Paedah Bidang Ekonomi Paedah Bidang Pariwisata

87 Andharan ing nginggil ugi dipunsengkuyung dening pratelan wonten ing ngandhap menika. CLW 05: “Bisa uga nuwuhake rasa gotong royong mbak.waraga uga ketok le guyub.” Dados paedah merti bumi wonten ing bidang sosial inggih menika, kanthi dipunwontenaken adicara merti bumi menika, saged dadosaken warga masyrakat wonten ing dhusun Tunggul Arum saha sakiwa tengenipun, langkung guyub rukun.

3. Paedah Bidang Ekonomi

Adicara upacara tradhisi merti bumi Tunggul Arum menika ugi wonten paedahipun ing bidang ekonomi. Warga dhusun Tunggul Arum menika wonten ingkang dagang wonten ing lokasi ingkang dipunwonteni adicara menika. Saking dagangan menika saengga saged nambah pendapatan warga Tunggul arum lan sakiwa tengenipun. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelan ing ngandhap menika. CLW 04: “Biyasane ki akeh sing dodolan mbak, dadi isa nambah pemasukane warga.” Pratelan ing nginggil ugi dipunsengkuyung dening pratelan wonten ing ngandhap menika. CLW 05: “Sing bakul panganan, dolanan, lan liyane kuwi dha nglumpuk kabeh mbak neng kene. Dadi isa panen duit mbak yen eneng acara iki saben taun.” Saking andharan wonten nginggil, saged dipunmangertosi bilih adicara merti bumi menika saged dipunpendhet dudutanipun bilih wonten 88 ing bidang ekonomi, upacara merti bumi Tunggul Arum menika gadhah paedah saged nambah pendapatanipun warga dhusun Tunggul arum lan sakiwa tengenipun.

4. Paedah Bidang Pariwisata

Adicara upacara tradhisi merti bumi Tunggul Arum menika ugi gadhah paedah wonten ing bidang pariwisata. Wonten ing bidang pariwisata, kanthi dipunwontenaken upacar merti bumi menika, saged narik kawigatosanipun warga ing dhusun sanesipun saha para wisatawan. Kanthi kathahipun wisatawan ingkang sami mirsani menika, saged nepangaken potensi wisata wonten ing dhusun Tunggul Arum menika, saengga dhusun Tunggul Arum menika saged langkung dipunkenal dening wisatawan lokal dumugi manca. Menawi kathah wisatawan ingkang rawuh mirsani upacara merti bumi menika, temtu kemawon saged nambah paedah ingkang gegayutan kaliyan paedah kabudayan, sosial saha ekonomi. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelan wonten ing ngandhap menika. CLW 01 : “Manfaat kanggo pariwisata ya jelas isa narik perhatian wisatawan mbak. Mbuh kuwi lokal utawa manca.” Pratelan ing nginggil ugi dipunsengkuyung dening pratelan ing ngandhap menika. CLW 03 : “Sing jelas yen nggo pariwisata akeh banget mbak manfaate. Tunggul Arum isa dikenal ing ngendi- ngendi amarga ana kirab merti bumi karo eneng kirab pusaka mbak.” 89 Saking andharan wonten ing nginggil saged dipunpendhet dudutanipun bilih ing bidang pariwisata, kanthi dipunwontenaken upacara tradhisi merti bumi Tunggul Arum menika gadhah paedah saged narik kawigatosanipun wisatawan. Kanthi kathahipun wisatawan ingkang sami mirsani menika, saged nepangaken potensi wisata wonten ing dhusun Tunggul Arum menika, saengga dhusun Tunggul Arum menika saged langkung dipunkenal dening wisatawan lokal dumugi manca. 90 BAB V PANUTUP

A. Dudutan

Adhedhasar asiling panaliten saha pirembaganipun babagan upacara tradhisi merti bumi Tunggul Arum ing dhusun Tunggul Arum desa Wonokerto, kecamatan Turi, kabupaten Sleman, saged dipunpendhet dudutan kados ing ngandhap menika. 1. Upacara tradhisi merti bumi Tunggul Arum menika, dipunwontenaken ing dhusun Tunggul Arum, desa Wonokerto, kecamatan Turi, kabupaten Sleman. 2. Asal- usul upacara merti bumi menika dipunwiwiti nalika taun 1961 saben wulan sapar. Sakderengipun taun 1961 menika nama dhusunipun taksih Tunggul Wulung,ingkang dunungipun wonten ing sisih kilen lepen Bedhog, ananging wiwit taun 1961 dhusunipin dipunpidhah wonten ing sisih wetan lepen Bedhog, amargi menawi redi merapi menika erupsi, dhusuniupun boten wonten jalur evakuasi kangge warga, wiwit saking menika, namanipun dados dhusun Tunggul Arum. Upacara Merti Bumi menika boten namung kirab kemawon, ananging ugi dipunwontenaken, mujahadah saha Khoul Kyai Wulung Arum minangka wujud pakurmatan dhumateng cikal bakalipun dhusun Tunggul Arum. 3. Upacara tradhisi merti bumi Tunggul Arum wonten ing dhusun Tunggul Arum, desa Wonokerto, kecamatan Turi, kabupaten