Tujuan Pembelajaran Pertemuan 1 PENUTUP
“Anton.... “ keprungu swarane wong lanang setengah tuwa nyeluki aku. Aku banjur noleh. Dakgoleki sumber swara mau. Nanging ora ana
wonge. Aku dadi bingung. Nanging ora let suwe, saka kadohan keprungu swara nyeluki aku m
aneh. “Anton....” amarga aku bingung sapa sejatine sing nyeluki. Aku noleh karo numpak pit onthel. Ora ngertia, ing ngarepku ana
simbah tuwa kang lagi metu saka kampung yaiku saka dalan Bulu Stalan III A lan nggawa masakan arep didagangake menyang Pasar Bu
lu. “Mak brek....” wong wedok tuwa mau njerit. Sayuran lan masakan mateng sing siap
didol ing pojok Pasar Bulu ing sisih kulon, wutah kabeh amarga daktabrak. Simbah tiba lan sambat-sambat awake lara, amarga tiba lan isih kesiram
sayuran panas. Aku dhewe tiba. Tangan lan sikilku lecet-lecet. Nanging ora dadi
ngapa. Saiki sing dakpikir, kepriye simbah sing daktabrak mau. Aku tangi lan nulung marang wong tuwa mau. Simbah daktulungi lan daktangekake alon-
alon. Wong tuwe mau nangis sesenggrukan. Kejeba lara awake, uga nggetuni dagangane kang wutah kabeh. Ing batine simbah, dina iku ilang rejekine lan
terus kepriye kanggo nyambung uripe. Ing mangka wong tuwa iki mau ulu pametune utawa penhasilane ya mung saka dodolan matengan ing pojoking
Pasar Bulu. “Sakit mbah?” pitakonku kanthi swara alon. Nanging simbahe mau
ora wangsulan. Malah nangis sesenggrukan karo ngendika : “ aku mengko mangan apa, daganganku wutah kabeh. Kowe anake sapa? Ayo diijoli
dhuwit, duwe apa ora. Yen ora diijoli daklaporke polisi. Yen numpak pit ngati-
ati, ora malah ndlenger. “ “Inggih mbah, samangke kula aturi arta satus ewu. Samangke kula
suwunake simbok kula. Simbok kula inggih sadeyan sayur ing peken mriki. Ing Peken Bulu Pojok Wetan, sacelakipun
tangga.“ Krungu omongku kang kaya mengkono, ana Bapak setengah tuwa
nyedaki simbah mau lan menehi dhuwit rong atus ewu. Dheweke karo ngendika : “ Mbah, boten usah sedhih, boten usah muwun. Punika dagangan
panjenengan kula gantos kalih atus ewu. Cekap ta, mbah? “
Mangkono ngendikane wong lanang setengah tuwa mau karo nggulurake dhuwit rongatus ewu saka dhompete. Simbah seneng atine, nuli ngendika : “
Lho ko kathah... kathah sanget anggon sampeyan nggentosi? “ mangkono
pangandikane simbah karo swara kan ora patia cetha, amargo untune wis ompong.