Underaning Perkawis PURWAKANTHI ING SALEBETING TEKS SEKAR SLAWATAN JAWI LARAS MADYA ING TLATAH KRADENAN KALIKUNING, BATURONO, SALAM, MAGELANG, JAWA TENGAH.

BAB II GEGARAN TEORI

A. Andharan Teori

1 Pangretosan Sastra Tembung sastra dumunung saking basa sansekerta “Shastra” ingkang dipunserap wonten ing basa jawa dados sastra. Tembung sastra rinakit saking wanda sas saha tra. Wanda sas tegesipun inggih menika intruksi utawi piwulang, wondene tra tegesipun alat utawi piranti. Pangretosan sastra inggih menika piranti kangge paring piwulangan. Pemanggih menika laras kalian pemanggihipun Teeuw lumatar Wardani 2009:9 ingkang ngandharaken bilih sastra menika minangka piranti kangge paring piwulangan. Miturut pemanggihipun Quinn Toha- sarumpact 2010:1 wonten ing Endraswara 2012:93 ngandharaken bilih sastra inggih menika satunggaling seratan, basa, saha cara maos ingkang khas. Sastra inggih satunggaling anggitan utawi karya ingkang estetis minangka asiling rasa ingkang kaserat. Endraswara 2012:95 paring definisi bilih hakekat sastra inggih menika sastra minangka basa, seni, komunikasi, simbol saha seratan utawi teks. Wallek saha warren 1989 lumantar Endraswara 2012:95 ngandharaken bilih sastra inggih menika sedaya ingkang dipunserat utawi kacethak minangka asiling imajinatif. Andharan menika ugi dipunsarujuki dening Teeuw 1984 lumantar Endraswara 2012:95 bilih ingkang kawastanan sastra menika seratan tulisan. Asiling kasusastran minangka asiling gegambaranning gesang ingkang kaserat. Bab menika gayut kaliyan pemanggihipun Levefere lumatar Wardani 2009:12 ingkang ngandharaken bilih karya sastra minangka tiron gegambaraning pagesangan ingkang ngandharaken wawasan ingkang enggal. Pemanggih menika ugi gayut saha dipunsarujuki dening John Lye lumatar Wardani 2009:12 ingkang ngandharaken bilih karya sastra minangka wujud utawi piranti kangge ngandharaken gegambaraning donya kanthi cara ingkang beda. Pangretosan sastra ingkang kados mekaten menika ugi dipunsarujuki dening Damono lumantar Wardani 2009:12 ingkang ngandharaken bilih sastra minangka asiling tiron pagesangan ingkang nagndharaken kedadosan ing pagesangan. Dene pengretosan bab sastra Harry Levin lumantar Wardani 2009:13 ngandharaken bilih sastra inggih menika asiling ekspresi masyarakat kanthi cara ingkang beda. Asiling karya sastra boten jebles kaliyan kasunyatan, bab menika amargi ing salebeting karya sastra sampun dipunparingi tambahan gegambaran ingkang imajinatif. Basa ing salebeting karya sastra menika asipat konotaif, ambigu, imajinatif. Miturut jinising sastra, sastra saged kaperang dados kalih warni. Jinising sastra menika awujud sastra lisan saha sastra serattulisan. Bab menika sami kaliyan pemanggihipun Panuti 2011 kados ingkang kaserat ing nginggil. Sastra minangka asiling olah rasa, dene wosing sastra minangka asiling gegambaran pagesangan. Bab menika gayut kaliyan pemanggihipun Plato 2011 bilih sastra inggih menika asiling tiron utawi gegambaraning kasunyatan. Wosing karya sastra inggih menika minangka piwulang ingkang dipunpendhet saking gegambaraning pagesangan.