Sekar AgengTembang Ageng Andharan Teori

Sekar ageng asring dipunginakaken minangka bawa. Endraswara 2010:4 ngandharaken bilih tembang gedhe inggih menika yasan ingkang mawa paugeran, cacahing wanda ing saben gatranipun sami saha gadha guna minangka bawa sekar. Dene sekar tengahan saha sekar macapat kagungan paugeran gumathok inggih menika guru lagu, guru wilangan saha guru gatra. Slawatan Laras Madya minangka kidung utawi puji-pujian kangge muji pengeran saha media paring piwulangan bab agami. Bab menika Endraswara 2010:9 tembung macapat dumunung saking wanda ma tumuju saha capat utawi capet gaib. Endraswara 1997:19 ngandharaken bilih sekar macapat awujud puji-pujian kangge muji asmanipun pangeran.. Saben sekar macapat kagungan watak ingkang beda antawis satunggal sekar saha sanesipun. Slawatan Laras Madya dumunung wonten ing tlatah Kradenan Kalikuning, Kelurahan Baturono, Kecamatan Salam, Kabupaten Magelang. Gunggung paraganipun inggih menika kirang langkung wonten 20 tiyang. Wosing sekar Laras Madya ngrembak bab agami islam saha pitutur luhur. Piranti ingkang kaginakaken ing salebeting slawatan jawa Laras Madya inggih menika kendhang, ging, kencli, bedhuk saha kempling. 4 Purwakanthi

a. Pangretosan Purwakanthi

Tembung purwakanthi rinakit saking tembung purwa saha kanthi. Tembung purwa tegesipun wiwitan utawi ngajeng, dene tembung kanthi tegesipun kanca, gandheng saha nganggo Satemah purwakanthi saged dipuntegesi nggandheng tembung kang wis kasebut ing wiwitan. Bab pangretosanipun purwakanthi Padmasukotjo ngandharaken bilih tegese perangan kang nggandheng kang wis kasebut ing wiwitan utawa purwa utawa ing perangan ngarep. Wondene kang digandheng inggih menika swarane, aksarane uga bisa tembunge. Padmasukotjo, 1958:18. Bab menika gayut kaliyan pemanggihipun Endraswara 2010:57 ngandharaken bilih purwakanthi artinya persamaan bunyi pada bait tembang. Tegesipun purwakanthi Hadiwidjana 1967:64 ngandharaken bilih Rengga-sastra bangsaning gurit dijenengake purwakanthi Bab menika ugi gayut kaliyan pemanggihpun Subalidinata 1974:6 ingkang dipunandharaken bilih purwakanthi ugi dipunsebut “sajak” inggih menika runtutaning swara utawi dipunsebut dhong dhing swara. Purwakanthi minangka ubarampening puisi ingkang kagolongaken basa rinengga wonten ing salebeting puisisekar. Saking andharanipun menika bilih gaya bahasa pengulangan inggih menika gaya bahasa ingkang ngambali swanten, wanda, saha tembung minangka peranganipun ukara kangge paring penegasan maksud. Purwakanthi utawi aliterasi unen-unen ingkang runtut swantenipun, basanipun saha sastranipun. Purwakanthi kaperang dados tiga inggih menika purwakanthi guru swara, purwakanthi guru sastra lan purwakanthi lumaksita. Purwakanthi ingkang runtut swantenipun kasebut purwakanthi guru swara. Purwakanthi ingkang runtut sastranipun kasebut purwakanthi guru sastra, dene Purwakanthi basalumaksita inggih menika ukara ingkang kadhapuk saking kalih gatra. Titikannipun purwakanthi basa pungkasané gatra kapisan, minangka wiwitanipun gatra ukara ingkang kaping kalih.