Panaliten Ingkang Jumbuh GEGARAN TEORI

etnis, inggih menika humor ingkang wosipun ngandharaken tindak tanduk, adat istiadat, utawi cara panggalihipun kelompok etnis tartamtu. Biasanipun gayut kaliyan basa. Humor seks, inggih menika humor ingkang wosipun ngengingi perkawis ingkang dipunanggep tabu utawi boten limrah ing masarakat. Humor politik, inggih menika humor ingkang wosipun ngengingi perkawis politik ingkang nembe kadadosan, sipatipun dinamis saha kontekstual. Humor agami, inggih menika humor ingkang wosipun ngengingi perkawis – perkawis bab agami. Humor pergaulan, inggih menika humor ingkang gadhah cakepan ingkang wiar, ingkang saged nglibataken tataran yuswa saha maneka warni topik utawi irah – irahan humor. Fungsi humor inggih menika menapa ingkang dados sebab paraga anggenipun damel humor. Humor gadhah fungsi inggih menika kangge sarana panglipur, paring panyaruwe, piranti kangge paring gagasan utawi pamrayogi, kangge mujudaken kawicaksanan utawi penyegaran, kangge paring kesadharan bilih tiyang sanes dereng temtu leres, saha kangge paring informasi. 47

BAB III CARA PANALITEN

A. Jinising Panaliten

Panaliten menika ngginakaken jinis panaliten deskriptif, inggih menika panaliten ingkang nggambaraken data punapa wontenipun saking perkawis ingkang dipunteliti. Ing panaliten menika kaandharaken bab humor ingkang dipunginakaken dening paraga ing salebeting video humor Depot Seni Kirun. Bab ingkang kaandharaken inggih menika wujud humor, topik humor saha fungsining humor ing Depot Seni Kirun.

B. Data saha Sumber Data

Panaliten menika ngrembag babagan humor ingkang gayut kaliyan wujud humor, topik humor saha fungsi humor. Data ing panaliten menika kapanggihaken ing tuturan para paraga wonten ing salebeting video humor Depot Seni Kirun versi kaset. Data wonten ing panaliten menika awujud tembung, frasa, klausa utawi ukara ingkang ngemot unsur humor lucu. Data ingkang ngemot unsur humor lucu katitik saking swantenipun pamireng utawi pamiarsa humor ingkang gumujeng ing salabeting video, diksi – diksi ingkang dipunginakaken paraga saha pamanggihipun panaliti piyambak. Sumber data panaliten inggih menika video kanthi irah – irahan Hukum Karma, Dukun Calak, Temanten Wurung, saha Kirun Edan Bagio Dadi Ratu. Ingkang wonten ing sekawan video menika kathah dipunpanggihaken wujud humor saha topik humor minangka kajian panaliten.

C. Caranipun Ngempalaken Data

Cara anggenipun ngempalaken data dipuntindakaken kanthi teknik semak saha teknik nyathet. Teknik semak inggih menika teknik ingkang dipunginakaken kangge manggihaken data kanthi cara nyemak panganggening basa Mahsun, 2012: 92. Ingkang dipunmaksud teknik semak inggih menika panaliti nyemak kanthi permati tuturanipun paraga ing salabeting video humor Depot Seni Kirun kangge manggihaken data ingkang ngemu humor. Data ingkang ngemu humor katitik saking swantenipun pamireng utawi pamiarsa humor ingkang gumujeng ing salabeting video Depot Seni Kirun. Teknik semak dipuntindakaken kanthi cara 1 Panaliti ningali, mirengaken saha nggatosaken kanthi permati tuturanipun para paraga ing salabeting video humor Depot Seni Kirun saha supados langkung akurat, panaliti nyemak video kanthi dipunambal – ambali. 2 Data ingkang kapanggihaken ing tuturan para paraga inggih menika ingkang ngemot unsur humor lucu. Lucunipun humor menika relatif, ananging adhedhasar panaliten menika titikan lucu menapa botenipun saged dipuntingali saking swantenipun pamireng utawi pamiarsa humor ingkang gumujeng ing salabeting video. Titikan lucu ugi adhedhasar saking diksi – diksi ingkang dipunginakaken dening paraga humor, saha saking pamanggihipun panaliti piyambak. 3 Kangge manggihaken wujud humor saha topik saking humor,