F. Caranipun Ngesahaken Data
Panaliten menika anggenipun ngabsahaken data ginakaken validitas semantic saha reliabilitas inter-later. Keabsahan data dipuncakaken panaliti kanthi ancas
supados saged manggihaken data panaliten ingkang valid, panaliten menika migunakaken cara kados mekaten:
a Validitas Semantis saha Expert Judgement
Validitas data ingkang dipuncakaken wonten ing salebetipun panaliten menika migunakaken cara validitas semantis, amargi data-data ingkang awujud
purwakanthi dipuntegesi dhedhasar konteks ukaranipun. Miturut pemanggihipun Endraswara 2003:164 dipunandharaken bilih validitas semantic inggih menika
mengukur tungkat kesensitifan makna simbolik yang bergayut dengan makna. Cara kangge nggayuh kevalidan asiling panaliten inggih menika kanthi cara maos
wongsal-wangsul, nliti, saha nganalisis kanthi tliti, tlatos, sarta premati adhedhasar gegaran teori ingkang sampun wonten. Dene validitas expert
judgement dipunlampahi kanthi cara panaliti konsultasi magepokakan kaliyan asiling panaliten menika dhateng para ahli utawi dosen pembimbing.
b Reliabilitas Intra-rater
Supados data saking asiling panaliten menika ajeg, panaliti migunakaken reliabilitas intra-rater. Reliabilitas intra-rater wonten panaliten menika inggih
panaliti ngambali maos kanthi tliti saha premati kanthi adhedhasar kaprigelanipun panaliti piyambak anggenipun nyerat saha nganalisis supados manggihaken data
panliten ingkang valid, trep saha ajeg.
BAB IV ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGAN
A. Asiling Panaliten
Panaliten kanthi irah-irahan Purwakanthi ing Salebeting Teks Sekar Laras Madya ing tlatah Kradenan Kalikuning, Baturono, Salam, Magelang, Jawa
Tengah menika ngrembak babagan purwakanthi ing salebeting cakepan sekar slawatan Laras Madya. Slawatan Laras Madya menika mapan wonten ing tlatah
Dusun Kradenan Kalikuning, Kelurahan Baturono, Kecamatan Salam, Kabupaten Magelang, Provinsi Jawa Tengah. Sekar slawatan Laras Madya menika karakit
saking 17 bawa sekar minangka pakem kangge nyekaraken sekar candhakipun .inggih menika Dhandhanggula Macapat, Candra Wilawata, Tri Wikrawa,
Kusumastuti, Citra Mengeng, Kinanthi Sandhung, Dhandhanggula Turulare, Pamularsih, Kenya Kediri, Sekar Gadhung, Madu Retna, Asmaradana
Semarangan, Wirangrong, Macapat, Talutur, Raraturidha, Sudirawarna. Sekar Mijil Sulastri, Sinom, Ilir-ilir minangka isen, kejawi sekar Uluk salam saha Soyar.
Panaliten menika minangka panaliten kualitatif deskriptif tegesipun njabaran asiling panaliten miturut gegaran teori ingkang sampun wonten. Asiling panaliten
menika dipunsamektakaken wonten ing tabel saha dipunandharaken wonten ing pirembagan. Panaliten menika manggihaken data babagan jinising purwakanthi
ing salebeting cakepan sekar slawatan Laras Madya saha paedah purwakanthi ing salebeting sekar slawatan Laras Madya. Asiling panaliten menika saged
dipunpersani wonten ing tabel ngandhap menika.
1. Struktur purwakanthi ingkang kapanggihaken ing salebeting cakepan
sekar slawatan Laras Madya.
Adhedhasar gegaran teori ingkang wonten panaliten menika manggihaken struktur purwakanthi ing salebeting cakepan sekar slawatan Laras Madya. Asiling
panaliten dipunandharaken lumantar tabel asiling panaliten jinising purwakanthi. Nomer wonten ing tabel menika dipunangge minangka nomer urut cakepan utawi
datanipun. Irah-irahan wonten ing tabel dipunsingkat supados langkung ringkes, wondene cekakanipun saking aksara menika kados mekaten : US Uluk Salam,
DM Dhandhanggula Macapat, CW Candra Wilawata, TW Tri Wikrawa, K Kusumastuti, CM Citra Mengeng, KS Kinanthi Sandhung, DT
Dhandhanggula Turulare, I Ilir-ilir, P Pamularsih, KK Kenya Kediri, S Sinom, SG Sekar Gadhung, MR Madu Retna, MS Mijil Sulastri, AS
Asmaradana Semarangan, W Wirangrong, M Macapat. T Talutur, R Raraturidha, SW Sudira Warna, So Soyar. Cakepan inggih menika pethikan
cakepan utawi gatra wonten ing salebeting sekar ingkang mawa purwakanthi wonten ing salebetipun cakepan menika.
Asiling paniliten babagan jinising purwakanthi menika dipunpantha miturut jinisipun. Asiling panaliten babagan jinising purwakanthi ingkang sepisan
dipunpantha miturut andharan teori inggih menika purwakanthi guru swara, guru sastra saha purwakanthi lumaksita. Purwakanthi guru swara Pr.Sw inggih
menika unen-unen utawi purwakanthi ingkang runtut swaranipun. Purwakanthi basa Pr.Ba inggih menika ungel-ungelan utawi purwakanthi ingkang runtut
basanipun. Dene purwakanthi sastra Pr.Sa inggih menika unen-unen utawi