun Tunggul Arum, kecamatan Turi, kabupaten Sleman? 4. Menapa kemawon paedah kangge masyarakat dipunwontenaken upacara tradisi merti bumi wonten ing Dhusun Tunggul Arum, kecamatan Turi, kabupaten Sleman?

E. Ancasipun Panaliten