Makna Simbolik UPACARA TRADHISI MERTI BUMI TUNGGUL ARUM ING DHUSUN TUNGGUL ARUM DESA WONOKERTO KECAMATAN TURI KABUPATEN SLEMAN (KAJIAN FOLKLOR, TATACARA, MAKNA SIMBOLIK SAHA PAEDAH).

ingkang nggadhahi legenda masyarakat, kadosta Goa Semar, Kedhung Cuwa, Sendhang Pancuran, Pring wali saha watu tunggang. Wisata budaya ing dhusun Tunggul Arum inggih menika Merti bumi Tunggul arum, ingkang dipunwontenaken ing wulan Sapar. Kejawi menika wonten simbol-simbol saking sesaji ingkang kedah dipungatosaken amargi gadhah makna ingkang sae.

E. Makna Simbolik

Makna simbolik menika kadadosan saking kalih tembung inggih menika makna kaliyan simbolik. Miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia 2002: 703 makna inggih menika teges, maksud saking pachelathon utawi panyerat, pangertosan ingkang dipunparingaken dhumateng satunggaling wujud kebahasaan. Anggenipun ngginakaken istilah wonten ing panaliten menika anggadhahi paedah kangge makna khusus. Makna khusus inggih menika satunggaling tegesing tembung ingkang dipunginakaken wonten ing satunggaling bidang tartamtu KBBI, 2002: 703. Saking pangertosan makna ing nginggil saged dipunmangertosi bilih istilah makna menika saged dipunginakaken miturut kabetahanipun, ananging kedah trep kaliyan konteks ukaranipun. Cara anggenipun ngginakaken makna ugi dipunjumbuhaken kaliyan bidang-bidang ingkang gegayutan kaliyan panganggenipun istilah makna. Wonten ing panaliten menika ingkang dipunginakaken inggih menika makna khusus ingkang panganggenipun mligi wonten ing bidang tartamtu. Manungsa wonten ing pagesanganipun tamtu wonten gegayutanipun kaliyan simbol-simbol,saengga saengga wonten ing pagesangan menika sampun boten asing malih. Simbol asalipun saking basa Yunani, symbolos, tegesipun tanda utawi ciri ingkang meberitahukan saperangan perkawis dhateng tiyang sanes. Simbolisme inggih menika pemikiran utawi aliran ingkang adhedhasar simbol-simbol, kados ingkang dipunandharaken dening Herusatoto 2009:10, “Simbol ialah sesuatu hal atau keadaan yang merupakan media pemahaman terhadap objek.” Tegesipun : simbol inggih menika satunggaling kahanan ingkang dadosaken perantara pemahaman dhateng objek. Simbolisme inggih menika salah satunggaling pamikiran ingkang manut kaliyan pamikiran ingkang adhedhasar simbol-simbol. Adhedhasar andharan wonten ing nginggil menika, pramila saged dipunpendhet dudutan, simbol inggih menika perangan ingkang langkung alit saking ritual ingkang gadhah makna tingkah laku utawi kagiyatan wonten ing upacara ritual utawi kagiyatan khusus kadosta Merti Bumi. Caranipun maknani simbol-simbol menika samangkih saged dipunpirsani saking wujudipun, namanipun, werninipun saha gegayutanipun kaliyan fungsinipun. 20 BAB III CARA PANALITEN

A. Jinising Panaliten