Dhasaring Panaliten PURWAKANTHI ING SALEBETING TEKS SEKAR SLAWATAN JAWI LARAS MADYA ING TLATAH KRADENAN KALIKUNING, BATURONO, SALAM, MAGELANG, JAWA TENGAH.

kangge narik kawigaten para mudha supados tansah nguri-uri kabudayan para sepuh. Purwakanthi minangka satunggaling bab ingkang sanget wigati saha andadosna satunggaling karya sastra menika saged ngandhut nilai sastra ingkang inggil. Bab menika ingkang narik kawigatenipun panaliti satemah panaliti gadhah krentek badhe ngadani panaliten kanthi irah-irahan Purwakanthi ing Salebeting Sekar Slawatan Jawi Laras Madya ing tlatah Kradenan Kalikuning, Baturono, Salam, Magelang, Jawa Tengah. Ancasipun panaliten mugi asiling panaliten menika saged nambahi seserepan ngengingi jinising purwakanthi saha teges saking tembung-tembung utawi ukara-ukara purwakanthi ingkang karakit ing salebeting sekar slawatan Laras Madya ing tlatah Kradenan Kalikuning, Baturono, Salam, Magelang, Jawa tengah.

A. Underaning Perkawis

Miturut dhasaring panaliten menika tuwuh mapinten-pinten perkawis ingkang saged dipunpendhet minangka satunggaling perkawis : 1. Jinising purwakanthi ing salebeting teks sekar slawatan jawi Laras Madya ing tlatah Kradenan Kalikuning, Baturono, Salam, Magelang, Jawa Tengah. 2. Basa susastra ing wonten salebeting teks sekar slawatan jawi Laras Madya ing tlatah Kradenan Kalikuning, Baturono, Salam, Magelang, Jawa Tengah. 3. Fungsi utawa paedah purwakanthi ing salebeting cakepan sekar slawatan jawi Laras Madya ing tlatah Kradenan Kalikuning, Baturono, Salam, Magelang, Jawa Tengah. 4. Jinising lelewaning basa ing salebeting teks sekar slawatan jawi Laras Madya ing tlatah Kradenan Kalikuning, Baturono, Salam, Magelang, Jawa Tengah. 5. Nilai moral saha pitutur ing salebeting cakepan sekar slawatan Laras Madya ing tlatah Kradenan Kalikuning, Baturono, Salam, Magelang.

B. Watesaning Perkawis

Miturut underaning perkawis menika, panaliten menika dipunwatesi kados ing ngandhap menika : 1. Jinising purwakanthi ing salebeting teks sekar slawatan jawi Laras Madya ing tlatah Kradenan Kalikuning, Baturono, Salam, Magelang, Jawa Tengah ingkang ngginakaken basa jawa. 2. Fungsi utawi paedah purwakanthi ing salebeting cekepan sekar slawatan jawi Laras Madya ing tlatah Kradenan Kalikuning, Baturono, Salam, Magelang, Jawa Tengah ingkang ngginakaken basa jawa.

C. Wosing Perkawis

Miturut watesaning perkawis menika, wosing perkawis ingkang saged dipundamel inggih menika kados mekaten : 1. Kados menapa jinising purwakanthi ing salebeting teks sekar slawatan jawi Laras Madya ing tlatah Kradenan Kalikuning, Baturono, Salam, Magelang, Jawa Tengah ingkang ngginakaken basa jawa. 2. Kados menapa fungsi utawi paedah purwakanthi ing salebeting cekepan sekar slawatan jawi Laras Madya ing tlatah Kradenan Kalikuning, Baturono, Salam, Magelang, Jawa Tengah ingkang ngginakaken basa jawa.

