Wujud Humor Keseleo Lidah Salah Ucap

12. Wujud Humor Definisi

Wujud humor definisi ing panaliten menika dipunpanggihaken kalih topik humor inggih menika humor panglipur saha humor seks. Fungsi humor ingkang kapanggihaken namung wonten setunggal inggih menika namung kangge panglipur kemawon. Andharan saking wujud humor definisi saged dipunwaos ing ngandhap menika. a. Wujud humor definisi ingkang gadhah topik humor panglipur saha gadhah fungsi kangge panglipur. Konteks : Kolik paring pitakenan dhateng Bagio bab tegesipun rodha. Kolik : “Apa sebabe diarani rodha?” Bagio : “Rodha kuwi, loro kudu padha. Nek sitoke bunder, sitoke kothak – kothak gak esoh mlaku” DSKDCdata.41, 03: 30 Pethikan ing inggil kalebet ing humor definisi. Humor ing pethikan menika katitik saking andharan teges rodha dening Bagio. Bagio mangsuli pitakenan Kolik bab tegesipun rodha kanthi tuturan, ‘Rodha kuwi, loro kudu padha’. Rodha inggih menika glindhinganing kreta, sepedha lan sapanunggalanipun ingkang wujudipun bunder, saged kadamel saking maneka warni bahan karet, wesi, kayu lsp. Rodha wonten ing konteks menika gayut kaliyan sepedha ingkang gadhah rodha kalih saengga Bagio negesi tembung rodha inggih menika ‘loro kudu padha’ ‘kalih kedah sami’. Andharan teges saking rodha ingkang nyebal menika ingkang ngemot raos lucu satemah saged damel tiyang ingkang mireng gumujeng. Pethikan ing inggil gadhah topik humor inggih menika humor panglipur. Humor ing pethikan ing inggil tuwuh awit wontenipun andharan teges saking rodha ingkang nyebal saking teges ingkang sejatosipun, ‘Rodha kuwi, loro kudu padha’. Humor menika boten tumuju ing perkawis – perkawis tartamtu satemah boten wonten ayahan tartamtu ingkang dipunpanggihaken ing salebeting humor menika. Bab menika ingkang ndayani humor ing inggil gadhah topik minangka humor panglipur. Fungsi humor ing pethikan ing inggil inggih menika kangge panglipur dhateng tiyang sanes mliginipun ingkang mireng saha mirsani video humor. Gayut kaliyan konteksipun inggih menika Kolik ingkang paring pitakenan dhateng Bagio bab tegesipun rodha. Bagio ingkang paring andharan ingkang nyebal bab tegesipun rodha menika nedahaken bilih ancasing humor menika namung kangge damel bingahing manah satunggaling tiyang, supados saged ngirangi sedaya raos ingkang ngresahi ing manah saha ing panggalih ingkang nembe dipunadhepi dening tiyang sanes. b. Wujud humor definisi ingkang gadhah topik humor seks saha gadhah fungsi kangge panglipur. Konteks : Kolik paring pitakenan dhateng Bagio bab tegesipun garbu. Kolik : “apa sebabe diarani garbu?” Bagio : “Nek gak mbegar, gak esoh mlebu”. DSKDCdata.43, 04: 13 Pethikan ing inggil kalebet ing humor definisi. Humor ing pethikan menika katitik saking andharan teges garbu dening Bagio. Bagio mangsuli pitakenan Kolik bab tegesipun garbu kanthi tuturan, ‘Nek gak mbegar, gak esoh mlebu’. Garbu wonten ing konteks menika gayut kaliyan sepedha. Garbu inggih menika perangan sepedha ingkang kangge ngapit rodha, ananging teges ingkang dipunandharaken Bagio menika saged dipuntegesi maneka warni utawi nuwuhaken raos saru dening pamirengipun, saengga ndadosaken satunggaling humor. Andharan teges saking garbu ingkang nyebal menika ingkang ngemot raos lucu satemah saged damel tiyang ingkang mireng gumujeng. Pethikan ing inggil kalebet humor seks amargi topik ingkang dipunginakaken kangge ngripta humor kasebat ngginakaken perkawis ingkang tabu saha tembung – tembung ingkang tegesipun namung saged dipunmangertosi dening tiyang ingkang sampun diwasa. Humor seks ing pethikan ing inggil katitik saking andharan teges garbu ingkang dipuntuturaken dening Bagio, ‘Nek gak mbegar, gak esoh mlebu’. Teges saking garbu ingkang dipunandharaken Bagio menika saged dipuntegesi saru dening pamirengipun awit tembung – tembungipun menika gayut kaliyan babagan solahipun tiyang ingkang sampun gesang bebrayan. Perkawis menika ingkang ndadosaken pethikan menika lucu saha saged ndadosaken tiyang ingkang mireng gumujeng. Lare enem utawi alit angel anggenipun nampi humor menika awit lare enem utawi alit menika namung saged negesi kanthi teges denotasi. Humor menika namung saged dipuntampi dening tiyang ingkang sampun mangertosi babagan seks kemawon, mliginipun tiyang ingkang sampun diwasa. Bab menika ingkang mujudaken bilih humor menika gadhah topik humor minangka humor seks. Fungsi humor ing pethikan ing inggil inggih menika kangge panglipur dhateng satunggaling tiyang. Gayut kaliyan konteksipun inggih menika Kolik paring pitakenan dhateng Bagio bab tegesipun garbu saha dipuntegesi ingkang nyebal dening Bagio. Humor menika namung mujudaken satunggaling humor ingkang kangge panglipur. Sinaosa humor menika gadhah wosing topik minangka humor seks, ananging boten kapanggihaken ancas utawi ayahan tartamtu ing salebeting humoripun kejawi namung kangge damel tiyang gumujeng ngengingi pangertosan saking garbu.

