Konteks : Kirun nyekar sekar dolanan Menthok – Menthok kanthi kanthi ewah ewahan lirik mawi nuthuk kenthongan.
Kirun : “Lagune cah cilik – cilik jaman biyen. Thog men thog men tak
kandani... thog men”. Bagio :
“Gek nyang apa thog thog men”. DSKHKdata.27, 01: 04: 25
Pethikan ing inggil mujudaken perpaduan antawisipun humor puisi ingkang wujudipun syair saha humor keseleo lidah salah ucap. Pethikan ing
inggil mujudaken humor puisi ingkang wujudipun syair. Dipunwastani humor puisi awit Kirun nyekar sekar dolanan menthog – menthog kanthi ewah –
ewahan lirik miturut kersanipun, ‘Thog men thog men tak kandani... thog men’. Ing salebeting ewah – ewahan lirik sekar dolanan ingkang
dipunsekaraken Kirun kalawau ugi mujudaken humor keseleo lidah salah ucap. Titikanipun kalebet humor keseleo lidah salah ucap inggih menika
wontenipun tembung ‘thog men’. Tembung ‘thog men’ menika ewah – ewahan saking tembung ‘menthog’. Ewah – ewahan menika mujudaken
satunggaling humor saengga ngemot raos lucu. Salajengipun, humor sanesipun katitik saking tanggepanipun Bagio ngengingi sekar dolanan
ingkang dipunsekaraken dening Kirun, ‘Gek nyang apa thog thog men’. Bagio ingkang karaos anyel kalih Kirun awit nyekar namung sapurunipun,
paring tanggepan kanthi ewah – ewahan lirik ingkang ugi miturut kersanipun. Bab menika ingkang ngemot raos lucu, satemah saged damel tiyang ingkang
mireng gumujeng. Pethikan ing inggil gadhah topik humor inggih menika humor
panglipur. Humor ing pethikan menika tuwuh awit wontenipun ewah – ewahan sekar dolanan ‘menthog – menthog’ ingkang dados ‘thog men – thog
men’ ingkang dipunsekaraken dening Kirun. Perkawis sanes ingkang dados humor ing pethikan menika inggih menika tanggepanipun Bagio ngengingi
sekar ingkang nembe dipunsekaraken dening Kirun, ‘Gek nyang apa thog thog men’. Tanggepan menika tuwuh awit Bagio karaos anyel kaliyan Kirun
awit nyekar namung sapurunipun saengga ndadosaken Bagio paring tanggepan kanthi ewah – ewahan lirik ingkang ugi miturut kersanipun. Boten
wonten ayahan tartamtu ing salebeting humor ingkang dipundamel. Humor menika namung dipundamel namung kangge damel tiyang ingkang mireng
saged gumujeng mliginipun babagan ewah – ewahan sekar dolanan menthog – menthog. Bab menika ingkang mujudaken bilih pethikan ing inggil gadhah
topik humor minangka humor panglipur. Fungsi humor ing pethikan ing inggil inggih menika kangge panglipur
dhateng tiyang sanes. Gayut kaliyan konteksipun inggih menika Kirun ingkang nyekar sekar dolanan Menthog – Menthog kanthi nuthuk kenthongan
menika boten mujudaken satunggaling humor ingkang gadhah ancas tartamtu tartamtu kejawi namung kangge damel tiyang gumujeng. Kirun saha bagio
namung ngupaya damel bingahipun tiyang supados saged gumujeng, satemah saged mujudaken swasana ingkang langkung fresh saha boten katingal serius.
Perkawis menika ingkang nedahaken bilih humor menika namung gadhah fungsi kangge sarana panglipur.
11. Wujud Humor Keseleo Lidah Salah Ucap
Wujud humor keseleo lidah salah ucap ing panaliten menika dipunpanggihaken kalih wosing topik humor inggih menika humor panglipur
saha humor etnis. Fungsi humor ingkang kapanggihaken namung wonten setunggal inggih menika namung kangge panglipur. Andharan saking wujud
humor keseleo lidah salah ucap saged dipunwaos ing ngandhap menika a.
