Paedah Bidang Kabudayan Paedah Bidang Sosial

85 amargi wontenipun paedah- paedah saking upacara tradhisi merti bumi Tunggul arum menika. Upacara tradhisi merti bumi menika nggadhahi paedah- paedah ingkang sae tumraping warga masyarakat. Paedah-pedah wonten ing upacara kasebat inggih menika paedah kabudayan, paedah sosial, paedah ekonomi lan paedah pariwisata. Paedah- paedah menika saged dipunraosaken dening genenrasi wonten ing jaman sakmenika, saged dipunpirsani saking paedah pariwisata, sosial lan ekonominipun. Saking panaliten ingkang sampun dipunlampahi, pramila paedah upacara tradhisi merti bumi Tunggul Arum menika saged dipunandharaken kados ing ngandhap menika.

1. Paedah Bidang Kabudayan

Upacara tradhisi merti bumi Tunggul Arum menika satunggaling wujud nguri-uri kabudayan, ingkang dipunwarisaken leluhur ing jaman rumiyin. Wonten ing bidang kabudayan, upacara tradhisi merti bumi menika gadhah satunggaling paedah. Paedahipun inggih menika kanthi wontenipun upacara tradhisi menika saben taun, saged damel satunggaling upacara adat ingkang arupi upacara merti bumi menika saged lestantun. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelan ing ngandhap menika. CLW 03 : “Manfaate ya bisa kanggo nglestarekake tradhisi merti bumi ing wilayah Turi mbak,khususe Tunggul arum kene.” Pratelan menika dipunsengkuyung pamanggih wonten ing ngandhap menika. 86 CLW 05 : “ Ya jelas ben lestari mbak tradhisi iki. Bisa diterusake karo anak putu suk mben mbak. Wiwit mbiyen kuwi pancen wis eneng kaya ngene iki mbak, ming ya senajan wis akeh perubahan genahe iki isih lestari.” Dados ing bidang kabudayan, upacara merti bumi menika gadhah paedah kanthi wontenipun upacara tradhisi ingkang dipunlampahi saben warsa menika saged damel satunggaling upacara adat ingkang arupi upacara tradhisi merti bumi Tunggul Arum menika lestantun dumugi wonten ing warsa saklajengipun, saengga generasi mudha menika saged mangertosi upacara merti bumi menika.

2. Paedah Bidang Sosial

Upacara merti bumi menika boten luput saking peranipun masyarakat. Kejawi panitia ingkang dipuntugasaken nyawisaken ubarampe saha sanesipun, peran masyarakat ing sakiwa tengenipun ugi gadhah peran ingkang penting. Masyarakat menika sesarengan sami mbiyantu menapa kemawon ingkang dipunbetahaken wonten ing adicara menika. Gotong royong katindakaken kanthi sesarengan, wiwit saking para mudha ngantos tiyang sepuh. Kanthi adhedhasar menika, wontenipun adicara merti bumi menika gadhah paedah dhateng masyarakat dhusun Tunggul arum, bilih kanthi dipunwontenaken upacara merti menika warga wonten ing dhusun Tunggul Arum menika langkung guyub rukun, antawis warga setunggal lan sanesipun. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelan ing ngandhap manika. CLW 03: “Manfaat kanggo masyarakat ya isa guyub rukun mbak, padha gotong royong, ora usah nunggu komandho.” 87 Andharan ing nginggil ugi dipunsengkuyung dening pratelan wonten ing ngandhap menika. CLW 05: “Bisa uga nuwuhake rasa gotong royong mbak.waraga uga ketok le guyub.” Dados paedah merti bumi wonten ing bidang sosial inggih menika, kanthi dipunwontenaken adicara merti bumi menika, saged dadosaken warga masyrakat wonten ing dhusun Tunggul Arum saha sakiwa tengenipun, langkung guyub rukun.

3. Paedah Bidang Ekonomi