1. Struktur purwakanthi ingkang kapanggihaken ing salebeting cakepan
sekar slawatan Laras Madya.
Adhedhasar gegaran teori ingkang wonten panaliten menika manggihaken struktur purwakanthi ing salebeting cakepan sekar slawatan Laras Madya. Asiling
panaliten dipunandharaken lumantar tabel asiling panaliten jinising purwakanthi. Nomer wonten ing tabel menika dipunangge minangka nomer urut cakepan utawi
datanipun. Irah-irahan wonten ing tabel dipunsingkat supados langkung ringkes, wondene cekakanipun saking aksara menika kados mekaten : US Uluk Salam,
DM Dhandhanggula Macapat, CW Candra Wilawata, TW Tri Wikrawa, K Kusumastuti, CM Citra Mengeng, KS Kinanthi Sandhung, DT
Dhandhanggula Turulare, I Ilir-ilir, P Pamularsih, KK Kenya Kediri, S Sinom, SG Sekar Gadhung, MR Madu Retna, MS Mijil Sulastri, AS
Asmaradana Semarangan, W Wirangrong, M Macapat. T Talutur, R Raraturidha, SW Sudira Warna, So Soyar. Cakepan inggih menika pethikan
cakepan utawi gatra wonten ing salebeting sekar ingkang mawa purwakanthi wonten ing salebetipun cakepan menika.
Asiling paniliten babagan jinising purwakanthi menika dipunpantha miturut jinisipun. Asiling panaliten babagan jinising purwakanthi ingkang sepisan
dipunpantha miturut andharan teori inggih menika purwakanthi guru swara, guru sastra saha purwakanthi lumaksita. Purwakanthi guru swara Pr.Sw inggih
menika unen-unen utawi purwakanthi ingkang runtut swaranipun. Purwakanthi basa Pr.Ba inggih menika ungel-ungelan utawi purwakanthi ingkang runtut
basanipun. Dene purwakanthi sastra Pr.Sa inggih menika unen-unen utawi
purwakanthi ingkang runtut sastranipun. Kaping kalih asiling panaliten babagan jinising purwakanthi dipunpantha miturut gunggungipun purwakanthi ingkang
wonten ing salebeting cakepan ingkang mawa purwakanthi. Wondene ingkang dados analisis unit maksimal wonten ing jinising purwakanthi miturut gunggung
inggih menika satunggal gatra. Bab menika tegesipun cara anggenipun nggunggung purwakanthi adhedhasar purwakanthi ingkang kapanggihaken
wonten ing satunggal gatra minangka data panaliten. Jinising purwakanthi miturut gunggung purwakanthi dipunpantha dados kalih inggih menika purwakanthi
tunggal Pr.Tg, purwakanthi ganda Pr.Gand. Wondene purwakanthi ganda Pr.Gand dipunpantha malih dados purwakanthi ganda kembar Pr.Gand.Ke
saha purwakanthi ganda campuran Pr.Gand.Ca. Purwakanthi tunggal inggih menika jinising purwakanthi ingkang karakit saking satunggal jinising
purwakanthi wonten ing satunggal gatra. Purwakanthi ganda inggih menika jinising purwakanthi ingkang karakit saking kalih jinising purwakanthi wonten
ing cakepanipun. Purwakanthi ganda kembar inggih menika jinising purwakanthi ingkang karakit saking kalih jinising purwakanthi ingkang sami wonten ing
satunggal gatra. Wondene purwakanthi ganda campuran inggih menika jinising purwakanthi ingkang karakit saking kalih purwakanthi ingkang beda jinisipun
wonten ing satunggal gatra. Penandha purwakanthi dipunangge supados gampil anggenipun nitiki utawi mantha kalebet purwakanthi jinis menapa ingkang
wonten ing salebeting cakepan menika. Katerangan Ket. wonten ing salebeting tabel dipunginakaken kangge paring katerangan babagan nomer urut data
panaliten ingkang kaserat kanthi tandha aksara DJ utawi cekakan saking
tembung Data Jenis Andharan asiling panaliten babagan jinising purwakanthi jangkepipun kados andharan wonten ing tabel ngandhap menika.
Tabel 5 : Jinising Purwakanthi wonten ing salebeting Cakepan Sekar Slawatan Laras Madya
No Irah-
irahan Sekar
Cakepan Jinising
purwakanthi Kategori
Purwakanthi Panandha
Purwakanthi Ket.
Pr. Sw
Pr. Ba
Pr. Sa
Pr. Tg
Pr.Gand Ke
Ca
1 US
Kita syukur maring
pengeran ingkang
sampun paring ganjaran.
√ √
Aksara an ing tembung
pangeran, ganjaran
DJ 1
2 US
Dhumateng kanca-kanca
kumpulan sholawatan
√ √
Aksara an ing tembung
kumpulan, sholawatan.
DJ 2
3 US
Punika sholawatan
tiyang ing Kradenan
√ √
Aksara an ing tembung
sholawatan, Kradenan.
DJ 3
4 US
Jalaran sholawatan
dereng pati bias
√ √
√
Aksara an ing tembung
jalaran, sholawatan
Aksara la ing tembung
jalaran, sholawatan
DJ 4
5 DM
Katindakna mring para
sasama √
√
Aksara a ing tembung
katindakna, para, sasama
DJ 5
6 DM
Kang paring murahing
donya √
√
Aksara ng ing tembung kang,
paring, murahing.
DJ 6
7 CW
Nalikanya ayun seda.
√ √
Aksara a ing tembung
nalikanya, seda
DJ 7