Watesaning Perkawis Wosing Perkawis

2009:12 ingkang ngandharaken bilih karya sastra minangka tiron gegambaraning pagesangan ingkang ngandharaken wawasan ingkang enggal. Pemanggih menika ugi gayut saha dipunsarujuki dening John Lye lumatar Wardani 2009:12 ingkang ngandharaken bilih karya sastra minangka wujud utawi piranti kangge ngandharaken gegambaraning donya kanthi cara ingkang beda. Pangretosan sastra ingkang kados mekaten menika ugi dipunsarujuki dening Damono lumantar Wardani 2009:12 ingkang ngandharaken bilih sastra minangka asiling tiron pagesangan ingkang nagndharaken kedadosan ing pagesangan. Dene pengretosan bab sastra Harry Levin lumantar Wardani 2009:13 ngandharaken bilih sastra inggih menika asiling ekspresi masyarakat kanthi cara ingkang beda. Asiling karya sastra boten jebles kaliyan kasunyatan, bab menika amargi ing salebeting karya sastra sampun dipunparingi tambahan gegambaran ingkang imajinatif. Basa ing salebeting karya sastra menika asipat konotaif, ambigu, imajinatif. Miturut jinising sastra, sastra saged kaperang dados kalih warni. Jinising sastra menika awujud sastra lisan saha sastra serattulisan. Bab menika sami kaliyan pemanggihipun Panuti 2011 kados ingkang kaserat ing nginggil. Sastra minangka asiling olah rasa, dene wosing sastra minangka asiling gegambaran pagesangan. Bab menika gayut kaliyan pemanggihipun Plato 2011 bilih sastra inggih menika asiling tiron utawi gegambaraning kasunyatan. Wosing karya sastra inggih menika minangka piwulang ingkang dipunpendhet saking gegambaraning pagesangan. Sastra ingkang awujud seratan inggih menika kados serat Wulang reh, serat Wulang Putri, Babad, Suluk saha sanesipun. Karya sastra ingkang kaserat adatipun dipunserat dening para pujangga kraton. Pujangga inggih menika tiyang ingkang pedamelanipun nganggit satunggaling kasusastran. Sastra lisan inggih menika sastra ingkang wujudipun gineman. Bab sastra lisan menika antawis satunggal tiyang utawi pemanggih saha sanesipun beda- beda. Bab menika amargi sanes papan sanes cariyos ingkang ngrembakakaken satunggaling sastra lisan. Satra lisan menika tuladhanipun kadosta cariyos Nyai Roro Kidul, Cariyos redi merapi, saha cariyos petilasan-petilasan. 2 Sastra Sekar utawi Puisi Jawa

a. Pangretosan Sekar

Sekar inggih menika sastra tulis ingkang dipunsekaraken ingkang mawa pugeran gumathok, Wujuding sekar maneka warna kadosta tembang macapat, tembang campursari, tembang dolanan saha sanesipun. Endraswara 2010:32 paring andharan bilih sekar kaperang dados kalih inggih menika tembang miji saha tembang muyeg. Wataking tembang miji menika lugas tegesipun gumantung swanten ingkang dipunangge nyekaraken. Tembang ingkang kalebet tembang miji inggih menika tembang gedhe, tembang tengahan, tembang alit utawa maapatt saha tembang dolanan. Tembang muyeg inggih menika tembang ingkang rinakit saking vocal saha gedhing. Bab menika dipunginakaken kangge paring kaendahan tumprap tembang ingkang dipunsekaraken. Endraswara 2010:32 paring andharan ingkang kalebet