Penilaian Hasil Belajar Jawaban dan Pedoman Penilaian soal E Tujuan Pembelajaran

B. Ukara-ukara ing ngisor iki dadi basa Jawa krama Alus 1. Apa kala wingi Bu tanti sida tumbas wos dhateng peken? …………………………………………………………………….. 2. Yen gelem, kowe mengko arep dakwenehi buku wacan basa Jawa. …………………………………………………………………….. 3. Jamune beras kencur karo madu, terus diombe sedina kaping telu. …………………………………………………………………….. 4. Tanganmu yen nganggo gelang iki, wah…. Apik banget ……………………………………………………………………… 5. Sesuk kowe njaluk digugah jam pira? ……………………………………………………………………..... 6. Ayo lungguh kene, bakmine diicipi ……………………………………………………………………… 7. Mbah estri idunipun abrit, amargi ngganten. ……………………………………………………………………….. 8. Jisime diinepake sawengi, ngenteni mulihe anak lanang. ……………………………………………………………………….. 9. Buku gambare Tono dijupuk Bu Siti sabanjure diwenehake bapak kepala sekolah. …………………………………………………………………………………….. 10. Apa sampeyan sampun nyambut damel dados guru basa Jawa? …………………………………………………………………………………….

F. Penilaian Hasil Belajar Jawaban dan Pedoman Penilaian soal B

1. Menapa kala wingi Bu Tanti sios mundhut wos dhateng peken. 2. Menawi kersa, panjenengan samangke badhe kula caosi buku waosan basa Jawi 3. Jampinipun “beras kencur” kaliyan madu, salajengipun dipununjuk sedinten kaping tiga. 4. Astanipun panjenengan menawi ngginakaken binggel menika, wah…..sae sanget 5. Mbenjing panjenengan nyuwun dipunwungukaken tabuh pinten? 6. Manga pinarak mriki, bakminipun dipunkedhapi 7. Eyang putri kecohipun abrit, amargi ngganden 8. Jisimipun dipunsarekaken sedalu, ngrantosi konduripun putra kakung 9. Buku gambaripun Tono dipunpendhet Bu Siti salajengipun dipuncaosaken dhateng bapak kepala sekolah 10. Menapa panjenengan sampun ngasta dados guru basa Jawi? Setiap kata diberi nilai 1 Total skor maksimal 65 Skor yang diperoleh x 100 = total skor Skor maksimal Mengetahui Magelang, 26 Juli 2016 RENCANA PELAKSANAAN PEMBALAJARAN Nama Sekolah : SMP Negeri 10 Magelang Mata Pelajaran : Bahasa, Sastra, dan Budaya Jawa Kelas Semester : IX Ganjil Pertemuan Ke : 2 Alokasi Waktu : 2 x 40 menit Standar Kompetensi : Mengungkapkan pikiran, gagasan, perasaan dalam bentuk menyampaikan pesan dan himbauan secara langsung Kompetensi Dasar : Menyampaikan pesan informasi sacara lisan dengan tembung camboran secara baik dan benar. Indikator : 1. Siswa mengerti apa yang disebut tembung camboran 2. Siswa mampu mengenali jenis tembung camboran 3. Siswa mampu menjawab soal tembung camboran

A. Tujuan Pembelajaran

1. Siswa dapat mengerti apa yang disebut tembung camboran 2. Siswa dapat mengenali jenis tembung camboran 3. Siswa dapat menjawab soal tembung camboran

B. Materi Pembelajaran TEMBUNG CAMBORAN

Tembung camboran yaiku tembung loro uatwa luwih kang dijejerke, nanging mung nduweni teges siji. Tembung camboran dibedakake dadi loro yaiku : 1. Tembung camboran wutuh 2. Tembung camboran tugel