Media, Alat, dan Sumber Belajar

D. Jawaban

1. Unsur intrinsik saking cerkak “Testing Basa Jawa” inggih menika: a. Tema cer kak “Testing Basa Jawa” inggih punika pendhidhikan. b. Paraga ingkang wonten ing cerkak “Testing Basa Jawa” inggih punika Bu Guru, Budi, Lilik, saha Asih. c. Watak saben paraga wonten ing cerkak “Testing Basa Jawa”inggih punika:  Bu Guru : apikan, sabar.  Budi : remen kekancan, sabar.  Lilik : bandhel, angel dikandani.  Asih : sabar, apikan, boten mutungan. d. Alur cerkak “Testing Basa Jawa” inggih menika maju. e. Latar kahanan cerkak “Testing Basa Jawa” inggih menika nyenengake. f. Latar papan cerkak “Testing Basa Jawa” ingg ih menika sekolahan. g. Latar wekdal cerkak “Testing Basa Jawa” inggih menika dina minggu. 2. Budi pekerti ingkang kamot wonten ing cerkak “Testing Basa Jawa” inggih punika kita kedah sinau supados pinter. Pinter menika boten saged sakkal kelakon. Ananging kedah dipunlampahi kanthi sinau ingkang sregep. 3. Wosing cerkak “Testing Basa Jawa” inggih punika: Benjing badhe dipunadani testing basa Jawa. Bu guru ngendika bilih para peserta didik kedah sinau. Nanging Lilik boten purun sinau. Budi, kanca sebangkune ugi sampun ngelingke. Ananging Lilik tetep boten purun sinau. Lilik malah dolanan PS wonten ing rentalan PS. Nalika nembe dolanan P S, Lilik kepanggih kaliyan Asih. Asih paring pitakonan dhateng Lilik punapa boten sinau. Lilik malah mangsuli wangsulan ingkang boten penting. Pungkasanipun, Lilik mantuk gadhah niatan badhe sinau. Amarga Lilik punika bocah kesed, Lilik boten siyos sinau. Buku basa jawanipun malah dipunobong lajeng awunipun dipuncampur kaliyan toya lajeng dipununjug. Tumindak menika miturut Lilik saged dadosaken Lilik saged nggarap soal testing basa Jawa. Ananging ing kasunyatan, Lilik boten saged nggarap soal testing basa Jawa. Lilik sadhar bilih pinter punika boten saged sakkal. Kedah sinau kanthi sregep. Soal terdiri atas soal praktek dan teori. Soal praktek mempunyai nilai 100 dan soal teori mempunyi nilai 200. Nilai akhir = nilai soal praktek + nilai soal teori : 3 = 100 + 200 : 3 = 300 : 3