K I Kompetensi Dasar
Indikator Pencapaian Kompetensi
3 3.1. Memahami berbagai fungsi
teks lisan sesuai dengan unggah-ungguh Jawa.
1. Mampu menyebutkan berbagai macam teks lisan yang sesuai
dengan unggah-ungguh jawa dalam berkomunikasi.
2. Mampu menjelaskan unggah- ungguh yang sesuai dalam
penerapan berbagai macam teks lisan dalam berkomunikasi
3. Mampu menggunakan tataran bahasa Jawa untuk berterima kasih
dengan teman, guru dan orangtua. 4. Mampu menggunakan tataran
bahasa Jawa untuk meminta ijin dalam berkomunikasi dengan
teman, guru dan orangtua.
4. 4.1 Menyusun teks lisan sesuai
unggah-ungguh jawa untuk berbagai keperluan sederhana
1. Mampu menerapkan teks lisan yang sesuai dengan unggah-
ungguh jawa di rumah 2. Mampu menyusun teks lisan yang
sesuai dengan unggah-ungguh jawa di rumah
3. Mampu mempraktikkan penerapan teks lisan sesuai unggah-ungguh
jawa untuk berbagai keperluan
C. Tujuan Pembelajaran :
1. Dengan diskusi siswa dapat memahami penggunaan tataran bahasa jawa untuk melaksanakan komunikasi dengan teman, guru dan orangtua.
2. Dengan praktek siswa dapat menerapkan penggunaan tataran bahasa jawa untuk berkomunikasi dengan teman, guru dan orangtua.
D. Materi Pembelajaran
Materidan dan wacana percakapan untuk meminta perhatian, berterimakasih, meminta ijin dilingkungan rumah
Tiyang Jawa menika nengenaken sanget unggah-ungguh utawi tatakrama, amargi anggadhahi watak andhap asor. Ingkang dipunsebut unggah-ungguh inggih menika
pranataning basa miturut lenggahing tata krama. Dados wosing andharan saking
pangertosan kasebut inggih menika bilih tiyang ingkang saged unggah-ungguh kanthi sae, tiyang kasebut dados gadhah sipat ingkang santun, lembah manah, andhap asor, saha
dipunajeni dening tiyang sanes. Unggah-ungguh menika dipunperang dados tiga, inggih menika unggah-ungguh
basa minangka wujud saking paribasan ajining dhiri saka lathi; unggah-ungguh solah bawa minangka wujud saking ajining awak saka tumindak; sarta unggah-ungguh busana
minangka wujud saking ajining raga saka busana. Unggah-ungguh basa
Unggah ungguh basa menika gandheng raketipun kaliyan basa ingkang dipunginakaken wonten ing wicantenan kaliyan tiyang sanes, inggih menika basa ngoko
kaliyan krama. Dene basa ngoko menika kaperang dados kalih, inggih menika ngoko lugu lan ngoko alusngoko andhap. Basa krama ugi wonten wujudipun, inggih menika krama
inggil lan krama madya. Basa ngoko lugu
Wujudipun: tembung-tembung ingkang dipunginakaken menika ngoko sedaya. Ginanipun: - Tiyang sepuh dhateng putranipun utawi tiyang nem
- Tiyang ingkang sampun rumaket sesrawunganipun - Wicantenan kaliyan kanca ingkang sapadha-padha
- Pimpinan dhateng andhahanipun - Guru dhateng muridipun.
Basa ngoko alus Wujudipun: tembung-tembungipun ngoko kacampur krama, ingkang dipunkramakaken
menika purusa sesulihipun tiyang, kadosta: aku, kowe, dheweke lan ugi tembung-tembung kriya utawi tanduk.
Ginanipun: - Tiyang sepuh dhateng tiyang nem ingkang langkung inggil pangkatipun - Tiyang ingkang rumaket sesrawunganipun, ananging sami-sami kepengin
ngajeni antawisipun ingkang dipunjak guneman. Basa krama
Wujudipun: tembung-tembungipun krama lan krama inggil, tembung krama andhap kangge piyambak, tembung krama inggil kangge ingkang dipunjak guneman.
Ginanipun: - Lare-lare dhateng tiyang sepuhipun utawi tiyang sanes ingkang langkung sepuh - Tetepungan enggal ingkang dereng rumaket sesrawunganipun
- Siswa dhateng guru
Tuladha Pacelathon
1. Berterimakasih Kabeh kang melu lomba sesorah wis maju, kabeh paraga padha ngatonake
kabisane dhewe-dhewe, juri kang padha mbiji uga wis nindakake ayahane. Sawise diteliti kanthi permati, asile lomba banjur dibiwarakake, widati oleh juara siji dheweke
katon bungah banget. Bu Guru : “ selamat ya wid, kowe bisa oleh juwara siji ing lomba sesorah iki “