Wujud humor keseleo lidah salah ucap ingkang gadhah topik humor panglipur saha gadhah fungsi kangge panglipur.
Konteks : Bagio ingkang nembe nyamun dados Panji Remeng badhe ngadhili Kolik Ratu Kelana Badra awit saderengipun Kolik
kepengin mejah Bagio ingkang sowan ing negaranipun. Kolik
: “Aku aja dilebokne pakunjaran aku”. Bagio
: “Ora, tak ngge pakan jaran ora” DSKKEBRdata.123, 41: 55
Pethikan ing inggil kalebet ing humor keseleo lidah salah ucap. Humor keseleo lidah salah ucap ing pethikan menika katitik saking
tembung ‘pakunjaran’ ingkang dipunewah – ewahi dados tembung ‘pakan jaran’, ‘Ora, tak ngge pakan jaran ora’. Tuturan menika tuwuh awit Bagio
rumaos boten mireng ukara menapa ingkang dipuntuturaken dening Kolik. ‘Pakan jaran’ ing konteks tuturan menika boten gadhah teges menapa –
menapa. Bab menika ingkang ngemot raos lucu, satemah saged damel tiyang ingkang mireng gumujeng.
Pethikan ing inggil gadhah topik humor inggih menika humor panglipur. Humor ing pethikan menika tuwuh awit wontenipun ewah –
ewahan tembung saking tanggepanipun Bagio ngengingi pernyataanipun Kolik, ‘Ora, tak ngge pakan jaran ora’. Kolik ingkang ajrih nalika ngadhepi
Bagio menika micanten nyuwun kawelasan bilih piyambakipun ampun dipunlebetaken pakunjaran. Bagio ingkang rumaos boten mireng ukara
ingkang dipuntuturaken Kolik menika, nyebat tembung ‘pakunjaran’ kanthi
dipunewah – ewahi dados ‘pakan jaran’. Tembung pakan jaran ing konteks menika boten gadhah teges menapa – menapa satemah boten wonten ayahan
tartamtu ing salebeting humor menika. Humor ing pethikan menika namung tuwuh saking ewah – ewahan tembungingkang dipuntuturaken dening Bagio.
Bab menika ingkang mujudaken humor menika gadhah topik humor minangka humor panglipur.
Fungsi humor ing pethikan ing inggil inggih menika kangge panglipur satunggaling tiyang mliginipun ingkang mireng saha mirsani video humor.
Gayut kaliyan konteksipun inggih menika Bagio ingkang nembe nyamun dados Panji Remeng badhe ngadhili Kolik Ratu Kelana Badra. Perkawis
menika nedahaken bilih Bagio ngupaya namung damel tiyang gumujeng ngengingi ewah – ewahan tembung ‘pakunjaran’ ingkang dados ‘pakan jaran’
supados tiyang saged ngirangi raos ingkang tegang ing salebeting batosipun utawi boten karaos serius nalika mirsani video menika sinaosa alur
adheganipun nembe inggil. b.
Wujud humor keseleo lidah salah ucap ingkang gadhah topik humor etnis saha gadhah fungsi kangge panglipur.
Konteks : Bagio Panji Doyok micanten bab kahananipun kekalih putrinipun Paman Kudana Warsa ingkang sampun tresna kaliyan
Panji Asmara Bangun. Bagio
: “Aku ora kok belani ya ora. Nanging, bocah iki mau wis semangget tresna karo Asmara Tangi”
Kirun : “Bangun”
Bagio : “Bangun kuwi ora tangi ta?” DSKKEBRdata.117, 22: 10
Pethikan ing inggil kalebet ing humor keseleo lidah salah ucap. Humor keseleo lidah salah ucap katitik saking sebatan nama Panji Asmara