Ancasipun Panaliten Paedah Panaliten

3. Kadospundi makna simbolik sesaji saha pusaka tombak tunggul wulung wonten ing upacara tradisi merti bumi ing dhusun Tunggul Arum, kecamatan Turi, kabupaten Sleman? 4. Menapa kemawon paedah kangge masyarakat dipunwontenaken upacara tradisi merti bumi wonten ing Dhusun Tunggul Arum, kecamatan Turi, kabupaten Sleman?

E. Ancasipun Panaliten

Adhedhasar rumusan perkawis ing nginggil, ancasipun panaliten inggih menika : 1. Ngandharaken kadospundi mula bukanipun upacara tradhisi merti bumi ing dhusun Tunggul Arum, kecamatan Turi, kabupaten Sleman. 2. Ngandharaken kadospundi prosesi upacara tradhisi merti bumi ing dhusun Tunggul Arum, kecamatan Turi, kabupaten Sleman. 3. Kangge ngandharaken sesaji saha makna simbolik sesaji saha pusaka tombak tunggul wulung wonten ing upacara tradisi merti bumi ing dhusun Tunggul Arum, kecamatan Turi, kabupaten Sleman.ingkang dipunginakaken wonten ing upacara tradisi Merti bumi ing dhusun Tunggul Arum, kecamatan Turi, kabupaten Sleman. 4. Kangge ngandharaken paedah kangge masyarakat dipunwontenaken upacara tradisi merti bumi wonten ing Dhusun Tunggul Arum, kecamatan Turi, kabupaten Sleman.

F. Paedah Panaliten

Panaliten menika dipunajab supados saged suka manfangat kangge pamaos menapa dene masyarakat kadosta, metode saha perangan-perangan sanes wonten ing panaliten menika samangke saged dados acuan panaliten- panaliten budaya ingkang sejenis. Asiling panaliten upacara tradisi merti bumi Tunggul Arum menika, ngemu teges piwulang luhur ingkang saged dipunginakaken kangge pembinaan sosial budaya masarakat Indonesia, saha saged dipunginakaken kangge ngrembakaken kabudayan nasional ingkang mliginipun kabudayan dhaerah. Panaliten menika ugi saged kangge nambah seserepan bab upacara tradhisi merti bumi saha makna saking ubarampe ingkang dipunginakaken. Kadospundi prosesi upacara tradhisi merti bumi, saha menapa kemawon wujud kaliyan makna sesaji kaliyan ubarampe upacara tradhisi merti bumi menika. Saking informasi merti bumi menika saged nambah dhaptar objek wisata kangge pamaos panaliten menika. Kangge masarakat wonten ing Tunggul Arum, panaliten menika nggadhahi paedah supados samangke saged dipundadosaken satunggaling pemahaman saha kesadaran kangge masyarakat supados ndherek nguri-uri saha nyengkuyung adat-istiadat mliginipun upacara tradhisi merti bumi ing wilayah Tunggul Arum. Upacara ritual menika minangka pandonga supados warga ing Tunggul Arum tansah pinaringan kaslametan, kaberkahan saha katentreman. Inventarisasi saha dokumentasi upacara tradhisi merti bumi ing Tunggul Arum saha asiling panaliten menika samangke saged dipundadosaken sumbangan data kangge nambah referensi bab upacara adhat ingkang wonten ing Kabupaten Sleman. Asiling panaliten menika ugi saged dipundadosaken bahan pertimbangan Pemerintah Daerah Kabupaten Sleman supados supados saged nambah Pendapatan Asli Daerah PAD mawi potensi pariwisata. 9 BAB II GEGARAN TEORI

A. Kabudayan