3 Menghargai dan Kompetensi Dasar

2. Melalui diskusi kelompok peserta didik dapat mengambil nilai-nilai dedaktik dari berita yang disimak dan merefleksikannya dalam kehidupan sehari-hari.

T. Materi Pembelajaran :

Pertemuan Pertama: Menyimak berita berbahasa Jawa UPACARA KADANG TANI ING TANAH JAWI Kadang Tani mliginipun ing tanah Jawi, menawi badhé wiwit nanem wonten ing sabin tansah nindakaken Adicara Metri Sawah utawi Wiwitan. Upacara menika minangka panyuwunan dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, supados asiling tetanèn ing mangkénipun saged kalis saking ama lan bebendu. Ing jaman modern menika, mbokbilih sampun kathah warga ingkang mboten mangertosi ngèngingi tradhisi menika. Pramila, Masyarakat Tradhisi Bantul ingkang dipunsengkuyung déning Mahapeserta didik ISI Ngayogyakarta ngadani upacara wiwitan kang dipunrawuhi wakil Bupati Bantul, Sumarno. Upacara kawiwitan kanthi mendhet winih pantun saking setunggaling sabin kagunganipun warga ing Bulak Pangkah, Sumberagung, Jetis, Bantul. Upacara Wiwitan menika dipunlajengaken wonten ing Lapangan Sumberagung. Pantun winih menika miturut tradhisi rumiyin dipunbagèkaken dhumateng sedaya kadang tani ingkang dipungéndhong déning sesepuhipun Dhusun. Wonten ing Lapangan Sumberagung, upacara Wiwitan dipunlajengaken dhahar tumpeng lan sekul wiwitan. Sekul wiwitan ingkang dipunwungkus ron pisang, saksampunipun dipundongani, lajeng kabagi dhumateng laré-laré. Swasana regeng sanget awit sedaya warga sami rebatan sekul wiwitan ingkang dipunjangkepi sambel Gepeng. Kanggé acara Ruwatan sawah saklajengipun ugi dipungelar ringgit Kancil minangka jangkeping acara merti sawah. Kejawi menika, masyara kat ugi dipunlipur déning manéka warna seni lan paméran kerajinan. http:bagongmendem.blogspot.com201209berita-dalam-bahasa- jawa_7.html Isi Berita: Isinipun teks pawarta ing nginggil inggih menika ngandharaken acara Merti Sawah kanthi upacara wiwitan tumrap kadang tani ing Bantul. Upacara wiwitan dipunwontenaken kangge ngonjukaken raos panuwun dhumateng Gusti kang Murbeng Dumadi supados anggenipun tetanen kalis saking ama taneman. Upacara kawiwitan kanthi mendhet winih pantun saklajengipun dipun bage dhateng para kadang tani. Sakbibaripun kalajengaken dhahar sekul wiwitan sesarengan kalajengaken pagelaran ringgit kancil. Kesimpulan Materi Berita: Dudutan saking teks pawarta inggih menika Ing tlatah Bantul para tani ngawontenaken tradhisi Merti Sawah utawi upacara wiwitan kangge nyenyuwun dhumateng Gusti Kang Murbeng Dumadi supados anggenipun olah tetanen saged kasil kanthi sae. Pertemuan Kedua: Teks Berita berbahasa Jawa Pokok-pokok berita kanthi adhedhasar 5 W + H 1. Pawarta bab tradisi Merti Sawah 2. Tradisi Merti Sawah katindakaken ing tlatah Bantul 3. Ingkang nindakaken para kadang tani dipun sengkuyung dening mahapeserta didik ISI. 4. Upacara dipun dindakaken kangge atur pa nyuwun dhateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi. 5. Lampahing acara kawiwitan saking mendhet winih pantun lajeng kabagekaken dhateng para warga tani saklajengipun dhahar tumpeng sekul wiwitan lan dipun pungkasi pagelaran wayang kancil sarta pentas seni. Tanggapan terhadap pembacaan berita Pamaosipun teks pawa rta saenipun nggatosaken bab wicara nggih menika anggenipun ngucapaken tetembungan kedah cetha, boten groyok,