Caranipun Nganalisis Data Validitas saha Reliabilitas

Reliabilitas ingkang dipunginakaken inggih menika reliabilitas stabilitas. Panaliti ningali saha nganalisis data kanthi tliti saha dipunambali saengga data ingkang dipunpanggihaken saged ngasilaken data ingkang valid. 58

BAB IV ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGAN

A. Asiling Panaliten

Perangan menika ngemot asiling panaliten inggih menika wujud humor, topik humor saha fungsining humor ing Depot seni Kirun. Asiling panaliten menika dipunandharaken wonten tabel ringkesan. Ing ngandhap menika tabel asiling panaliten babagan wujud humor, topik humor saha fungsining humor ing Depot Seni Kirun. Wondene data asiling panaliten ingkang jangkep saged dipuntingali wonten ing kaca lampiran. Tabel 5. Asiling panaliten wujud humor, topik humor, fungsi saha indikator humor ing Depot Seni Kirun No Wujud Humor Topik Humor Fungsi Humor Indikator 1 2 3 4 5 1 Setunggal larik Panglipur Panglipur Bagio : “Selamat malam Pak, Pak Arjojegek”. data 79 Wujud : kadadosan saking setunggal ukara. Topik : nyebat nama Juragan Kirun dados Pak Arjojegek. Fungsi : kangge panglipur, mliginipun babagan nyebat nama satunggaling tiyang. Seks Paring kesadharan bilih tiyang sanes dereng temtu leres Bagio : “Ahh.. gregeten tak rogoh gandhokmu”. data 102 Wujud : kadadosan saking setunggal ukara. Topik : tembung ‘gandhokmu’ ingkang Tabel salajengipun, 1 2 3 4 5 saged dipuntegesi saru. Fungsi : paring kesadharan supados tiyang saged njagi tumindakipun nalika mertamu. 2 Kalih larik Panglipur Panglipur Bagio : “Woalah, bocah cangkeme amba. Kaya Darmanta Gandon”. data 13 Wujud : kadadosan saking kalih ukara. Topik : nyebat nama Kirun dados Darmanta Gandon. Fungsi : kangge panglipur, mliginipun babagan nyebat nama satunggaling tiyang. Seks Paring kesadharan bilih tiyang sanes dereng temtu leres Bagio : “Ampun ngedhek – ngedhek kok. Kene we ora rangkepan e”. data 98 Wujud : kadadosan saking kalih ukara. Topik : tuturan ‘ora rangkepan’ ingkang saged dipuntegesi saru. Fungsi : paring kesadharan kangge tiyang estri supados saged njagi tumindakipun menawi celak kaliyan tiyang kakung. 3 Pawicante- nan Panyaruwe Paring panyaruwe ...Kirun : “Lha, sepuluh taun kok esoh ora ngerti tugase?. Senen aku ning ngarep, Tabel salajengipun, 1 2 3 4 5 Selasa kowe ning mburi, ....”. Bagio : “Lha, Minggu kok kowe menek”. data 4 Wujud : pawicantenan antawisipun kalih tiyang. Topik : panyaruwe kangge Bagio saha Kirun babagan padamelan. Fungsi : panyaruwe kangge tiyang supados mangetosi bab jejibahan nalika nyambut damel. Paring kesadharan bilih tiyang sanes dereng temtu leres ...Bagio : “Habis kalo kaya gini aku nggak kerasan deh. Aku nggak betah di rumah”. Kirun : “Ora, aja lunga ya le Kowe aja lunga”. Bagio : “Habis Papa sih kaya munyuk”. data 99 Wujud : pawicantenan antawisipun kalih tiyang. Topik : panyaruwe kangge Kirun ingkang asring duka kalih garwanipun. Fungsi : paring kesadharan kangge tiyang ingkang sampun gesang bebrayan supados ampun asring duka kalihan garwanipun. Meringan- kan beban Panglipur Kirun : “Niki mengke ora lara kok nggih.... Paling – paling kaya dicokot semut”. Tabel salajengipun, 1 2 3 4 5 Kolik : “Halah, ya enak ngono” Kirun : “Cekite kaya dicokot semut. Semut sak trek nika”. data 76 Wujud : pawicantenan antawisipun kalih tiyang. Topik : ngringanaken batosipun Bagio ingkang badhe nindakaken supit. Fungsi : kangge panglipur mliginipun babagan supit. Mujudaken kawicaksa- nan utawi penyegaran Kirun :“Sampeyan dongane, sing sunat kan mas Bagio?” Kolik : “inggih.” Kirun :“Kula nyuwun donga restune, moga-moga padhang dalane jembar kubure.” data 77 Wujud : pawicantenan antawisipun kalih tiyang. Topik : ngringanaken batosipun Bagio ingkang badhe nindakaken supit. Fungsi : mujudaken kawicaksanan utawi penyegaran supados tiyang remen memuji ing kahanan menapa kemawon. Panglipur Panglipur ...Kolik : “....awakmu numpak sepedha wis suwe ya?” Bagio : “Lho..lho.. rung enek donya we aku numpak sepedha” data 39. Tabel salajengipun, 1 2 3 4 5 Wujud : pawicantenan antawisipun kalih tiyang. Topik : panglipur babagan sepedha. Fungsi : kangge panglipur mliginipun babagan sepedha. Etnis Paring informasi Kirun : “... Surya anaknya Kirun. Ngono ki basa Arabe piye?” Bagio : “Surya binti Kirun”.... Kirun : “Bagio anaknya Pak Atang?” Bagio : “Bagio bin- Atang”. data 90 Wujud : pawicantenan antawisipun kalih tiyang Topik : gayut kaliyan basa Arab ‘bin saha binti’. Fungsi : paring informasi ngengingi basa Arab ‘bin’ saha ‘binti’ Seks Panglipur ...Bagio : “Meteng maksude berbadan dua”. Kirun : “Sitok awake sapa?”... Bagio : “Awake bojoku. Dadi bojomu karo bojoku ki adu bokong kelet”. data 8 Wujud : pawicantenan antawisipun kalih tiyang. Topik : tembung ‘bokong’ ingkang gadhah raos saru. Fungsi : kangge panglipur mliginipun babagan tiyang ingkang nembe wawrat