Jinising Purwakanthi ing Salebeting Cakepan Sekar Slawatan Laras

Pethikan cakepan sekar Citra Mengeng kanthi aksara DJ 31 utawi cekakan saking tembung data jenis purwakanthi nomer 31 ing nginggil saged dipunlebetaken ing jinising purwkanthi guru swara miturut gegaran teori purwakanthi. Bab menika adhedhasar titikanipun purwakanthi guru swara inggih menika runtut babagan swantenipun. Pethikan ukara ing nginggil runtut swaranipun antawis tetembunganipun. Tembung ingkang runtut swantenipun inggih antawis tembung rinasa, donya, mangsa, saha lawasa. Adhedhasar titikanipun purwakanthi guru swara inggih menika runtut swantenipun. Aksara ingkang kacithak kandel menika menawi dipuntingali kanthi permati runtut swantenipun. Pungkasining tetembungan ingkang sampun kasebataken menika dhawah aksara a ing pungkasaning tembung satemah menawi kasekaraken runtut swantenipun. Adhedhasar gegaran teori menika ukara kasebut saged kagolongaken ing jinising purwakanthi guru swara. Purwakanthi guru swara sanesipun miturut asiling panaliten kados ing ngadhap menika. “Kapuk diwusani aja umuk yen durung nglakoni” DJ 64 Terjemahan Dhawuh aja kumalungkung saderengipun nindakaken Miturut gegaran purwakanthi guru swara menika gadhah titikan runtut swantenipun inggih menika runtut swanten i, u, e, a, o Pethikan ukara ing nginggil menika kapethik saking cakepan sekar Kenya Kediri kanthi data jenis purwakanthi nomer 61 utawi DJ 64 . Pethikan ukara ing nginggil saged kagolongaken wonten ing jinising purwakanthi guru swara amargi runtut swaranipun antawis tetembunganipun. Tembung ingkang runtut ing ukara menika inggih tembung diwusani saha tembung nglakoni. Aksara ingkang kacithak kandel menika menawi dipuntingali runtut swantenipun antawis tetembunganipun ing ukara menika. Aksara ni ing ukara menika runtut wonten ing tembung diwusani saha ngakolni. Pungkasinipun tembung diwusani inggih menika dhawah aksara ni dene ing pungkasaning tembung nglakoni ugi dipunpungkasi kanthi aksara ni. Adhedhasar bab menika satemah ukara ing nginggil saged kagolongaken ing jinising purwakanthi guru swara. Purwakanthi guru swara sanesipun ugi saged kapanggihaken kados ing ngandhap menika. “Kembang menur tunandur tepining sumur.” DJ 73 Terjemahan Kembang utawi sekar menur ingkang gesang ing tepi sumur Pethikan cakepan sekar Sekar Gadhung kanthi nomer data DJ 73 utawi data jenis purwakanthi nomer 73. Cakepan ing nginggil ugi saged kagolongaken wonten ing jinising purwakanthi guru swara miturut gegaran teori. Bab menika adhedhasar runtuting swanten ing ukara menika. Runtuting swanten menika wonten ing tembung Menur, tinandur saha sumur. Aksara ingkang kacithak kandel menika menawi dipunpersani kanthi permati runtut swantenipun. Ukara kembang menur tinandur tepining sumur. Pungkasinipun tembung menur, tinandur inggih dhawah aksara ur mekaten ugi ing pungkasaning tembung sumur inggih dipunpungkasi kanthi aksara ur. Adhedhasar gegaran teori ingkang wonten satemah ukara ing nginggil saged kaglongaken ing jinising purwakanthi guru swara. Purwakanthi guru swara sanesipun kados ing ngandhap menika. “Kita syukur maring pangeran, ingkang sampun paring ganjaran” DJ 1 Terjemahan : Memuji pengeran awit sedaya nikmat saha peparingipun Pethikan ing nginggil miturut asiling panaliten kapethik saking sekar pambuka utawi Uluk Salam. Aksara DJ 1 utawi data jenis purwakanthi ingkang