Jinising Panaliten Data saha Sumber Data

Tabel Salajengipun, 1 2 3 2 Meringankan Beban Humor ingkang wosipun kangge ngirangi raos ingkang ngresahi ing panggalih beban mental satunggaling tiyang. 3 Panglipur Humor ingkang wosipun boten tumuju ing perkawis - perkawis tartamtu ananging humor menika dipundamel namung kangge ndadosaken tiyang gumujeng. 4 Etnis Humor ingkang wosipun tindak tanduk, adat istiadat, utawi cara panggalihipun kelompok utawi golongan tartamtu. Biasanipun gayut kaliyan basa. 5 Politik Humor ingkang wosipun ngengingi kahanan politik ingkang kadadosan wonten ing satunggaling negara. 6 Seks Humor ingkang wosipun ngengingi perkawis ingkang dipunanggep boten limrah tabu ing masarakat. Biasanipun namung saged dipunmangertosi dening tiyang ingkang sampun diwasa. 7 Agami Humor ingkang wosipun inggih menika tata cara ngibadah, paugeran – paugeran agami utawi kapitadosan tartamtu. 8 Pergaulan Humor ingkang wosipun inggih menika tata cara pergaulan utawi paugeran sabendintenipun wonten ing masarakat. Tabel 3 : Fungsi Humor No Fungsi Humor Kreteria 1 2 3 1 Kangge panglipur Humor ingkang dipundamel namung kangge ndadosaken tiyang gumujeng awit boten wonten ancas utawi ayahan tartamtu ing salebeting humor. 2 Paring panyaruwe Panyaruwe ngengingi satunggaling tiyang, objek, kahanan utawi perkawis tartamtu kadosta bab politik, sosial, budaya, agami lan sapanunggalanipun. 3 Piranti kangge paring gagasan utawi pamrayogi Wujud gagasan utawi pamrayogi saged ngengingi perkawis utawi kahanan tartamtu bab politik, sosial, budaya, agami lan sapanunggalanipun 4 Mujudaken kawicaksanan utawi penyegaran Wujud kawicaksanan utawi penyegaran saged ngengingi maneka warni perkawis ingkang gadhah paedah kangge masarakat. Tabel salajengipun, 1 2 3 5 Paring kesadharan bilih tiyang sanes dereng temtu leres Paring kesadharan awit wontening tumindak saha cara panggalih ingkang klentu dening satunggaling tiyang ingkang boten jumbuh kaliyan norma – norma utawi paugeran ingkang wonten ing masarakat. 6 Paring informasi Humor ingkang wosipun maringi informasi. Wujud informasi saged ngengingi maneka warni perkawis ingkang gadhah paedah kangge masarakat. Piranti sanes ingkang dipunginakaken panaliti inggih menika kartu data ingkang dipunginakaken kangge nyathet sedaya data ingkang dipunpanggihaken saking ningali video, piranti pambiyantu sanes inggih menika CD saha laptop. Tabel 4 : Wujud kartu data; Sumber data : kaset 1. Hukum Karma data.15, 27: 35 Konteks Kirun saha Bagio ngupaya pados margi kagem Widya saha Shinta ingkang dipunsandra dening Juragan Kolik supados saged mlajeng saking dalemipun Juragan Kolik. Tuturan Kirun : “cari solusi, jalan keluar” Bagio : “nyapo kok polisi kon jalan keluar” Wujud humor Humor keseleo lidah salah ucap, awit wontenipun tembung ingkang dipunewah – ewahi inggih menika tembung “polisi” ingkang dados tembung “solusi” Topik humor Humor panglipur, awit boten tumuju ing perkawis tartamtu saha boten wonten ancas tartamtu salebeting humor ingkang dipundamel. Fungsi Kangge sarana panglipur awit humor menika dipundamel namung kangge damel tiyang gumujeng ngengingi ewah – ewahan tembung.