13. Wujud Humor Interupsi

Wujud humor interupsi ing panaliten menika dipunpanggihaken tigang topik humor inggih menika humor panyaruwe ingkang gadhah fungsi kangge paring kesadharan bilih tiyang sanes dereng temtu leres. Humor panglipur ingkang gadhah fungsi kangge panglipur saha humor seks ingkang ugi gadhah fungsi kangge panglipur. Andharan saking wujud humor interupsi saged dipunwaos ing ngandhap menika. a. Wujud humor interupsi ingkang gadhah topik humor panyaruwe saha gadhah fungsi kangge paring kesadharan bilih tiyang sanes dereng temtu leres. Konteks : Pawicantenan antawisipun Kirun saha Bagio. Kirun duka kalih Bagio awit sumerep Bagio wantun lenggah wonten ing bangkunipun Juragan Kolik. Kirun : “Kowe pantes ngono kuwi?. Kuwi lungguhane sapa delok?. Kono kuwi lungguhane juragan. Kowe karo aku ki trima pembantu, kok esoh wani lungguh ning kursi. Mengko kon ngepel mengko, bokongmu nemplok kabeh, ndebol ana apane delok?”. Bagio : “Untunge lambemu ok ra entek. Kowe nek ngomong nyecret ae ngono kuwi. Aku ki bojomu pa?” Kirun : “Lha nyapo aku rabi kowe kok sajakmu”. DSKHKdata.2, 02: 25 Pethikan ing inggil kalebet ing humor interupsi. Humor interupsi ing pethikan menika katitik saking tanggepanipun Bagio. Bagio ingkang mirengaken tuturan Kirun ingkang nembe duka, lajeng paring tanggepan ngengingi pernyataanipun Kirun kanthi tuturan, ‘Untunge lambemu ok ra entek. Kowe nek ngomong nyecret ae ngono kuwi. Aku ki bojomu pa?’. Bagio ingkang karaos anyel saha duka katitik saking swantenipun ingkang inggil menika ngina Kirun bilih tutukipun menika kekathahen anggenipun micanten saengga Bagio nyebat Kirun kanthi, ‘lambemu ok ra entek’ saha ‘Kowe nek ngomong nyecret ae’. Salajengipun, Bagio ugi paring pernyataan awit mirengaken Kirun ingkang kathah micanten, inggih menika Bagio rumaos bilih piyambakipun menika kados garwanipun Kirun ‘Aku ki bojomu pa?’. Tuturan saking Bagio menika mujudaken interupsi ngengingi pernyataanipun Kirun, awit tanggepanipun Bagio menika mujudaken satunggaling tanggepan ingkang nyebal saking menapa ingkang nembe dipunrembag Kirun. Bab menika ingkang ngemot raos lucu, satemah saged damel tiyang ingkang mireng gumujeng. Pethikan ing inggil gadhah topik humor inggih menika humor panyaruwe. Wujud panyaruwe ing pethikan menika katujuaken kangge satunggaling tiyang, inggih menika kangge Bagio ingkang tumindak sapurunipun sinaosa namung dados batur. Bagio wantun lenggah wonten ing bangkunipun Juragan Kolik, ‘...Kowe karo aku ki trima pembantu, kok esoh wani lungguh ning kursi. Mengko kon ngepel mengko, bokongmu nemplok kabeh, ndebol ana apane delok?’. Tuturan menika mujudaken humor awit Kirun micanten kanthi swanten ingkang cepet saha boten dipunpedhot. Tuturan menika ugi mujudaken satunggaling panyaruwe dhateng Bagio ingkang tumindak sapurunipun saha boten kemutan bilih piyambakipun