Wawancara Mendalam Pengamatan Berperanserta

Tunggul Wulung. Para paraga upacara inggih menika warga Dhusun Tunggul arum saha sakiwa tengenipun.

C. Data lan Sumbering Data

Data ingkang dipunkaji wonten ing panaliten inggih menika mula bukanipun, prosesi upacara Merti Bumi, makna simbolik sesaji saha paedah kangge masyarakat wonten ing Tunggul Arum. Wondene sumbering data ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten inggih menika wawancara bab upacara tradhisi merti bumi wonten ing dhusun Tunggul Arum, desa Wonokerto, kecamatan Turi, kabupaten Sleman.

D. Caranipun Ngempalaken Data

Anggenipun ngempalaken data dipunlaksanaaken piyambak dening panaliti. Wonten tiga teknik ingkang dipunginakaken kangge ngempalaken data, inggih punika observasi saha wawancara.

1. Wawancara Mendalam

Wawancara utawi interview inggih menika cara ngempalaken data kanthi ginakaken dialog babagan ingkang gegagyutan kaliyan tema panaliten dhumateng informan Moleong, 2006: 186. Wawancara ,enika dipunginakaken kangge manggihi data babagan asal usul upacara merti bumi tunggul arum, makna simbolik gunungan wonten ing upacara merti bumi wonten ing dhusun Tunggul Arum, Desa Wonokerto, Kecamatan Turi, Kabupaten Sleman saha paedah kangge masyarakat ingkang nyengkuyung. Wawancara ingkang dipun ginakaken inggih punika wawaancara bebas terpimpin. Wawancara punika dipunlampahi kanthi dhasar pedoman wawancara ingkang dipunkembangaken dening panaliti kanthi cara bebas ananging boten medal saking ancasipun panaliten. Teknik punika dipunginakaken supados wawancara saged lumampah kanthi sae, saha leres miturut ancasipun ingkang badhe dipuntuju. Panaliti nglampahi wawancara menika ngginaaken piranti nyathet manual saha piranti kangge ngerkam, supados pikantuk asil cathetan data ingkang sae saha jangkep. Asilipun samangkih inggih menika catatan lapangan wawancara, ingkang sampun dipunlampahi dening panaliti.

2. Pengamatan Berperanserta

Miturut pamanggihipun Moleong 2007: 164 ingkang dipunwastani pengamatan berperanserta inggih menika ngawontenaken pengamatan saha mirengaken kanthi cermat dumugi babagan ingkang alit. Cara panliten menika dipunlampahi kanthi ngawontenaken pengamatan langsung ngengingi lampahan upacara merti bumi wonten ing dhusun Tunggul Arum. Observasi menika dipuntindakaken kanthi cara ngamati saha ndherek langsung wonten ing lampahan upacara merti bumi menika. Cara menika gadhah ancas supados samangkih pikantuk data primer babagan upacara merti bumi tunggul arum. Kangge nglancaraken observasi panaliti ngginaaken piranti ingkang kathah kangge nggampilaken anggenipun ngempalaken data. Piranti menika awujud catatan lapangan observasi. Focus utawi objek ingkang dados ancas saking observasi dipun lebetaken wonten ing catatan lapangan observasi.

3. Dokumentasi