Penilaian Sikap Sosial Penilaian Proses dan Hasil Belajar

Pak Wardi : Ngene mas, kowe bisa ngrasaake cerkak kuwi kawiwitan saka ndeleng judule utawa saka gambar ilustrasi cerkak e. Nalika maca saklepasan wae, kira- kira isine ora becik mesthi wis bisa digraita utawa dirasake. Yen mengkono mung gumantung kowe, menawa cerkak mau kokrasak- rasake ora cocog utawa ora jumbuh karo pribadimu, mesthi lak yo wegah maca ta ? Sanajan isine becik lan ngandhut nilai moral utawa budi pekerti kang migunani tumrapmu. Pratama : O mekaten ta Pak ? Lajeng menapa sedaya cerkak kalawau inggih wonten nilai moralipun ? Pak Wardi : Ya mesthi ana mas. Kabeh wong kang nulis crita umpamane cerkak iku mesthi nduweni pangangkah arep menehi ngerti marang wong liya bab kang dadi pengalamane utawa isining ati. Kabeh karya utawa cerkak iku nduweni nilai moral utawa budi pekerti. Mung sing maca tulisan iku bisa opo ora ndudut nilai moral utawa budi pekerti sajroning cerkak iku. Pratama : Dados sedaya cerkak menika wonten nilai moralipun nggih ? Pak Wardi :Leres mas, sedaya cerkak menika ngandhut nilai moral saking panganggitipun . Pratama : Nuwun sewu pak, lajeng ingkang sae kados pundi Pak ? Kalawau Bapak ngendikan bilih cerkak menapa dene crita fiksi menika ngandhut budi pekerti, tegesipun kula bebas maca cerkak manapa kemawon nggih Pak ? Pak Wardi : Ya mengko dhisik mas. Ya kudu dipikir dhisik, sebab ana cerkak kang kala mangsa kanggo wong diwasa jalaran isine ya pancen durung mathuk kanggo umur- umurane. Becike ya sing cocog karo kahananmu. Yen dikira- kira kuwi akeh mumpangate ya bisa nanging yen kowe dhewe ora bisa ngendhaleni bab kang durung sakmesthine ya becike pilih- pilih. Dene yen bisa ngendhaleni ya ora apa- apa. Pratama : Nggih pak, kula pitados. Kula badhe maos cerkak ingkang jumbuh kaliyankawontenan kula sakmenika supados kula boten bingung awit isen- isenipun utawi nilai moralipun. Pak Wardi : Ya karemanmu maca cerkak kuwi becike dilestarekake, nanging kudu bisa mbagi wektu. Pratama : Nggih Pak matur nuwun sanget. Nuwun sewu Pak gegandhengan wekdal sampun siyang kula pamit rumiyin . sugeng siyang pak. Pak Wardi : Sugeng siyang . Mengetahui, Wonosari, 20 Agustus 2014 Guru Pembimbing Mahasiswa Anna Andari, S.Pd Dhenok Woro Hapsari NIP 19760124 2006042018 NIM 11205244047