Cariyos Panji GEGARANING TEORI

50

BAB III METODE PANALITEN

A. Jinising panaliten

Panaliten menika ngginakaken jenis panaliten deskriptif kualitatif . Panaliten deskriptif inggih menika panaliten ingkang gadhah ancas damel gambaran ngengingikahanan-kahanan utawi prastawa-prastawa. Panaliten kualitatif inggih menika salah satunggalipun jenis panaliten ingkang ngandharaken kanthi runtut bab menapa kemawon ingkang dipuntaliti. Dados panaliten deskriptif kualitatif inggih menika panaliten ingkang nggambaraken saha ngandharaken kawontenan ing salebetipun karya sastra menika kanthi runtut ngengingi bab menapa kemawon ingkang dipuntaliti. Panaliten deskriptif kualitatif menika gadhah ancas damel deskripsi utawi gambaran kanthi sistematis , faktual saha akurat ngengingi fakta saha sifat- sifatipun sumber data . Panaliten menika gadhah ancas ngandharaken unsur-unsur intrinsik ing salebetipun cariyos rakyat kanthi irah-irahan Panji Jayeng Tilam anggitanipun Ignatia Sri Sumirah. Panaliten menika katindakaken kanthi pendekatan objektif. Pendekatan objektif inggih menika pendekatan ingkang naliti satunggalipun karya sastra menika minangka satunggalipun unsur ingkang otonom Widayat, 2005: 38.Pendekatan menika gegayutan kaliyan analisis struktural ing salebetipun cariyos rakyat kanthi irah-irahan Panji Jayeng Tilam anggitanipun Ignatia Sri Sumirah menika. Analisis struktural menika nengenaken analisis struktur saha sistem gegayutan kaliyan unsur-unsur ingkang mbentukkarya sastra menika Widayat, 2005: 41. B. Fokus Panaliten Fokus panaliten menika inggih menika strukturalisme ingkang wonten ing salebetipun cariyos rakyat kanthi irah-irahan Panji Jayeng Tilam anggitanipun Ignatia Sri Sumirah. Salajengipun, data-data kasebat dipun- analisis supados saged dipunmangertosi hasil ingkang jumbuh kaliyan fokus panaliten. Data-data menika dipunkempalaken saking proses maos saha nyathet bilih ing salebetipun cariyos rakyat kanthi irah-irahan Panji Jayeng Tilam menika wonten unsur-unsur intrinsik ingkang jumbuh kaliyan fokus panaliten. C. Subjek saha Objek Panaliten 1. Subjek panaliten Subjek panaliten menika ingkang dados sumber data primer inggih menika cariyos rakyat kanthi irah-irahan Panji Jayeng Tilam anggitanipun Ignatia Sri Sumirah wonten ing salebetipun kalawarti Djaka Lodang tahun 2009, kanthi isi 42 halaman. Cariyos menika dipunterbitaken ing salebetipun wekdal 3 wulan wulan September, Oktober, saha November.Cariyos rakyat menika sae sanget dipundadosaken waosan kangge paring wawasan ngengingi salah satunggalipun karya sastra mliginipun versi cariyos rakyat, inggih menika cariyos rakyat kanthi irah-irahan Panji Jayeng Tilam.Subjek panaliten ingkang dados sumber datasekunder inggih menika buku-buku teori utawi acuan ingkang dipunginakaken ing salebetipun panaliten menika.