Pirantining Panaliten CARA PANALITEN

E. Caranipun Nganalisis Data

Caranipun nganalisis data ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten menika inggih menika teknik deskriptif. Panaliti ngandharaken sedaya data ingkang dipunpanggihaken ing salebeting tuturanipun paraga. Bab ingkang dipunandharaken inggih menika wujud humor, wosing topik humor saha fungsining humor ing Depot Seni Kirun. Cara anggenipun nganalisis data dipuntindakaken kanthi kalih tahap inggih menika tahap wiwitan saha tahap lanjutan. Wonten ing pangolahing data, data ingkang sampun dipunwiwiti nalika nyemak tuturanipun para paraga ing video humor Depot Seni Kirun,. Dipunpanggihaken wujud humor, topik humor saha fungsining humor, salajengipun dipunserat ing kartu data. Saksampunipun data dipunserat ing kartu data, tahap salajengipun inggih menika tahap lanjutan. Tahap lanjutan dipuntindakaken kanthi cara 1 Data ingkang sampun dipunkempalaken kalawau, salajengipun dipunpantha – pantha miturut wujud humor ingkang jumbuh kaliyan teori landhesanipun saha jumbuh kaliyan kreteria – kreteria ingkang dipunginakaken ing panaliten, saengga saged dipunasilaken wujud humor ingkang leres. 2 Data kasebat dipunpantha – pantha malih miturut topik humor ingkang jumbuh kaliyan teori landhesanipun saha jumbuh kaliyan kreteria – kreteria ingkang dipunginakaken ing panaliten, dumugi dipunasilaken topik humor ingkang leres. 3 Salajengipun, data menika dipunpantha – pantha malih dumugi dipunasilaken fungsi saking humor. Fungsining humor kapanggihaken kanthi cara panaliti gayutaken konteks ukara, frasa, klausa saha tembung ingkang ngemot unsur humor. Salajengipun, fungsi humor menika dipunpanggihaken kanthi cara panaliti jumbuhaken kaliyan teori landhesanipun saha jumbuhaken kaliyan kreteria – kreteria ingkang dipunginakaken ing panaliten, satemah panaliti saged mendhet dudutan bab fungsining humor ingkang leres.

F. Validitas saha Reliabilitas

Kangge madosi data ingkang valid, wonten ing panaliten menika ngginakaken validitas saha reliabilitas. Validitas ingkang dipunginakaken inggih menika validitas triangulasi teori, validitas semantik saha tetimbangan ahli. Validitas triangulasi teori dipuntindakaken kanthi cara jumbuhaken data kaliyan teori – teori ingkang dipunginakaken minangka dhasar utawi landhesan. Validitas semantik inggih menika cara negesi data kanthi nggatosaken konteksipun. Salajengipun, tetimbangan ahli dipuntindakaken kanthi cara konsultasi babagan asil panalitenipun kaliyan ahli ingkang mangertosi bidang ingkang dipunteliti. Wonten ing panaliten menika ingkang dados ahli inggih menika dosen pembimbing. Tuladha saking triangulasi data, kangge mbuktekaken wujud humor keseleo lidah salah ucap inggih menika : Kirun : “cari solusi, jalan keluar” Bagio : “nyapo kok polisi kon jalan keluar?” Saking tuladha ing inggil menawi dipungayutaken kaliyan teori babagan wujud humor inggih menika kalebet ing humor keseleo lidah salah ucap. Humor keseleo lidah salah ucap kadamel awit wontening pocapan tembung ingkang klentu utawi sengaja dipunewah - ewahi. Konteks saking pethikaning inggil inggih menika Kirun saha Bagio ingkang minangka buruh batur ing dalemipun Juragan Kolik ngupaya pados margi kagem Widya saha Shinta ingkang dipunsandra dening Juragan Kolik supados saged mlajeng saking dalemipun Juragan Kolik. Humor keseleo lidah salah ucap ing pethikan menika katitik saking tuturanipun Bagio ingkang dipunewah – ewahi ngengingi pernyataanipun Kirun. Bagio ingkang boten sengaja klentu anggenipun mirengaken tuturanipunipun Kirun, nyebat tembung ‘solusi’ dados tembung ‘polisi’. Pocapan ingkang dipenewah ewahi dening Bagio menika ingkang ngemot raos lucu saha ndadosaken pethikan ing inggil kalebet ing humor keseleo lidah salah ucap. Tuladha topik humor ingkang kalebet ing humor seks, inggih menika : Kirun : “Haa... Sundel Bolong... Sundel Bolong” Bagio : “Halah... iki mesti ora a sundel tetep bolong” Kirun : “Lambemu” Pethikan ing inggil kalebet ing humor seks amargi topik ingkang dipunginakaken kangge ngripta humor kasebat ngginakaken perkawis ingkang tabu saha tembung – tembungipun ingkang tegesipun namung saged dipunmangertosi dening tiyang ingkang sampun diwasa. Konteks saking pethikan ing inggil inggih menika Kirun saha Bagio ingkang nembe rondha ing satunggaling margi dhusun, lajeng kaget awit Widya saha Shinta dhateng kanthi boten dipundugi, amargi saderengipun Kirun saha Bagio menika nembe sumerep setan. Humor seks ing pethikan ing inggil katitik saking tembung ‘bolong’ ing salebeting tuturanipun Bagio. Tembung ‘bolong’ ing salebeting tuturan ingkang dipunginakaken dening Kirun gadhah teges inggih menika ngandharaken nama setan inggih menika ‘Sundel Bolong’. Sundel Bolong inggih menika setan ingkang wujudipun tiyang estri ananging pengkeranipun menika bolong saengga dipunsebat sundel bolong. Salajengipun, tuturan ingkang dipunginakaken dening Bagio menika ‘Halah, iki mesti ora a sundhel tetep bolong’, gadhah teges ingkang beda. Tembung ‘bolong’ ingkang dipunmaksud menika gadhah sambet rapetipun kaliyan perangan badanipun tiyang estri. Perkawis menika ingkang ndadosaken pethikan ing inggil ngemot raos lucu saha saged ndadosaken tiyang gumujeng. Humor menika namung saged dipuntampi dening tiyang ingkang sampun mangertosi babagan seks kemawon, mliginipun tiyang ingkang sampun diwasa. Bab menika ingkang ndadosaken pethikan ing inggil mujudaken humor seks. Tuladha humor ingkang gadhah fungsi kangge panglipur, inggih menika : Kirun : “cari solusi, jalan keluar” Bagio : “nyapo kok polisi kon jalan keluar” Humor ing inggil gadhah fungsi kangge sarana panglipur. Perkawis menika saged katingal saking humor ingkang dipundamel, inggih menika saking ewah – ewahan tembung dening Bagio ngengingi tuturanipun Kirun. Pocapan ingkang dipunewah – ewahi inggih menika tembung ‘solusi’ ingkang dados tembung ‘polisi’. Tembung ‘polisi’ ing konteks tuturanipun Bagio menika boten gadhah sambet rapetipun kaliyan perkawis tartamtu satemah Bagio namung ngupaya damel bingahipun tiyang kanthi gumujeng ngengingi plesetan tembung. Reliabilitas ingkang dipunginakaken inggih menika reliabilitas stabilitas. Panaliti ningali saha nganalisis data kanthi tliti saha dipunambali saengga data ingkang dipunpanggihaken saged ngasilaken data ingkang valid.