Wujud Humor Setunggal Larik

kesadharan bilih tiyang sanes dereng temtu leres. Andharan saking wujud humor kalih larik saged dipunwaos ing ngandhap menika. a. Wujud humor kalih larik ingkang gadhah topik humor panglipur saha gadhah fungsi kangge panglipur. Konteks : Kirun ngupaya mucal Bagio bab caranipun momong putra ingkang leres saha sae. Kirun mucal kanthi cara upaminipun Kirun dados bayi saha Bagio ingkang dados ibunipun. Bagio : “Woalah, bocah cangkeme amba. Kaya Darmanta Gandon”. DSKHKdata.13, 15: 25 Pethikan ing inggil kalebet ing humor kalih larik awit kadadosan saking kalih larik utawi kalih ukara. Humor ing tuturan kasebat katitik saking tuturan ‘bocah cangkeme amba’ saha ‘Kaya Darmanta Gandon’. Ukara ingkang kaping pisan menika, ‘bocah cangkeme amba’ nedahaken perkawis ingkang dipundadosaken pirembagan ing tuturan menika inggih menika ngengingi tumindakipun Kirun ingkang saged dhahar pisang setunggal wetah sinaosa dados bayi. Ukara ingkang kaping kalih menika, ‘Kaya Darmanta Gandon’ minangka penegas saking humoripun. Humor menika kadadosan awit wontenipun wujud ingkang nyebal ngengingi perangan badan saking bayi. Bayi ingkang kedahipun gadhah tutuk ingkang alit menika dipunsebat dening Bagio gadhah tutuk ingkang wiyar. Bagio ugi nandhingaken tutukipun bayi ingkang kados kagunganipun Darmanta Gandon. Darmanta Gandon menika sejatosipun boten wonten tegesipun, namung minangka sebatan nama dening Bagio ingkang dipunginaaken kangge nandhingaken tutukipun Kirun ingkang dados bayi menika, satemah ndadosaken perkawis ingkang lucu saha ndadosaken tiyang ingkang mireng saged gumujeng. Pethikan ing inggil gadhah topik humor inggih menika humor panglipur. Humor ing pethikan ing inggil katitik saking tuturanipun Bagio ingkang mujudaken satunggaling wujud ingkang nyebal ngengingi kawontenan ingkang sejatos saking satunggaling tiyang mliginipun bayi. Bagio ingkang sumerep Kirun ingkang dados bayi menika saged dhahar setunggal pisang kanthi wetah. Lajeng, paring pernyataan kanthi tuturan ‘bocah cangkeme amba’. Salajengipun, kanthi sengaja Bagio nyebat Kirun menika kanthi sebatan kadya Darmanta Gandon. Darmanta Gandon ing konteks humor menika boten gadhah teges menapa – menapa. Sebatan nama Darmanta Gandon menika ugi boten tumuju dhateng satunggaling tiyang utawi objek tartamtu satemah boten wonten ayahan tartamtu ing salebeting humor menika. Humor menika dipundamel namung kangge nglipur saha damel gumujeng pamireng saha pamiarsanipun. Pethikan ing inggil gadhah fungsi kangge panglipur dhateng tiyang sanes mliginipun pamireng saha pamiarsa humoripun. Jumbuh kaliyan konteksipun, Kirun menika nembe mucal Bagio bab caranipun momong putra ingkang leres saha sae. Wonten ing adhegan menika Bagio micanten kanthi raos gumun awit tumindakipun Kirun ingkang saged dhahar pisang setunggal wetah sinaosa nembe dados bayi, satemah Bagio namung ngupaya damel bingahipun tiyang sanes kanthi raos gumujeng. b. Wujud humor kalih larik ingkang gadhah topik humor seks saha gadhah fungsi kangge paring kesadharan bilih tiyang sanes dereng temtu leres. Konteks : Bagio lenggah jejer kaliyan Wigati ing bangku wonten ing ruang tamu. Bagio kirang remen awit Wigati lenggah kanthi celak kaliyan piyambakipun. Bagio : “Ampun ngedhek – ngedhek kok. Kene we ora rangkepan e”. DSKTWdata.98, 38: 51 Pethikan ing inggil kalebet ing humor kalih larik awit kadadosan saking kalih larik utawi kalih ukara. Humor ing pethikan ing inggil katitik saking tuturan, ‘Ampun ngedhek – ngedhek kok’ saha ‘Kene we ora rangkepan e’. Ukara ingkang kaping pisan menika ‘Ampun ngedhek – ngedhek kok’ nedahaken perkawis ingkang dipundadosaken pirembagan bilih Bagio kirang remen kalihan tumindakipun Wigati. Ukara ingkang kaping kalih menika ‘Kene we ora rangkepan e’ minangka penegas saking humoripun. Humor menika kadadosan awit wontenipun tuturan ingkang nyebal dening Bagio saking pernyataan saderengipun awit nyumerepi tumindakipun Wigati. Bagio rumaos kirang sekeca awit sumerep tumindakipun Wigati ingkang lenggah jejer kanthi celak kaliyan piyambakipun, ‘Ampun ngedhek – ngedhek kok’ . Ukara menika dipuntuturaken Bagio kangge ngengetaken Wigati supados lenggahipun ampun celak – celak kaliyan piyambakipun. Salajengipun, Bagio micanten malih kanthi tuturan ‘Kene we ora rangkepan e’. Ukara menika ingkang mujudaken tuturan ingkang nyebal saking pernyataan Bagio saderengipun saha tuturan menika saged dipuntegesi maneka warni dening pamirengipun satemah ndadosaken perkawis ingkang lucu saha saged damel tiyang ingkang mireng gumujeng. Pethikan ing inggil gadhah topik humor inggih menika humor seks. Humor ing pethikan ing inggil gayut kaliyan kahananipun Bagio ingkang nembe lenggah jejer kanthi celak kaliyan Wigati. Tuturan ‘Kene we ora rangkepan e’ ingkang dipuntuturaken Bagio menika saged dipuntegesi maneka warni dening pamireng saha pamiarsanipun. Tuturan ‘ora rangkepan’ menika sejatosipun gadhah teges ingkang saged nuwuhaken raos saru dening pamirengipun. ‘Ora rangkepan’ ing tuturan menika boten namung dipuntegesi menawi Bagio kesupen boten ngagem rasukan ing salebeting clananipun, ananging sejatosipun tuturan menika ngemot kahananipun Bagio nalika celak kaliyan Wigati. Kahanan menika gayut kaliyan satunggaling perangan badan tiyang kakung ingkang saged ewah nalika celak kaliyan tiyang estri. Lare alit utawi enem angel anggenipun nampi humor menika awit lare enem utawi alit menika namung saged negesi kanthi teges denotasi. Tiyang diwasa saged gumujeng menawi mireng humor menika minangka tandha bilih humor menika saged katampi. Bab menika ingkang ndayani humor menika kalebet ing humor seks. Fungsi humor ing pethikan ing inggil inggih menika kangge paring kesadharan dhateng tiyang estri supados saged njagi tumindakipun. Gayut kaliyan konteks humor menika, Bagio micanten kanthi ngemot raos saru kangge ngemutaken tumindakipun Wigati ingkang miturut raosipun boten leres. Jumbuh kaliyan kawontenan ing pagesangan jaman samenika kathah tiyang estri ingkang tumindak sapurunipun kaliyan tiyang kakung. Awit saking menika Bagio ngupaya ngemutaken tiyang estri supados saged njagi