Tujuan Pembelajaran Materi Ajar Sesorah

Nama Sekolah : SMA PGRI 2 Kajen Mata Pelajaran : Bahasa Jawa KelasProgram Semester : XI IPA-IPS 2 Pertemuan ke- : 4 Alokasi Waktu : 6 X 45 menit Standar Kompetensi : Membaca Mampu membaca dan memahami bacaan sastra maupun nonsastra, berhuruf latin maupun Jawa dengan bebagai ketrampilan dan teknik membaca. Kompetensi Dasar : Membaca nyaring naskah pidato Indikator :  Peserta didik menentukan pokok-pokok isi pidato  Peserta didik membacakan naskah pidato dengan lafal, intonasi, dan irama yang sesuai  Peserta didik mengkritik menilai pembacaan teman.

A. Tujuan Pembelajaran

 Peserta didik dapat menentukan pokok-pokok isi pidato  Peserta didik dapat membacakan naskah pidato dengan lafal, intonasi, dan irama yang sesuai  Peserta didik dapat mengkritik menilai pembacaan teman

B. Materi Ajar Sesorah

1. Carane sesorah a. Kanthi maca sawutuhe metode naskah Kanthi maca sawutuhe, yaiku maca apa anane kang wis tinulis. b. Kanthi apalan metode hafalan Yaiku nglantarake sesorah kanthi ngapalake layang sesorah kang tinulis. c. Kanthi pandom lajer metode ekstemporan Yaiku kanthi nglantarake pepandom lajering gagasan kang perlu diwedharake. d. Kanthi cara dadakan metode impromtu Ditindakake kanthi dadakan ing sawijining acara. 2. Persiyapan sesorah Sikap sarira : a. Ngadeg ora kena lelambaran sikil siji b. Ngadeg ora kena sikile mekar banget mbegagah c. Ngadeg ora kena loyo d. Ngadeg ora kena lendhetan papan wicara Ewah-ewahaning pasuryan : a. Ora kena asring mesem b. Ora kena mbesengut c. Ora kena tumungkul d. Ora kena gugup e. Nggatekake sing ngrungokake 3. Perangane sesorah RPP Bahasa Jawa Kelas XI Semester 2 TP. 20152016 a. Salam pambuka, yaiku ngaturake salam sing sepisan. Lumrahe nggunakake Assalamu’alaikum Wr.Wb; Sugeng enjing siyang sonten dalu; Nuwun. b. Purwaka, yaiku atur panuwun dhumateng para tamu lan ngaturake puji syukur marang Gusti Kang Maha Agung. c. Isi, yaiku kabeh prekara kang diwedharake jumbuh karo tema acara. d. Wigati dudutan kesimpulan, yaiku inti saka isi kang diwedharake e. Pangajeng-ajeng pangarep-arep, yaiku pituduh, pangarep sing diwedharake marang wong kang ngrungokake. f. Wusana, yaiku atur panuwun lan nyuwun pangapura. g. Salam panutup, yaiku ngaturake salam panutup, kaya poin a. Assalamu’alaikum Wr.Wb. Nuwun, para pinisepuh, sesepuh ingkang satuhu kula bekteni, saha para ingkang sami rawuh ingkang winengku ing kawilujengan. Saderengipun nyuwun ngapunten, awit kula ngadeg wonten ngarsa panjenengan sedaya, boten nama ngirangi tata trapsila, ananging ngengeti kawontenan ingkang mekaten. Kula minangka tetalanging basa, kalilalana kula matur ing ngarsanipun ingkang sami rawuh, bilih keparenganipun Bapa Muryanto sekaliyan, kula dipunsaraya ngaturaken wigatining sedya wigatosing perlu ing kalenggahan punika. Langkung rumiyin Bapa Muryanto sekaliyan ngaturaken puji syukur dhateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, dene saged kalaksanan mahargya putranipun ingkang angka loro kaleresan ing dinten punika sampun yuswa sepeken. Salajengipun Bapa Muryanto sekaliyan ngaturaken pambagya wilujeng rawuhipun para tamu sedaya. Bapa Muryanto sekaliyan ngaturaken agunging panuwun ingkang tapa pepindhan, dene panjenengan sedayasampun kepareng nglonggaraken wekdal saha penggalih saged hanjenengi ing pahargyan punika kanthi legawaning penggalih. Bapa Muryanto sekaliyan rumaos karoban ing sih sutresna ingkang sakalangkung ndadosaken bombong mongkoging manah. Wondene ingkang dados hajat-ujubing pasamuan menika, rikala dinten Senin Kliwon, tanggal 19 Nopember 2010, Bapa saha Ibu Muryanto hanampi nugrahing pangeran ginadhuhan momonganingkang mijil wonten ing griya sakit Dr. Oen Surakarta, kanthi wilujeng boten wonten alangan satunggal punapa. Putra ingkang angka kalih punika dening Bapa Muryanto sekaliyan keparingan tetenger Khusnul Khotimah. Mugi-mugi pinaringan nugrahaning pangeran saged murakabi dhumateng tiyang sepuhipun saged mikul dhuwur mendem jero. Satemah migunani dhumateng bebrayan, minggahipun nusa lan bangsa miwah agami. Tumapaking pahargyan menika saderengipun sampun kerantam tharik-tharik, ewadene taksih kathah tuna dungkaping tumindak, langkung-langkung tumrap atur ingkang kirang mranani penggalih panjenengan, saha kirang pangrengkuh anggenipun mapanaken, dhumateng rawuh panjenengan sedaya, lumantar kula Bapa Muryanto nyuwun agunging samudra pangaksami. Wasana minangka panutuping atur, kula nglenggana, kathah thithaling atur saha kirang trapsilaning anggen kula matur awit kiranging titi tata patising atur, kula nyuwun agunging samudra pangaksami. Wassalamu’alaikum Wr.Wb Nuwun RPP Bahasa Jawa Kelas XI Semester 2 TP. 20152016

C. Metode Pembelajaran