D. Materi Pembelajaran
Unggah-ungguh Ing Basa Jawa
Tiyang Jawi menika nengenaken sanget unggah-ungguh utawi tata krama, amargi anggadhahi watak andhap asor. Ingkang dipunsebut unggah-ungguh inggih menika
pranataning basa miturut lenggahing tata krama. Dados wosing andharan saking pangertosan kasebut inggih menika bilih tiyang ingkang saged unggah-ungguh
kanthi sae, tiyang kasebut dados gadhah sipat ingkang santun, lembah manah, andhap asor, saha dipunajeni dening tiyang sanes. Unggah-ungguh dipunperang
dados kalih, inggih menika unggah-ungguh basa kaliyan unggah-ungguh tindak- tanduk.
kapethik saking Marsudi Unggah-ungguh Basa Jawa
2001:13 1.
Unggah-ungguh basa Unggah-ungguh basa menika gandheng raketipun kaliyan basa ingkang
dipunginakaken wonten ing wicantenan kaliyan tiyang sanes, inggih menika basa ngoko kaliyan kra ma. Basa ngoko menika dipunginakaken kangge wicantenan
antawisipun tiyang ingkang langkung enem, kanca sesrawungan, kanca kelas, saha kanca ingkang sapantaran. Menawi basa krama menika dipunginakaken kangge
tiyang ingkang langkung sepuh, tiyang ingkang dipunajeni, saha tiyang ingkang nembe tetepungan.
kapethik saking Marsudi Unggah-ungguh Basa Jawa 2001:13
2. Unggah-ungguh tindak-tanduk Ungggah-ungguh tindak-tanduk menika gayutipun kaliyan patrap kita wonten ing
pasrawungan kaliyan tiyang sanes. Dados tindak-tanduk kita ugi kedah dipunjagi. Supados saged damel tiyang wonten ing pasrawungan menika sumeh, legawa, remen,
saha tresna ing penggalih.
kapethik saking Marsudi Unggah-ungguh Basa Jawa 2001:14
Tuladha pacelathon antawisipun Ajeng saha Pak Lik Ajeng
:
“Nuwun sewu, ndherek langkung Pak Lik, saweg menapa?”
Pak Lik :
“Oh,,nak Ajeng, ki lagi maca majalah, kok awan
-awan le rene,
ana perlu apa nak Ajeng?”
Ajeng :
“Ngendikanipun Ibu, Simbah saweg gerah?”
Pak Lik :
“Oh, iya nak Ajeng, Simbah lagi gerah, ya wes kana mrana, mlebu niliki Simbah”
Ajeng :
“Inggih Pak Lik.”
kapethik kanthi ewah-ewahan saking Marsudi Unggah-ungguh Basa Jawa 2001:
14