Paedahing Panaliten Pangertosan PURWAKA

a Teori Psikologi Teori psikologi dipunperang dados manika warni teori, ingkang kaping setunggal inggih menika teori evolusi utawi instink utawi biologi, teori menika ngandharaken bilih tumindak ingkang lucu menika sampun dipunbeta ing pribadhi manungsa wiwit lairipun, awit humor gadhah ancas kangge ngimbangi fungsi saking perangan – perangan badan manungsa. Ingkang kaping kalih inggih menika teori superioritas, teori menika ngandharaken bilih humor menika asalipun saking kalangkungan satunggaling tiyang dhateng tiyang sanes. Ingkang kaping tiga inggih menika teori inkongruitas, teori menika ngandharaken bilih humor saged kadadosan menawi wontenipun satunggaling perkawis ingkang boten laras, ingkang salajengipun saged nuwuhaken satunggaling perkawis ingkang nyebal saking kawontenan ingkang sejatos. Ingkang kaping sekawan inggih menika teori kejutan, teori menika ngandharaken bilih perkawis – perkawis ingkang tuwuh kanthi cara boten dipundugi menika saged nuwuhaken humor . Ingkang kaping gangsal inggih menika teori ambivalensi, teori menika ngandharaken bilih humor saged kadadosan amargi wontenipun tumindak ingkang mujudaken raos boten sarujuk . Ingkang kaping enem inggih menika teori kelepasan release saha keringanan relief, teori menika ngandharaken bilih humor gadhah fungsi kangge mbebasaken satunggaling tiyang saking raos ingkang boten sekeca ing salebeting manah saha panggalihipun. Ingkang kaping pitu inggih menika teori psikoanalis, teori menika ngandharaken bilih perkawis – perkawis ingkang lucu menika gayut kaliyan energi ing salebeting jiwa manungsa ingkang saged dipunicalaken kanthi cara humor, saengga kanthi mekaten saged ndadosaken raos bingahipun manungsa. Ingkang kaping wolu inggih menika teori konfigurasi, teori menika ngandharaken bilih humor menika saged dipunraosaken menawi wontening perkawis – perkawis ingkang sejatosipun dipunanggep boten wonten sambet rapetipun, ananging kanthi cara ingkang boten dipundugi saged mujudaken satunggaling perkawis ingkang wetah. Perkawis menika saged ndadosaken tiyang gumujeng menawi dipuntampi kanthi humor. b Teori Antropologi Teori antropologi inggih menika teori ingkang gadhah dhasar bilih humor menika limrahipun kadadosan ing antawisipun kelompok manungsa, utawi humor menika saged kadadosan sakboten – botenipun antawisipun kalih tiyang. c Teori Kebahasaan Teori menika gadhah dhasar bilih sedaya tindak tanduk manungsa menika sampun terekam ing panggalihipun, inggih menika ing salebeting peta semantis. Humor saged kadadosan amargi wontenipun perkawis ingkang nyebal ing salebeting peta semantis. Perkawis – perkawis ingkang nyebal kasebat saged ngrisak saha ndadosaken kawontenan peta semantis boten seimbang, ingkang salajengipun saged nuwuhaken raos lucu. Salajengipun, ing salebeting Encyclopaedia Americana 14 Pradopo, 1987: 5 wonten tigang jinis teori ingkang ngandharaken bab humor. Ingkang kaping setunggal inggih menika teori superioritas saha degradasi, ingkang kaping kalih inggih menika teori penyimpangan dalam harapan saha bisosiasi, ingkang pungkasan inggih menika teori pelepasan ketegangan saha pembebasan. Salajengipun, teori – teori menika kaandharaken ing ngandhap menika. a Teori superioritas saha degradasi Teori menika ngandharaken bilih humor inggih menika raos gumujeng awit wontenipun satunggaling perkawis ingkang dipunanggep langkung andhap, langkung awon, lan sapanunggalanipun. b Teori penyimpangan dalam harapan saha bisosiasi Teori menika ngandharaken bilih humor kadadosan amargi wontenipun satunggaling perkawis ingkang nyebal ngengingi perkawis sanesipun, saha awit wontening kalih perkawis utawi teges ingkang sejatosipun boten gadhah sambet rapetipun ananging saged mujudaken perkawis ingkang wetah. c Teori pelepasan ketegangan saha pembebasan Teori menika ngandharaken bilih humor kadadosan amargi wontening pembebasan saking ketegangan saha tekanan psikis. Teori – teori bab humor ingkang dipunandharaken dening Yunus saha Encyclopaedia Americana wonten ing inggil gadhah sambet rapetipun. Ingkang kaping setunggal inggih menika bilih teori superioritas saha degradasi ingkang dipunandharaken wonten ing Encyclopaedia Americana kalebet ing teori superioritas ing salabeting teori psikologi ingkang dipunandharaken dening Bakhrum Yunus. Ingkang kaping kalih inggih