D. Ancasing Panaliten

Miturut wosing perkawis menika, minangka ancasipun panaliten menika inggih menika : 1. Ngandharaken jinising purwakanthi ing salebeting teks sekar slawatan jawi Laras Madya ing tlatah Kradenan Kalikuning, Baturono, Salam, Magelang, Jawa Tengah ingkang ngginakaken basa jawa. 2. Ngandharaken fungsi utawa paedah purwakanthi ing salebeting cekepan sekar slawatan jawi Laras Madya ing tlatah Kradenan Kalikuning, Baturono, Salam, Magelang, Jawa Tengah ingkang ngginakaken basa jawa.

E. Paedahing Panaliten

Paedah saking panaliten menika saged dipunperang dados paedah teoritis saha paedah praktis kados andharan ing ngandhap menika : 1. Paedah Teoritis Asiling panaliten menika kaangkah saged paring kontribusi babagan kasusastran mliginipun babagan purwakanthi saha suka kawruh kangge panaliten salajengipun ingkang wonten gayutipun kalian purwakanthi, sarta kangge nambah data panaliten babagan purwakanthi.

2. Paedah Praktis

Asiling panaliten menika ugi kaangkah saged suka paedah praktis, kados ing ngandhap menika : a. Kangge panaliti kaangkah saged suka kawruh babagan panaliten sastra saha minangka referensi wujud purwakanthi ing salebeting sekar. b. Saged suka kontribusi kangge pendidikan, supados paraga pendidikan ingkang maos saged persa wujud saha paedah purwakanthi wonten ing salebeting sekar. c. Kangge para pamaos, kaangkah saged suka waosan babagan pendidikan mliginipun kasusastran jawa babagan purwakanthi ing salebeting sekar.

F. Pangretosan

Pangretosan dipunginakaken ing panaliten manika saperlu jumbuhaken pemahaman ing panaliten menika. Dene pangretosan ingkang dipunkajengaken kados ing ngandhap menika : 1. Purwakanthi inggih menika unen-unen utawi ungel-ungelan ingkang runtut ing babagan swanten, sastra utawi basanipun. 2. Semantik inggih menika ngelmu ingkang ngrembak utawi menelaah makna saking satunggaling tembung utawi ukara. 3. Sholawat utawa slawatan inggih menika kidungpuji-pujian ingkang anyebut asmanipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW. 4. Slawatan Laras Madya inggih menika kidungan ingkang karakit saking tembang gedhe, tengahan saha tembang alitmacapat.

BAB II GEGARAN TEORI

A. Andharan Teori

1 Pangretosan Sastra Tembung sastra dumunung saking basa sansekerta “Shastra” ingkang dipunserap wonten ing basa jawa dados sastra. Tembung sastra rinakit saking wanda sas saha tra. Wanda sas tegesipun inggih menika intruksi utawi piwulang, wondene tra tegesipun alat utawi piranti. Pangretosan sastra inggih menika piranti kangge paring piwulangan. Pemanggih menika laras kalian pemanggihipun Teeuw lumatar Wardani 2009:9 ingkang ngandharaken bilih sastra menika minangka piranti kangge paring piwulangan. Miturut pemanggihipun Quinn Toha- sarumpact 2010:1 wonten ing Endraswara 2012:93 ngandharaken bilih sastra inggih menika satunggaling seratan, basa, saha cara maos ingkang khas. Sastra inggih satunggaling anggitan utawi karya ingkang estetis minangka asiling rasa ingkang kaserat. Endraswara 2012:95 paring definisi bilih hakekat sastra inggih menika sastra minangka basa, seni, komunikasi, simbol saha seratan utawi teks. Wallek saha warren 1989 lumantar Endraswara 2012:95 ngandharaken bilih sastra inggih menika sedaya ingkang dipunserat utawi kacethak minangka asiling imajinatif. Andharan menika ugi dipunsarujuki dening Teeuw 1984 lumantar Endraswara 2012:95 bilih ingkang kawastanan sastra menika seratan tulisan. Asiling kasusastran minangka asiling gegambaranning gesang ingkang kaserat. Bab menika gayut kaliyan pemanggihipun Levefere lumatar Wardani